Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 12 >> 

1Dhuh Pangéran, saupami kawula paben kaliyan Paduka, mesthi Paduka ketitik leres. Namung keparenga kawula matur bab prekawis keadilan. Kénging menapa tiyang awon sami subur? Tiyang mboten jujur sami ketrimah gesangipun?

2Tiyang-tiyang menika Paduka tanem, lajeng sami ngedalaken oyod, sami tuwuh sarta ngedalaken woh. Tiyang-tiyang wau sami ngalem Paduka, senajan sejatosipun mboten sami maèlu dhateng Paduka.

3Nanging, dhuh Allah, Paduka tepang kaliyan kawula, pirsa menapa ingkang kawula tindakaken, pirsa ugi bilih kawula tresna dhateng Paduka. Tiyang-tiyang menika mugi Paduka gèrèd medal kados ménda ingkang badhé kapragat; mugi Paduka simpen ngantos dumugi wekdalipun dipun sembelèh.

4Ngantos pinten dangunipun tanah kawula garing, lan rumput-rumput sami alum? Kéwan lan peksi sami pejah margi saking durakanipun bangsa kawula. Inggih menika tiyang-tiyang ingkang sami mungel, "Gusti Allah ora pirsa sing kita lakoni."

5Pangandikané Pangéran, "Yérémia, yèn kowé balapan karo wong waé wis kesel, kepriyé bisamu balapan karo jaran? Yèn ana ing negara sing tentrem waé kowé wis rumangsa ora aman, méndahané menèh yèn kowé ana ing alas gedhé ing Yardèn?

6Sedulur-sedulurmu tunggal bapa-biyung wis ngapusi kowé sarta padha mèlu nglawan kowé. Yèn ana tembungé manis marang kowé, aja kokgugu!"

7Pangéran ngandika mengkéné, "Israèl wis Daktinggal; umat pilihan-Ku wis Daktampik. Umat sing Daktresnani wis Dakulungaké marang mungsuh-mungsuhé.

8Bangsa sing Dakpilih wis nyingkur Aku; kaya singa ing alas, mengkono enggoné padha nyenggrang marang Aku. Mulané Daksengiti.

9Umat pilihan-Ku kuwi kaya manuk, sing diserang déning manuk alap-alap saka ngarep lan saka mburi. Kéwan-kéwan galak padha undangen, supaya teka mèlu pésta!

10Akèh raja-raja ngamanca padha teka ngrusak kebon anggur-Ku; padha ngidak-idak palemahan-Ku, mula tanah-Ku sing éndah dadi mosak-masik.

11Tanah mau dadi ara-ara samun sing marahi ngenes lan suwung ana ing ngarsa-Ku. Satanah wrata dadi ara-ara sing bera, ora ana sing nggarap.

12Tanah mau ketekan rampog-rampog sing tekané ngliwati punthuk-punthuk gundhul lan segara wedhi. Aku nekakaké perang sing ngrusak satanah kono kabèh, nganti ora ana wong sing urip kanthi tentrem.

13Umat-Ku padha nyebar gandum, nanging ngenèni rerungkudan. Padha nyambut-gawé keras, nanging ora olèh apa-apa. Merga saka banteré bebendu-Ku panèn-panèn padha wurung."

14Pangandikané Pangéran, "Bangsa-bangsa tangga-teparoné Israèl wis padha ngrusak tanah sing Dakparingaké marang umat Israèl. Bangsa-bangsa sing gawé piala bakal Dakpundhut saka tanahé, kaya tanduran sing dibedhol, supaya Yéhuda bisa luwar saka bangsa-bangsa mau.

15Nanging sawisé mengkono Aku bakal melasi bangsa-bangsa mau, lan bakal Dakbalèkaké menyang tanahé dhéwé-dhéwé menèh.

16Yèn bangsa-bangsa mau gelem ngrasuk agamané bangsa-Ku kalawan gumolonging ati lan gelem supata demi asmané Allah kang gesang !!— kaya biyèn enggoné muruki bangsa-Ku supata demi jenengé Baal !!— bangsa-bangsa mau bakal kepétung dadi umat-Ku lan bakal padha Dakberkahi.

17Nanging yèn ana bangsa sing ora mbangun-turut, bakal Dakbedhol saoyod-oyodé sarta Daktumpes. Aku, Pangéran wis ngandika."



 <<  Yeremia 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel