Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 11 >> 

1Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

2"Kowé ngrungokna surasané janji iki. Lan iki dhawuhna marang para wong ing Yéhuda lan wong-wong sing padha manggon ana ing Yérusalèm,

3yèn Aku Pangéran Allahé Israèl bakal nibakaké paukuman marang saben wong sing ora netepi surasané Prejanjian kuwi.

4Prejanjian kuwi Dakanakaké karo para leluhuré nalika Dakirid metu saka tanah Mesir. Yakuwi tanah sing kanggoné Israèl kaya pawon paleburan wesi. Wong-wong mau Dakdhawuhi supaya padha mbangun-turut karo Aku lan netepi sakèhé dhawuh-dhawuh-Ku. Yèn padha mbangun-turut bakal dadi umat-Ku lan Aku dadi Allahé.

5Aku bakal netepi janji-Ku marang para leluhuré, yakuwi Dakparingi tanah sing subur lan makmur kaya sing padha dienggoni saiki." Unjukku, "Inggih, Gusti."

6Pangandikané Pangéran marang aku, "Pangandika iki kabèh dhawuhna marang kutha-kuthané Yéhuda lan wartakna ana ing dalan-dalan ing Yérusalèm. Kandhakna mengkéné, ‘Kowé padha ngrungokna surasané prejanjian iki lan padha tetepana.’

7Nalika para leluhuré Dakentas saka tanah Mesir wis Dakweling kanthi banget supaya padha mbangun-turut marang Aku, lan weling-Ku mau ora kendhat-kendhat Dakambali tekan sepréné.

8Nanging wong-wong mau ora padha ngrungokaké lan ora padha mbangun-turut. Saben wong tetep mangkotaké atiné lan nglakoni piala kaya sing uwis-uwis. Padha Dakdhawuhi netepi Prejanjian, nanging ora ngèstokaké. Mulané nuli Dakdhawahi paukuman sing kasebut ana ing Prejanjian mau."

9Pangéran nuli ngandika marang aku, "Para wong ing Yéhuda lan wong-wong sing padha manggon ing Yérusalèm padha rujuk arep nglawan Aku.

10Ateges wong-wong mau padha mbalèni durakané para leluhuré, sing iya padha emoh nggatèkaké dhawuh-dhawuh-Ku. Malah banjur padha nyembah allah-allah liyané. Turuné Israèl lan turuné Yéhuda wis padha nglanggar Prejanjian sing Dakgawé karo para leluhuré.

11Mulané saiki padha Dakpituturi yèn Aku bakal nekakaké karusakan, lan wong-wong ora bakal bisa oncat. Samasa padha sesambat marang Aku, Aku bakal ora miyarsakaké.

12Wong-wong Yéhuda lan Yérusalèm mau bakal padha marani allah-allahé sing padha disembah, karo nggawa sesajèn lan kurban. Ana ing kono padha nangisi brahala-brahalané njaluk pitulungan. Nanging brahala-brahala mau bakal ora bisa awèh pitulungan.

13Brahalané wong-wong ing Yéhuda kuwi cacahé padha karo cacahé kutha-kutha sing ana ing Yéhuda, lan para penduduké kutha Yérusalèm padha ngedegaké mesbèh kanggo Baal sing nistha mau, cacahé padha karo cacahé lurung ing kutha kono.

14Mulané, Yérémia, kowé aja ndongakaké bangsa iki, lan aja koksuwunaké apa-apa marang Aku. Yèn padha ketekan bebaya lan sesambat marang Aku, mesthi ora bakal Dakpiyarsakaké."

15Pangandikané Pangéran, "Umat sing Daktresnani padha nindakaké penggawé ala. Apa gunané padha mlebu ing Pasucèn-Ku? Apa dikira bisa ngedohaké bebaya srana ngucapaké janji-janji lan srana saos kurban? Apa srana mengkono bakal olèh kabungahan?

16Dhèk biyèn umat kuwi tau Daksebut: wit zaitun sing ngrembuyung, kebak woh sing éndah. Nanging saiki kalawan swara gemuruh godhongé bakal Dakobong lan pang-pangé Daksempali.

17Aku, Pangéran Kang Mahakwasa, sing nandur Israèl lan Yéhuda; nanging saiki Dakancam arep Daksirnakaké. Enggoné ketaman mengkono mau merga saka penggawéné dhéwé sing ala, yakuwi padha gawé kurban kanggo nyembah marang Baal, nganti memungu bebendu-Ku."

18Pangéran wis maringi pirsa marang aku yèn mungsuh-mungsuhku padha ngrancang ngarah patiku.

19Aku iki presasat cempé lulut sing dijupuk arep disembelèh, mangka aku ora ngerti yèn rancangané sing ala kuwi ditujokaké marang aku. Ujaré mengkéné, "Ayo wité padha ditegor, mumpung isih seger. Wongé kita patèni waé, supaya aja ana sing éling menèh marang jenengé."

20Aku banjur ndedonga marang Pangéran, "Dhuh Allah Ingkang Mahakwasa. Paduka menika hakim ingkang adil, ingkang ndadar telenging batos lan manah. Prekawis kawula menika kawula pasrahaken ing asta Paduka. Mugi kawula saged ningali tumindaking pemales Paduka dhateng tiyang-tiyang menika."

21Wong-wong Anatot padha ngancam arep matèni aku, yèn aku nerusaké enggonku martakaké pangandikané Allah.

22Pangéran Kang Mahakwasa nuli ngandika, "Wong-wong Anatot bakal Dakukum! Wongé nonoman bakal padha mati ana ing peprangan. Anak-anaké bakal padha mati kaliren.

23Aku wis netepaké wektuné wong-wong Anatot mau padha ketekan ing bebaya. Lan yèn tekan wektuné ora ana wong Anatot siji waé sing kari urip."



 <<  Yeremia 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel