Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 27 >> 

1Sawisé Yosia bin Zedekia jumeneng raja ing Yéhuda, ora wetara suwé Pangéran ngandika marang aku

2supaya gawé pasangan, banjur masang pasangan mau ana ing githokku.

3Aku banjur didhawuhi medhar wangsit kanggo raja-raja Édom, Moab, Amon, Tirus lan Sidon, lumantar para utusan sing padha sowan Sang Prabu Zedekia ana ing Yérusalèm.

4Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl ngutus aku medharaké pangandikané marang para raja mau mengkéné,

5"Srana kasektèn lan pangwasa-Ku Aku nitahaké jagad lan manungsa sarta sakèhé kéwan sing urip ana ing bumi. Dakparingaké marang sapa waé, sing Dakpilih.

6Lan saiki Aku maringaké sakèhé bangsa iki ana ing tangané abdi-Ku Nebukadnésar raja ing Babil, dalah sakèhé kéwan galak pisan Dakparingaké ing tangané supaya padha sumuyuda.

7Para bangsa kabèh bakal sumuyud marang raja mau, lan bakal padha ngawula anak-anak lan putu-putuné, nganti tekan mangsané negara Babil dhéwé rubuh. Bangsa kuwi banjur bakal dadi kawulané bangsa-bangsa gedhé lan raja-raja sing nelukaké.

8Yèn ana bangsa utawa kraton sing mbaléla marang Nebukadnésar, bangsa mau bakal Dakukum srana perang, paceklik lan pageblug, nganti wekasané ditumpes babar-pisan déning Nebukadnésar.

9Aja padha ngandel karo nabi-nabimu utawa karo wong sing kandha bisa ngramal apa sing bakal kelakon, iya srana impèn, utawa srana neges marang roh-rohé wong mati, utawa srana sihir. Karepé wong-wong mau supaya kowé aja padha gelem teluk karo Nebukadnésar, raja ing Babil.

10Sejatiné wong-wong mau padha ngapusi kowé, nganti njalari kowé dibuwang saka tanahmu kéné, sebab kowé banjur bakal Daktundhung saka kéné, sarta Dakbuyaraké.

11Nanging bangsa sing teluk marang Nebukadnésar, raja ing Babil, lan gelem dadi kawulané, bakal Daklestarèkaké ngenggoni tanahé dhéwé, nggarap tanahé lan urip ana ing kono. Aku, Pangéran wis ngandika!"

12Aku ngaturaké pangandika mau kabèh marang Raja Zedekia, raja ing Yéhuda, aturku, "Sang Prabu kula aturi teluk dhateng raja ing Babil kémawon, sarta ngawula dhateng raja lan rakyatipun, temtu Sang Prabu badhé lestantun gesang.

13Menapa ginanipun Sang Prabu lan rakyat sedaya ngalami pejah wonten ing peprangan utawi margi déning paceklik lan pageblug? Sebab miturut dhawuhipun Pangéran kados mekaten ingkang badhé dipun alami déning saben bangsa ingkang mboten tundhuk dhateng raja ing Babil.

14Sampun nggega dhateng tembungipun para nabi ingkang menggak Sang Prabu teluk dhateng Nebukadnésar. Nabi-nabi menika sami ngapusi Sang Prabu.

15Pangéran piyambak sampun ngandika, bilih mboten ngutus nabi-nabi menika, nanging nabi-nabi menika sami goroh dhateng Sang Prabu atas asmanipun Allah, mila Sang Prabu badhé katumpes déning Allah, badhé sami kapejahan, inggih Sang Prabu, inggih para nabi ingkang sami nggorohi Sang Prabu."

16Aku banjur kandha karo para imam lan rakyat yèn Pangéran wis ngandika mengkéné, "Aja padha nggugu karo para nabi sing kandha yèn raja-branané Pedalemané Allah bakal énggal kabalèkaké menèh saka Babil. Nabi-nabi kuwi ngapusi kowé.

17Mulané aja kokgugu! Teluka karo raja ing Babil, kowé bakal lestari urip! Apa paédahé yèn kutha-kuthamu dadi gempuran?

18Yèn nabi temenan lan nampa wangsit saka Aku, karebèn nyuwun marang Aku, Pangéran Kang Mahakwasa, supaya aja marengaké kekarèné raja-brana sing ana ing Pedalemané Allah lan ana ing kedhaton kaboyong menyang Babil."

19(27:19-20) (Nalika Sang Prabu Nebukadnésar mboyong Yoyakhin bin Yoyakim raja ing Yéhuda menyang Babil, semono uga para pengarepé wong Yéhuda lan wong Yérusalèm, panjenengané nilar rerenggané cagak-cagak, segaran saka prunggu, kréta rerékan lan rerenggan Pedalemané Allah liyané.)

20(27:19)

21"Rungokna dhawuh-Ku, Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl, ing ngatasé raja-brana sing kari ana ing Pedalemané Allah lan ing kedhaton ing Yérusalèm.

22Barang-barang mau bakal diusungi menyang Babil lan tetep ana ing kana, nganti tekan titi-mangsané Aku menggalih menèh. Aku banjur bakal mbalèkaké barang-barang mau ing kono menèh. Aku, Pangéran wis ngandika."



 <<  Yeremia 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel