Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 24 >> 

1Pangéran nedahi aku kranjang loro isi woh anjir, sing semèlèh ana ing ngarepé Pedalemané Allah. (Kelakoné kuwi sawisé Nebukadnésar, raja ing Babil, mboyong Raja Yoyakhin bin Yoyakim, raja Yéhuda, dadi tawanan digawa saka Yérusalèm menyang Babil, bebarengan karo para penggedhé Yéhuda, para undhagi lan para pandhé.)

2Kranjang sing siji isi woh anjir becik, yakuwi sing mateng dhisik; liyané isi woh anjir ala, sing saka alané nganti ora kena dipangan.

3Gusti Allah banjur ngandika marang aku, "Yérémia, kowé weruh apa?" Atur wangsulanku, "Woh anjir; ingkang saé menika saénipun nglangkungi, sarta ingkang awon, awonipun inggih nglangkungi, saking awonipun ngantos mboten kénging katedha."

4Pangéran banjur ngandika marang aku,

5"Aku, Pangéran, Allahé Israèl mawas wong-wong sing kabuwang ing Babil kuwi kena diibarataké woh anjir sing becik, mulané bakal Dakrumati kanthi katresnan.

6Bakal Dakreksa lan Dakbalèkaké menèh ing tanahé dhéwé. Bakal Dakbangun lan ora Dakrusak. Bakal Daktandur lan ora Dakbedhol;

7bakal Dakparingi ati sing precaya marang Aku, yèn Aku iki Allah sarta bakal padha dadi umat-Ku, lan Aku dadi Allahé, merga bakal padha mratobat marang Aku kanthi éklasing atiné.

8Déné mungguh Zedekia, raja Yéhuda, lan para penggedhé sarta sakekarèné wong ing Yérusalèm sing isih ana ing tanah iki, apa menèh sing padha manggon ing tanah Mesir, bakal Dakpatrapi padha kaya woh anjir sing ala, sing saking alané nganti ora kena dipangan.

9Aku bakal nekakaké bebaya marang wong-wong mau nganti para bangsa ing bumi padha giris kabèh. Wong-wong mau bakal dipoyoki, digawé lelucon, dirèmèhaké, lan jenengé dienggo nyupatani wong, ana ing ngendi-endi parané padha Daktundhung.

10Aku bakal nekakaké perang, paceklik lan pageblug marang wong-wong mau nganti padha tumpes tapis saka tanah sing Dakparingaké marang wong-wong mau lan para leluhuré."



 <<  Yeremia 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel