Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 13 >> 

1Aku didhawuhi Pangéran tuku sabuk léna lan nganggo sabuk mau ing lambungku, nanging aja nganti dakcelup ing banyu.

2Aku banjur lunga tuku sabuk, lan sabuké dakenggo.

3Pangéran nuli ngandika menèh,

4"Lungaa menyang Bengawan Éfrat lan sabuké dhelikna ana ing sela-selaning parang."

5Aku banjur mangkat lan sabuké dakdhelikaké ana ing sacedhaké Bengawan Éfrat.

6Let sawetara dina aku didhawuhi Pangéran bali menyang Bengawan Éfrat menèh njupuk sabuké.

7Dadi aku mrana menèh, nanging bareng dakdhudhah sabuk sing daksimpen ana ing kana mau jebul wis rojah-rajèh (suwèk), nganti wis ora kena dienggo menèh.

8Pangéran banjur ngandika menèh,

9"Mengkéné iki enggon-Ku bakal damel rojah-rajèh merga piangkuhé Yéhuda lan piangkuhé Yérusalèm.

10Bangsa ala iki wegah ngrungokaké pangandika-Ku. Atiné wangkal lan selawasé ala. Padha manut allah liyané, banjur dibektèni lan disembah-sembah. Mulané bakal padha kaya sabuk iki sing wis ora ana gunané babar-pisan.

11Kaya upamané sabuk kraket ing lambungé wong, mengkono kersa-Ku supaya wong Yéhuda lan wong Israèl padha kraket karo Aku. Srana mengkono umat mau dadi kagungan-Ku sing memuji lan ngluhuraké asma-Ku. Nanging wong-wong mau padha ora mbangun-turut marang Aku."

12Gusti Allah ngandika menèh karo aku, "Yérémia, kandhaa karo umat Israèl yèn saben guci kudu diisèni anggur nganti kebak. Wong-wong mau bakal mangsuli yèn saben guci wis diisèni anggur.

13Banjur kandhaa yèn Aku, Pangéran, bakal maringi ngombé anggur nganti padha mendem, yakuwi raja-raja turuné Dawud, para imam, para nabi lan wong kabèh sing ana ing Yérusalèm.

14Nanging wong-wong mau tuwa-enom banjur bakal padha Dakjeblèsaké siji karo sijiné, nganti padha remuk kabèh. Aku bakal ora maringi palimirma utawa welas, kabèh bakal Dakpatèni."

15Hé wong Israèl, Gusti Allah wis ngandika! Padha ngasorna badanmu lan ngrungokna pangandikané.

16Urmatana Pangéran, Allahmu, sadurungé Panjenengané nekakaké pepeteng. Lan kowé padha kejlungup ana ing pegunungan; sadurungé Panjenengané malik pepadhang sing kokarep-arep, dadi pepeteng lelimengan.

17Yèn kowé ora gelem ngrungokaké, aku bakal nangis karo dhelikan, nangisi piangkuhmu. Aku bakal nangis kelara-lara lan eluhku bakal trocosan, merga umaté Pangéran bakal kabuwang, kairid lunga dadi wong tawanan.

18Pangandikané Pangéran marang aku, "Matura marang Sang Prabu lan ibuné, supaya padha medhun saka dhamparé, merga makuthané sing éndah bakal kapundhut saka mestakané.

19Kutha-kuthané Yéhuda sing sisih Kidul wis dikepung; ora ana sing bisa lolos. Wong-wong ing Yéhuda kabèh wis ditawan lan digawa lunga menyang pembuwangan."

20"Yérusalèm, delengen! Mungsuhmu wis teka, medhun saka tanah sisih Lor! Endi wong-wong sing diprecayakaké marang pangrumatmu, wong-wong sing kokegung-egungaké?

21Kowé arep muni kepriyé, yèn wong sing kokkira mitramu jebul nelukaké kowé lan njajah kowé? Apa kowé ora ngrasakaké lara kaya wong wadon sing lagi nglarani.

22Yèn kowé arep ngerti apa sebabé kowé nandhang sangsara sing mengkono mau, nganti sandhanganmu disuwèk-suwèk lan dirucat, kuwi merga saka pialamu sing wis sundhul langit.

23Wong cemani apa bisa salin kulit? Utawa macan tutul mbuwang tutulé? Yèn bisa, kowé sing seneng gawé dosa, iya bisa gawé becik.

24Kowé bakal disebar déning Allah kaya damèn kasebul ing anginé segara wedhi.

25Kuwi sing kapesthèkaké dadi nasibmu. Mengkono putusané Pangéran ing ngatasé kowé, merga kowé wis padha lali marang Panjenengané lan nganut allah-allah liyané, sing sejatiné dudu Allah.

26Allah piyambak sing bakal ngrucat sandhanganmu nganti katon kawiranganmu.

27Panjenengané pirsa enggonmu nindakaké prekara-prekara sing disengiti Panjenengané. Panjenengané pirsa enggonmu nyembah brahala ana ing punthuk-punthuk lan ing sawah-sawah, kaya wong lanang sing kepéncut marang bojoné tanggané, utawa jaran lanangan ngoyak jaran wadon. Hé wong Yérusalèm! Kowé wis diukum! Mbésuk kapan enggonmu arep dadi suci?"



 <<  Yeremia 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel