Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 19 >> 

1Aku didhawuhi Pangéran tuku guci sing digawé saka lempung, karo ngajak para tuwa-tuwané umat lan para tuwa-tuwané imam sawetara,

2didhawuhi metu menyang Lebak Ben-Hinom. Ana ing kono aku didhawuhi medharaké sabda sing bakal kaparingaké marang aku.

3Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné, "Raja-raja ing Yéhuda lan wong-wong Yérusalèm, padha ngrungokna pangandika-Ku, Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl. Aku bakal nekakaké bebaya sing ndadèkaké saben wong sing krungu padha éram.

4Merga wong-wong wis padha ninggal Aku lan padha najisaké panggonan iki srana enggoné padha kekutug nyembah marang allah liya-liyané sing ora disumurupi déning wong iki lan déning para leluhuré, sarta déning para raja ing Yéhuda. Panggonan kéné wis dikebaki getihé wong sing ora kaluputan.

5Wong-wong mau padha ngedegaké mesbèhé Baal kanggo ngobong anak-anaké ing geni kanggo kurban. Sing mengkono mau ora saka dhawuh-Ku, malah Aku ora tau kagungan penggalih sing mengkono kuwi.

6Mulané bakal ana wektuné panggonan kéné ora karan Tofèt utawa Lebak Ben-Hinom, nanging Lebak Panyembelèhan.

7Ing panggonan kéné rancangan-rancangané wong Yéhuda lan wong Yérusalèm bakal Dakgawé gagal. Bakal padha Dakulungaké ing tanganing mungsuhé, nganti bakal padha dipatèni ing peprangan. Jisimé bakal dadi pakané manuk lan kéwan galak.

8Aku bakal nekakaké karusakan gedhé ing kutha kéné, nganti saben wong sing liwat ing kéné padha giris lan gumun banget.

9Kutha iki bakal dikepung déning mungsuhé lan wong sing manggon ing kutha mau bakal dipatèni kabèh. Pangepungé kutha mau bakal nggegirisi banget, mula wong sing manggon ana ing kutha kono bakal mangan dagingé pepadhané, malah dagingé anaké dhéwé."

10Aku banjur didhawuhi déning Pangéran mecah guciné ing ngarepé wong-wong sing padha mèlu aku.

11Lan kandha yèn iki merga saka dhawuhé Pangéran, Allah Kang Mahakwasa, sing ngandika mengkéné, "Wong-wong lan kutha iki bakal Dakremuk kaya guci sing pecah iki, nganti ora kena dipulihaké menèh. Wong-wong sing mati bakal padha dipendhem ing Tofèt, merga wis ora ana panggonan liyané menèh kanggo ngubur jisim-jisim mau.

12Aku janji yèn kutha iki lan wong-wongé bakal Dakdadèkaké kaya Tofèt.

13Omah-omah ing Yérusalèm, kedhatoné raja-raja Yéhuda lan kabèh omah sing ing payoné tau kanggo kekutug kanggo para déwa langit, ya omah-omah sing tau kanggo ngesok anggur minangka kanggo kurban marang para allah liyané. Sebab omah-omah mau wis padha dadi najis, ora béda karo Tofèt."

14Sabaliku saka enggonku diutus medhar wangsit ing Tofèt, aku banjur ngadeg ana ing platarané Pedalemané Allah, sarta nglairaké sabdané Allah marang wong-wong sing ana ing kono; pangucapku,

15"Mengkéné pangandikané Allah Kang Mahakwasa, Allahé Israèl, ‘Aku bakal nekakaké sakèhé paukuman sing wis Dakngandikakaké sadurungé marang kutha iki lan marang saben kutha ing sakiwa-tengené, merga atimu wangkot lan ora gelem ngèstokaké dhawuh-Ku.’"



 <<  Yeremia 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel