Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 21 >> 

1Zedekia raja Yéhuda ngutus Pasyhur bin Malkia lan Imam Zéfanya bin Maaséya nemoni aku karo diweling mengkéné,

2"Kula aturi neges dhateng kersanipun Pangéran kanggé kula, margi Raja Nebukadnésar saking Babil lan tentaranipun badhé ngepung kitha Yérusalèm. Mbok menawi Pangéran kersa damel kaélokan lan nundhung Nebukadnésar késah saking ngriki."

3Pangéran banjur ngandika marang aku, lan aku nglantaraké pangandika mau marang para utusané Zedekia.

4Pangandikané Pangéran Allahé Israèl marang Zedekia mengkéné, "Zedekia, tentaramu sing perang nglawan raja Babil bakal Dakulungaké marang mungsuhé. Gegamané para prejuritmu bakal Daktumpuk ana ing tengahé kutha.

5Kowé bakal Daklawan nganggo pangwasa-Ku, paukuman-Ku, wewelak-Ku lan duka-Ku.

6Saben wong sing manggon ing kutha kono bakal Dakpatèni. Manungsa lan kéwan bakal padha mati merga pageblug sing nggegirisi.

7Nanging kowé, para pegawému lan rakyat kekarèné sing ora mati merga déning pedhang, paceklik utawa pageblug, bakal Dakulungaké marang tangané Raja Nebukadnésar lan mungsuh-mungsuhmu liyané, sing arep padha matèni kowé. Kowé bakal dipatèni déning Nebukadnésar, tanpa diéman utawa diwelasi."

8Aku banjur didhawuhi Pangéran kandha karo rakyat mengkéné, "Rungokna! Pangéran ngandika mengkéné, ‘Miliha endi sing kokkarepaké, dalan sing anjog ing urip apa dalan sing anjog ing pati.

9Sapa sing milih tetep manggon ing kutha kéné bakal mati déning pedhang utawa mati kaliren utawa mati merga saka pageblug. Nanging sing sapa metu saka kutha, banjur pasrah marang wong Babil, sing saiki ngepung kutha iki, bakal ora dipatèni, bakal diuripi.

10Aku wis gawé putusan ora bakal ngéman kutha iki, malah arep Dakrusak babar-pisan. Bakal Dakulungaké marang raja Babil, sing bakal ngobong kutha iki nganti tapis. Aku, Pangéran wis ngandika.’"

11(21:11-12) Aku banjur didhawuhi déning Pangéran nerusaké pangandikané marang para wargané kraton Yéhuda, tedhaké Dawud mengkéné, "Pangandikanipun Pangéran dhateng panjenengan sedaya mekaten, ‘Saben dina nindakna keadilan. Wong sing disiya-siya luwarana saka tangané wong duraka. Yèn ora, durakamu bakal njalari paukuman-Ku kaya geni sing ora kena disirep.’

12(21:11)

13Hé Yérusalèm, kowé manggon ing sandhuwuré lebak, kaya parang sing muncul saka tanah ngaré. Nanging kowé bakal Daklawan. Rumangsamu ora ana wong sing bisa nyerang utawa nrobos bètèngmu.

14Nanging Aku bakal males sakèhé piala sing wis koklakoni. Kedhatonmu bakal Dakobong lan geniné bakal mangsa samubarang kang ana ing kiwa-tengené. Aku, Pangéran wis ngandika!"



 <<  Yeremia 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel