Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 5 >> 

1Pangandikané Pangéran mengkéné, "Hé manungsa sing apes, njupuka pedhang sing landhep, nuli cukuren jénggot lan rambutmu kabèh. Rambut mau timbangen, banjur dumen dadi telu.

2Sapratelon obongen ana ing kutha samasa pangepungé kutha wis rampung. Sapratelon menèh kethok-kethoken nganggo pedhang karo mlaku-mlaku ana ing sanjabané kutha. Sing sapratelon menèh awut-awuten, supaya kabur kanginan, lan kuwi bakal Dakbabad nganggo pedhang.

3Nyisihna rambut sethithik, buntelen ing poncoting jubahmu.

4Banjur njupuka rambut sethithik menèh, buwangen ing geni, karebèn kobong kabèh. Saka ing kono bakal metu geni, sing ngobong wong Israèl kabèh."

5Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa, "Sawangen kutha Yérusalèm. Kutha kuwi Dakpapanaké ana ing satengahé bumi, dikubengi negara-negara liyané.

6Nanging Yérusalèm wis nglawan dhawuh-dhawuh-Ku, malah ngétokaké alané, ngungkuli pialané bangsa-bangsa sakubengé. Yérusalèm wis nampik préntah lan suthik netepi dhawuh-dhawuh-Ku.

7Mulané, hé Yérusalèm, rungokna pangandika-Ku, Pangéran Kang Mahakwasa. Sarèhné kowé ora netepi dhawuh-Ku lan suthik nglakoni préntah-Ku ngungkuli para bangsa liyané, malah kowé nganut adat-tatacarané bangsa-bangsa sakubengmu,

8mulané Aku, Pangéran Kang Mahakwasa, bakal dadi mungsuhmu. Kowé bakal Daktibani paukuman ana ing ngarepé bangsa-bangsa.

9Merga saka penggawé-penggawéné sing Daksengiti, Yérusalèm bakal Dakukum nganggo paukuman sing durung tau Daktindakaké utawa sing ora bakal Daktindakaké menèh.

10Mula para wong tuwa ing Yérusalèm bakal padha mangan anaké dhéwé lan anak bakal mangan wong tuwané dhéwé. Kowé bakal Dakukum lan sing kari urip bakal Dakbuyaraké ing kéblat papat.

11Aku iki Allah kang gesang. Aku Allah Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, ‘Sarèhné kowé wis padha gawé najisé Pedaleman-Ku nganggo sakèhé déwamu lan kanisthan sing koklakoni, kowé bakal Dakrubuhaké. Aku bakal ora ngéman lan ora bakal maringi kawelasan.

12Saprateloné wongmu bakal mati merga saka pageblug lan kaliren ana ing kutha. Sapratelon bakal mati déning pedhang ana ing sanjabané kutha. Sapratelon liyané bakal Dakawut-awut sumebar ing kéblat papat, sarta Dakoyak nganggo pedhang.’

13Kowé bakal padha ngrasakaké paukuman-Ku sakatogé. Yèn kuwi mau kabèh wis kelakon, kowé lagi bakal padha ngerti, yèn Aku, Pangéran sing ngandika marang kowé sajroning paukuman-Ku, saka bentèring penggalih-Ku merga enggonmu laku sèdhèng.

14Saben wong manca sing liwat bakal ngala-ala lan ngedohi kowé.

15Samasa Aku ngesokaké paukuman-Ku marang kowé, bangsa-bangsa sakiwa-tengenmu saka girisé bakal padha gemeter. Kowé bakal dianggep najis lan dipoyoki déning para bangsa.

16Panganmu bakal Dakcelet, nganti kowé bakal padha kaliren. Kaya landhepé panah sing nembus awakmu, mengkono enggonmu ngrasakaké perihé wong kaliren.

17Aku bakal nekakaké paceklik lan kéwan galak sing bakal matèni anak-anakmu, semono uga nekakaké pageblug, pangrodha-peksa lan perang sing matèni kowé. Mengkono pangandikané Pangéran."



 <<  Yehezkiel 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel