Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 2 >> 

1Pangandikané Allah marang aku mengkéné,

2"Saben wong ing Yérusalèm padha kandhanana sing seru, ‘Dhawuhé Allah mengkéné: Aku ngélingi kasetyanmu nalika kowé isih nom, lan marang katresnanmu nalika kowé dadi pengantèn anyar karo Aku; kowé ngetutaké Aku nasak ara-ara samun, metu tanah bera.

3Israèl, kowé kuwi kagungan-Ku piyambak, Dakpilih dadi kagungan-Ku kang suci, Aku nekakaké kasusahan lan karusakan marang saben wong sing gawé cilakamu. Aku, Pangéran kang ngandika.’"

4Rungokna pangandikané Allah, hé para turuné Yakub, para taleré Israèl.

5Gusti Allah ngandika mengkéné, "Para leluhurmu ndakwa apa marang Aku? Apa sebabé padha nyingkur Aku? Déné padha nyembah brahala sing ora ana gunané, mula wong-wong mau dhéwé iya dadi tanpa guna.

6Padha ora mreduli karo Aku, senajan wis padha Dakluwari saka tanah Mesir, lan wis Dakirid metu ing segara wedhi: ara-ara samun sing mung kebak punthuk pasir, tanah sing garing lan kebak bebaya, nganti ora ana wong sing manggon ana ing kono, utawa gelem liwat ing kono.

7Padha Dakirid mlebu ing tanah sing subur, supaya bisa ngrasakaké pametuné sing becik-becik. Nanging malah padha ngrusak lemah-Ku lan najisaké tanah sing Dakparingaké.

8Para imam padha ora nggolèki Aku lan takon, ‘Pangéran ana ing ngendi?’ Para imam-Ku dhéwé padha ora kenal karo Aku. Para raja padha nglawan Aku; para nabi padha medhar wangsit nganggo nyebut Baal, sarta padha nyembah reca ukir-ukiran sing ora ana gunané."

9Gusti Allah ngandika mengkéné, "Mulané Aku, Pangéran, bakal nggugat umat-Ku menèh, anak-turuné bakal Dakgawa menyang pengadilan.

10Ndelenga mengulon, ing pulo Siprus, utawa mengétan ing tanah Kédar, kowé bakal weruh yèn ora tau ana lelakon sing kaya mengkono.

11Apa ana bangsa sing ngijolaké allahé, senajan kuwi dudu Allah? Nanging umat-Ku ngijolaké Aku karo reca-reca sing ora bisa nindakaké apa-apa kanggo mitulungi wong-wong mau.

12Mulané sakèhé langit Dakdhawuhi supaya wedi lan gemeter, merga saka gumun lan kagèté.

13Déné umat-Ku wis nglakoni dosa rong prekara: padha nyingkur Aku, etuké banyu urip, banjur padha gawé kulah dhéwé, kulah sing bengkah lan borot, ora kena kanggo nyimpen banyu babar-pisan."

14"Israèl rak dudu batur-tukon? Rak ora lair saka batur-tukon? Apa sebabé déné dioyak-oyak mungsuh nganti ambruk?

15Mungsuhé padha nggero kaya singa, lan marakaké tanah kéné dadi ara-ara samun, kutha-kuthané dadi gempuran, ditinggal suwung babar-pisan.

16Wong Mèmfis lan wong Takhpanhès wis padha nggundhuli sirahé wong Israèl.

17Hé Israèl, kuwi kabèh rak merga saka polahmu dhéwé, merga kowé padha nyingkur Aku, Pangéran Allahmu, nalika kowé padha Daktuntun sedalan-dalan.

18Ana ing Mesir kowé arep golèk apa? Apa gunané ngombé banyuné Bengawan Nil? Kowé kokarep menyang Asyur, kuwi gunané apa? Kowé bathi apa yèn ngombé banyuné Bengawan Éfrat?

19Kowé bakal disiksa krana luputmu dhéwé, lan merga enggonmu nyingkur Aku, kowé bakal nampa paukuman. Kowé bakal ngerti pituwasé yèn nyingkur Aku lan ora tetep setya marang Aku, Pangéran Allahmu, kuwi nekakaké walat lan kasangsaran sing pait. Aku, Pangéran Kang Mahakwasa wis ngandika!"

20Pangandikané Allah Kang Mahakwasa, "Israèl, wis lawas enggonmu nampik pangrèh-Ku; kowé wegah mbangun-turut lan ngabekti marang Aku. Malah kowé padha nyembah sujud marang déwa-déwané kesuburan, ing saben punthuk ing sangisoré saben wit gedhé.

21Kowé Daktandur kaya wit anggur sing Dakpilih saka bibit sing becik dhéwé. Nanging delengen, apa dadiné? Kowé dadi anggur bosok sing ora ana ajiné.

22Senajan Dakkumbaha nganggo sabun akèh, najismu ora bakal ilang.

23Kokbisa-bisamu muni yèn kowé ora najisaké awakmu, lan ora nyembah Baal? Ngélingana enggonmu gawé dosa ana ing lebak. Pratingkahmu kaya unta wadon lagi brahi, mbedhal mrana-mréné ana ing ara-ara samun.

24Sapa sing bisa nyegah pepénginané golèk bojo? Unta lanang sing gelem ora susah kangèlan, yèn wis wektuné kawin gampang ngawini unta wadon mau.

25Hé Israèl, jaganen supaya sikilmu ora kesel lan gorokanmu ora garing kasatan sajroné mburu brahala-brahala. Nanging kowé mangsuli, ‘Ora, aku bakal ora bali! Aku wis kadhung seneng karo déwa-déwané bangsa liya, kuwi sing arep dakbektèni.’"

26Pangéran ngandika mengkéné, "Kaya déné maling, kuwi yèn kecekel bakal kwirangan, mengkono uga kowé, wong Israèl bakal kwirangan; raja-rajamu, penggedhé-penggedhému, para imam lan para nabimu!

27Kowé bakal kwirangan, merga kowé wis muni yèn wit kuwi bapakmu lan watu karang dadi biyungmu. Kaya mengkono sing bakal kelakon merga kowé ora mbangun-turut karo Aku, malah nyingkur Aku. Mung yèn nemu kasusahan waé kowé padha sesambat marang Aku, nyuwun pitulungan.

28Lah endi déwa-déwa sing kokgawé dhéwé? Yèn kowé ketekan kasusahan, mbok njaluka tulung karo déwa-déwa kuwi, yèn pancèn bisa! Yéhuda, cacahé déwamu rak akèh, padha kaya cacahé kutha-kuthamu.

29Kowé sambat kekurangan apa? Yagéné kowé nglawan Aku?

30Kowé wis Dakajar, éwasemono ora ana kacèké. Kowé emoh Dakélingaké. Nabi-nabimu kokpatèni kaya singa sing lagi ngamuk.

31Hé umat Israèl, rungokna pangandika-Ku! Apa kanggoné kowé kaya ara-ara samun, apa kaya tanah peteng sing mbebayani? Yagéné kowé kandha yèn arep urip nggugu karepmu dhéwé, lan ora arep bali menèh marang aku?

32Prawan apa tau lali dandan, pengantèn wadon apa tau lali menganggo sandhangané pengantèn? Nanging umat-Ku wis lali marang Aku nganti suwé banget.

33Kowé ngerti lan pinter golèk pacar. Sundel sing pinter pisan kalah karo kowé.

34Sandhanganmu wis glépot getihé wong miskin lan wong sing ora salah, dudu getihé wong ngrampog.

35Éwasemono kowé muni, ‘Aku ora salah! Dadi Gusti Allah ora bakal duka karo aku.’ Nanging Aku, Pangéran, bakal ngukum kowé, merga enggonmu sélak gawé dosa.

36Kowé wis nisthakaké awakmu dhéwé srana enggonmu nyembah brahala-brahalané bangsa liya. Kowé bakal kecuwan karo wong Mesir, kaya enggonmu kecuwan karo wong Asyur.

37Kowé bakal ninggal wong Mesir kanthi wirang. Aku, Pangéran wis nyirnakaké sakèhé prekara sing kokegul-egulaké. Kowé bakal ora olèh apa-apa."



 <<  Yeremia 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel