Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 9 >> 

1Aku banjur krungu Pangéran ngandika sora mengkéné, "Mrénéa, wong-wong sing bakal padha ngukum kutha iki. Padha nggawaa gegaman."

2Sanalika ana wong lanang nem teka saka gapura sing sisih Lor, saben wong nggawa gegaman. Wong-wong mau dibarengi wong siji sing nganggo jubah léna nggawa piranti kanggo nulis. Wong mau kabèh banjur padha mlebu lan ngadeg ing sacedhaké mesbèh prunggu.

3Ing kono pepadhangé Pangéran Allahé Israèl sing mblerengi jumedhul saka para makluk sing nganggo swiwi, merga pepadhang mau panggonané ana ing kono. Saka kono banjur mlebu ing Pedalemané Allah. Pangéran banjur nimbali wong sing nganggo jubah léna, dingandikani mengkéné,

4"Kowé mlakua ing satengahé kutha Yérusalèm. Saben wong sing sedhih lan prihatin merga sakèhé kanisthan sing kelakon ana ing kutha kéné bathuké wènèhana tenger aksara T."

5Marang wong-wong liyané aku krungu Pangéran dhawuh, "Ngetutna wong kuwi ndlajahi kutha, matènana. Aja ana sing kokéman, aja ana sing kokwelasi.

6Wong tuwa, wong nonoman, prawan, ibu-ibu lan bocah-bocah, kabèh patènana. Nanging sing nganggo tenger aksara T lan bathuké aja kokgepok. Wiwitana saka Pedalemané Allah kéné." Dadi sing dipatèni dhisik para pemimpin sing padha ngadeg ana ing Pedalemané Allah.

7Pangandikané Pangéran, "Pedalemané Allah kuwi gawénen najis. Platarané kebakana jisim-jisim. Wis, tindakna!" Banjur padha wiwit matèni wong-wong sing ana ing kutha kono.

8Nalika padha matèni wong-wong mau aku ana ing kono dhèwèkan. Aku banjur sujud sumungkem karo matur sora, "Dhuh Pangéran, menapa semanten mulading duka Paduka, ngantos badhé mejahi kekantunaning Israèl sedaya?"

9Wangsulané Pangéran, "Wong Israèl lan Yéhuda padha gawé dosa sing njijiki banget. Padha gawé pepati rata satanah kabèh lan Yérusalèm wis kebak piala. Padha kandha, yèn tanah iki wis Daktinggal, mula Aku wis ora pirsa apa sing padha dilakoni.

10Mulané wong-wong kuwi bakal ora Dakwelasi. Bakal padha Dakwales, kaya enggoné males wong liya."

11Wong sing nganggo jubah léna teka lapur marang Pangéran, "Dhawuh Paduka sampun kawula lampahi."



 <<  Yehezkiel 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel