Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 46 >> 

1Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Gapura plataran njero sing madhep ngétan kudu ditutup sajroné nem dina, dina nyambut-gawé, nanging ing dina Sabbat lan ing dina Riaya Sasi Anyar kudu dibukak.

2Raja mlebuné kudu liwat plataran njaba, banjur menyang kamar gedhé sing ana ing gapura, sarta ngadeg ing sacedhaké saka gapura, karo ngentèni para imam enggoné padha nyaosaké kurban obongan lan kurban keslametané raja. Ana ing gapura mau raja kudu nyembah sujud, banjur metu menèh. Lawangè gapura ora kena diinebaké nganti soré.

3Saben dina Sabbat lan dina Riaya Sasi Anyar kabèh wong kudu padha sujud marang Pangéran ana ing gapura kono.

4Ing dina Sabbat raja kudu saos kurban obongan marang Pangéran rupa wedhus gèmbèl wadon enem lan wedhus gèmbèl lanang siji, kabèh kudu tanpa cacad.

5Saben wedhus gèmbèl lanang siji kudu dibarengi nyaosaké kurban dhaharan rupa gandum pitulas setengah liter lan saben wedhus gèmbèl siji dibarengi nyaosaké apa waé sing kepéngin disaosaké. Saben saos kurban dhaharan mau kudu uga nyaosaké lenga zaitun telung liter.

6Ing dina Riaya Sasi Anyar raja kudu saos kurban rupa sapi lanang siji, wedhus gèmbèl nem, wedhus gèmbèl lanang siji, kabèh mau kudu tanpa cacad.

7Saben kurban sapi lanang siji lan wedhus gèmbèl lanang siji kudu dibarengi sesaosan manasuka. Saben kurban dhaharan kudu dibarengi sesaosan lenga zaitun telung liter.

8Yèn raja arep ninggal bangsalè gapura kono iya kudu metu dalan sing mau diliwati.

9Yèn umat Israèl manembah Pangéran ing dina riaya, yèn mlebuné liwat gapura Lor, baliné kudu metu gapura Kidul. Aja ana wong sing metuné liwat ing gapura sing wis diliwati nalika mlebu.

10Raja tekané bareng karo umat, mengkono uga metuné.

11Ing dina-dina riaya lan ing dina-dina pèngetan sing wis ditemtokaké, kudu ana kurban dhaharan rupa gandum pitulas setengah liter kanggo saben sapi lanang siji utawa wedhus gèmbèl lanang siji, ditambahi menèh kanggo saben cempé dhaharan apa waé miturut lilaning atiné sing saos kurban. Saben kurban dhaharan kudu dibarengi lenga zaitun telung liter.

12Yèn raja arep nyaosaké kurban mirunggan marang Pangéran, embuh kurban obongan utawa kurban keslametan, gapura plataran njero kudu diwengakaké. Kurban sing disaosaké mau padha karo kurban sing disaosaké ing dina Sabbat. Yèn raja wis metu, lawanging gapurané kudu ditutup menèh."

13Pangéran ngandika mengkéné, "Saben ésuk raja kudu nyaosaké kurban obongan konjuk ing Pangéran rupa cempé wedhus gèmbèl sing umur setaun lan tanpa cacad. Kurban mau kudu kasaosaké saben dina.

14Semono uga raja saben ésuk kudu nyaosaké kurban dhaharan rupa glepung gandum patang kilogram lan lenga zaitun saliter kanggo ngulet glepungé. Prenatan iki katetepaké kanggo ing selawasé!

15Kurban cempé, glepung gandum lan lenga zaitun mau kudu kasaosaké saben dina terus-terusan."

16Pangéran Kang Mahakwasa dhawuh mengkéné, "Samasa raja masrahaké palemahané sapérangan kanggo anaké minangka ganjaran, palemahan mau dadi duwèké anak mau.

17Nanging yèn raja mènèhaké sapéranganing palemahané marang abdiné, banjur dadi duwèké abdi mau, nganti tekan Taun Pangluwaran. Palemahan mau banjur bali marang raja menèh. Mung para putraning raja sing kena nduwèni palemahané raja dadi warisané.

18Raja ora kena njupuk palemahan duwèké rakyat lan ndarbèki tanah mau. Saben palemahan sing diwènèhaké marang anak-anaké kudu saka pandumané raja dhéwé, lan raja mau ora nindhes umat-Ku."

19Aku banjur digawa wong lanang mau menyang kamar-kamar sing papané ing saloré pasucèn, liwat lawang ing sandhingé gapura plataran njero sing sisih Kidul. Kuwi kamar-kamar suci kanggo para imam. Aku dituduhi papan sakuloné kamar-kamar mau,

20kandhané, "Iki panggonané para imam padha nggodhog dagingé kéwan sing dienggo kurban pangruwaté dosa, utawa kurban dhendha, lan panggonané gawé roti saka glepung gandum sing kasaosaké. Lan ora ana barang suci sing digawa metu menyang plataran njaba, nganti nekakaké paukuman marang umat."

21(46:21-22) Aku banjur digawa menyang plataran njaba lan dituduhaké yèn saben pojoké plataran mau ana platarané cilik sing dawané rong puluh mèter lan ambané limalas mèter.

22(46:21)

23Saben plataran mau dikubengi témbok, lan ana pawoné sing nèmplèk karo témbok mau.

24Wong mau kandha karo aku, "Pawon-pawon iki panggonané para peladèné Pasucèn padha nggodhog dagingé kéwan sing disaosaké umat kanggo kurban konjuk marang Pangéran."



 <<  Yehezkiel 46 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel