Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 7 >> 

1Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

2"Hé manungsa sing apes, Aku, Pangéran Kang Mahakwasa ngandika marang wong Israèl mengkéné, ‘Wis tekan akiré satanah Israèl kabèh!’"

3"Hé Israèl, kowé wis tekan ing wekasanmu! Kowé bakal ngrasakaké aboting paukuman-Ku, merga kowé Dakukum timbang karo penggawému. Kowé bakal Dakwales timbang karo penggawému sing najis.

4Aku bakal ora melasi kowé babar-pisan. Nanging sakèhé penggawému sing najis bakal Dakukum, nganti kowé bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran."

5Mengkéné pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa, "Kasangsaran bakal nekani kowé gilir-gumanti.

6Wis rampung kabèh. Mengkéné iki wekasané.

7Kanggoné kowé wong sing padha manggon ana ing tanah kéné wis tekan wektuné. Ora suwé menèh bakal ora ana kraméan ana ing papan-papan kanggo nyembah brahala, anané mung padha bingung.

8Sedhéla menèh kowé bakal ngrasakaké aboting paukuman-Ku. Kowé Dakadili miturut penggawému. Kowé bakal Dakwales manut sakèhé penggawému sing najis.

9Kowé bakal ora Dakéman utawa Dakwelasi. Kowé bakal Dakukum manut penggawému sing najis, supaya kowé ngerti yèn Aku iki Pangéran, sing ngukum kowé."

10Dinaning kasangsaran kanggo Israèl wis teka. Rerusuh kedadéan ana ing ngendi-endi. Piangkuh tuwuh ngambra-ambra.

11Kekerasan nekakaké piala werna-werna. Barang-darbèké ora ana sing kari, raja-branané, kaluhurané lan kamulyané kabèh entèk.

12Wis tekan wektuné. Wis tekan dinané dol-tinuku ora ana gunané, merga paukumané Pangéran bakal nekani saben wong tanpa mbédak-mbédakaké.

13Para sudagar cendhak umuré, nganti wong mau mati sadurungé pulih bandhané, merga paukumané Pangéran nekani saben wong. Wong ala bakal ora lestari urip.

14Slomprèté muni, lan saben wong padha siap. Nanging bakal ora ana wong sing mangkat perang, sebab Allah piyambak sing bakal ngukum saben wong, tanpa mbédak-mbédakaké, kabèh padha.

15Ing sedalan-dalan ana perang, ing omah-omah ana lelara lan kekurangan pangan. Saben wong sing ngungsi metu saka negara padha mati kena pedhang, lan saben wong sing ana ing njero kutha padha mati merga lara lan kaliren.

16Ana sing padha ngungsi ing pegunungan, kaya manuk dara sing wedi ana ing tanah ngaré. Wong kabèh mau bakal padha sesambat nggetuni dosané.

17Tangané padha dadi lemes lan dhengkulé padha gemeter.

18Wong padha nganggo bagor lan kabèh padha wedi lan gemeter, sirahé digundhuli lan padha digawé wirang.

19Emas lan slakané padha dibuwangi ana ing dalan-dalan kaya uwuh. Merga slaka lan emas ora bisa ngluwari wong-wong mau samasa Pangéran nekakaké paukumané. Ora kena kanggo nuruti pepénginané utawa maregi wetengé. Emas lan slaka ndadèkaké sandhungan sing njalari wong tumiba ing dosa.

20Biyèn wong padha gemunggung merga duwé raja-brana éndah akèh, nanging raja-brana mau padha digawé reca ukir-ukiran sing najis. Yakuwi sing dadi jalarané wong-wong mau padha ditampik déning Pangéran.

21Pangandikané Pangéran, "Aku bakal nekakaké bangsa-bangsa liya ngrampas barang darbèké lan wong ala bakal njarah-rayah raja-branané digawé najis.

22Yèn Pasucèn-Ku sing aji kuwi disepèlèkaké ora bakal Dakalang-alangi, semono uga yèn dijarah-rayah lan dinajisaké.

23Samubarang bakal semrawut. Tanah kono bakal kebak wong sing padha patèn-patènan lan kutha-kutha bakal kebak panganiaya.

24Bangsa-bangsa sing ala dhéwé bakal Daktekakaké mréné ngenggoni omah-omahmu. Wong-wongmu sing rosa dhéwé bakal ora wani menging, samasa bangsa-bangsa kapir padha najisaké papan-papan sing kokenggo ngibadah.

25Wong kabèh bakal padha semplah atiné, kowé bakal padha golèk slamet, nanging ora bakal olèh.

26Cilaka gilir-gumanti bakal nekani kowé, mengkono uga pawarta ala bakal ora pedhot-pedhot. Kowé bakal njaluk para nabi medharaké wahyu. Nanging imam-imam ora duwé piwulang, sarta para wong tuwa padha ora bisa awèh pamrayoga.

27Ratu bakal nandhang sedhih, para penggedhé bakal ora duwé pengarep-arep menèh, lan rakyat bakal gemeter saka wediné. Kowé bakal Dakukum merga sakèhé piala sing wis koklakoni, lan bakal Dakwales kaya tumindakmu marang wong liya. Kuwi supaya wongé ngertia, yèn Aku iki Pangéran."



 <<  Yehezkiel 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel