Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 1 >> 

1Kitab iki isi pangandikané Yérémia bin Hilkia. Hilkia kuwi imam ing kutha Anatot, tanah Bènyamin.

2Nalika Yosia bin Amon enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak telulas tauné, Allah ngandika marang Yérémia,

3lan ngandika menèh nalika Yoyakim bin Yosia jumeneng raja. Sawisé kuwi kerep ngandika marang Yérémia, nganti Zedekia bin Yosia enggoné jumeneng raja nyandhak taun kaping sewelasé. Ing taun mau, yakuwi sasi kaping lima, wong Yérusalèm padha kabuwang menyang Babil.

4Pangandikané Pangéran marang aku,

5"Kowé Dakpilih sadurungé kowé ana. Sadurungé lair kowé wis Dakpilih dadi nabi kanggo bangsa-bangsa."

6Unjukku, "Dhuh Allah Ingkang Mahakwasa, kawula mboten saged wicanten, margi kawula taksih nèm."

7Nanging Pangéran ngandika marang aku, "Kowé aja kandha yèn isih nom, nanging kowé maranana wong-wong sing kudu koktemoni atas dhawuh-Ku; wong-wong iki kandhanana sakèhé dhawuh sing Dakparingaké marang kowé.

8Aja wedi karo wong-wong mau, sebab Aku nganthi kowé lan bakal mitulungi kowé. Aku, Pangéran wis ngandika!"

9Allah nuli mulung astané, lambéku didumuk, sarta pangandikané marang aku, "Tembung kang kudu kokucapaké, Dakparingaké ana ing ilatmu.

10Ing dina iki kowé Dakparingi kwasa tumrap para bangsa lan kraton-kraton, Dakdhawuhi mbedholi lan mbubrahi, ngrusak lan nggempur, sarta mbangun lan nandur."

11Pangéran ndangu, "Yérémia, kowé weruh apa?" Aturku, "Kawula sumerep pangipun wit sakèd."

12Pangandikané Pangéran, "Bener, sebab Aku wis siaga nindakaké apa sing Dakdhawuhaké!"

13Pangéran ngandika menèh, "Kowé ndeleng apa menèh?" Aturku, "Kawula sumerep wonten cèrèt ingkang toyanipun umob, ing sisih Lèr badhé lubèr mengidul."

14Pangandikané Pangéran, "Bakal ana bebaya saka Lor nekani sakèhé wong sing manggon ana ing tanah kéné.

15Sebab Aku nimbali bangsa-bangsa ing sisih Lor supaya padha teka mréné. Para rajané bakal padha mapanaké dhamparé dhéwé-dhéwé ana ing ngarep gapurané Yérusalèm lan sakubengé bètèngé; kutha-kutha liyané ing Yéhuda iya dikepung kaya mengkono.

16Umat-Ku bakal Dakukum merga wis padha nglakoni dosa. Wis padha ninggal Aku lan padha gawé kurban kanggo nyembah allah-allah liyané, sarta padha sujud marang reca ukir-ukiran gawéané dhéwé.

17Yérémia, kowé tata-tataa, umat kuwi paranana lan kandhakna sakèhé prekara sing Dakdhawuhaké marang kowé. Kowé aja wedi karo wong-wong mau; yèn ora, kowé dhéwé bakal Dakgawé geter ana ing ngarepé wong-wong kuwi.

18(1:18-19) Rungokna, Yérémia! Saben wong ing tanah kéné bakal nglawan marang kowé: para rajané, para pegawé, para imam, lan rakyat kabèh. Nanging ing dina iki kowé Dakparingi pangwasa nanggulangi panglawané; kowé Dakdadèkaké bètèng sing sentosa, saka guru wesi lan témbok tembaga. Kowé bakal ora dikalahaké, sebab Aku nganthi kowé lan mitulungi kowé. Aku, Pangéran wis ngandika."

19(1:18)



 <<  Yeremia 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel