Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 16 >> 

1Pangéran ngandika menèh marang aku mengkéné,

2"Kowé aja rabi lan duwé anak ana ing panggonan iki.

3Kowé Dakkandhani apa sing bakal kelakon mungguh bocah-bocah sing dilairaké ana ing kéné lan wong tuwané.

4Kuwi bakal padha mati merga déning lelara sing nggegirisi, lan ora ana wong sing bakal nangisi utawa mendhem jisimé. Jisim-jisimé bakal katumpuk kaya uwuh ana ing lemah. Wong bakal padha dipatèni ana ing peprangan utawa merga saka kaliren. Jisimé bakal dadi pangané manuk-manuk lan kéwan galak."

5"Kowé aja layad ing omahé wong sing lagi kepatèn. Aja mèlu susah utawa béla-sungkawa. Bangsa iki wis ora Dakparingi berkah tentrem-rahayu, kadarman lan kawelasan.

6Wong sugih lan wong miskin karo-karoné bakal padha mati ora dipendhem, lan ora ana sing layad. Ora ana wong sing natoni awaké utawa nyukur rambuté kanggo nélakaké sedhihing atiné.

7Ora ana wong sing gelem mangan lan ngombé kanggo nglipur wong sing kepatèn kekasihé. Ora ana wong sing mèlu ngrasakaké sedhih karo wong sing kepatèn bapak utawa embokné."

8"Aja mlebu ing omahé wong sing lagi nganakaké pésta. Aja mèlu jagongan ing kono, mèlu mangan lan ngombé.

9Rungokna apa sing dingandikakaké déning Pangéran, Allahé Israèl, Kang Mahakwasa. Aku bakal nyirep sakèhing swaraning kabungahan lan sukan-sukan, sarta giyak-giyaké wong ana ing péstaning pengantèn. Umat iki bakal menangi kelakoné prekara iki mau kabèh."

10"Yèn kowé ndhawuhaké pangandika iki kabèh, wong-wong bakal padha takon, apa sebabé Pangéran ngukum umaté nganti semono aboté. Wong-wong bakal padha takon piala apa sing ditindakaké déning umaté, apa dosané marang Pangéran, Allahé.

11Nuli kandhaa yèn Allah wis ngandika mengkéné, ‘Para leluhurmu wis padha nyingkur Aku lan nyembah allah liyané. Padha ninggal Aku lan ora netepi piwulang-piwulang-Ku.

12Nanging piala sing koklakoni saiki kuwi luwih gedhé ketimbang karo dosané leluhurmu. Kowé kabèh padha mangkotaké atimu ana ing sajroning dosamu, merga padha ora netepi dhawuh-Ku.

13Mulané kowé bakal Daktundhung saka tanah kéné, menyang tanah sing ora tau kokngertèni utawa disumurupi déning para leluhurmu. Ana ing tanah kono kowé bakal nyembah marang allah-allah liyané rina lan wengi, merga Aku ora bakal melasi kowé menèh.’"

14Pangéran ngandika marang aku mengkéné, "Bakal ana wektuné umat sing ora supata demi asma-Ku, Allah kang sipat gesang, sing wis ngentas Israèl saka tanah Mesir.

15Bakal padha supata demi asma-Ku, Allah kang sipat gesang, sing wis ngluwari Israèl saka tanah Lor lan tanah-tanah liyané, panggonané umat mau Daksebar. Umat Israèl bakal Dakbalèkaké menèh ing tanahé dhéwé, sing Dakparingaké marang para leluhuré. Aku, Pangéran, sing ngandika."

16Pangéran ngandika menèh mengkéné, "Aku bakal nekakaké wong golèk iwak sing bakal njaring umat-Ku. Aku iya bakal nekakaké juru mbebedhag akèh bèn mburu lan matèni wong-wong sing padha manggon ana ing pegunungan, ing punthuk lan ing guwa-guwa sing ana ing selaning karang-karang.

17Tingal-Ku ngawasaké apa sing padha dilakoni kabèh. Ora ana prekara sing samar tumraping Aku. Dosa-dosané ora ana sing ilang saka paningal-Ku.

18Dosa lan durakané umat-Ku bakal Dakwales tikel-matikel, merga wis padha najisaké tanah-Ku srana brahala-brahala, barang sing mati kaya bathang. Tanah-Ku dikebaki brahala-brahala najis sing kaya mengkono mau."

19"Dhuh Pangéran, Paduka menika ingkang ngreksa lan paring kekiyatan dhateng kawula, saha paring pitulungan menawi kawula ngalami karupekan. Bangsa-bangsa badhé marek saking pungkasaning bumi sarta matur, ‘Para leluhur kawula sami mboten gadhah menapa-menapa kejawi allah-allah palsu, saha brahala-brahala ingkang tanpa gina.

20Menapa manungsa saged damel allah piyambak? Mboten, saupamia saged, allah wau Allah palsu.’"

21Pangéran ngandika, "Sepisan iki kanggo ing selawasé Aku bakal ngetingalaké kasektèn lan pangwasa-Ku, nganti padha weruh yèn Aku iki jumeneng Allah."



 <<  Yeremia 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel