Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 28 >> 

1Ing sajroning taun kuwi uga, nalika Zedekia enggoné jumeneng raja nyandhak taun kaping pat, sasi lima, Hananya bin Azur, nabi saka kutha Gibéon nemoni aku ana ing platarané Pedalemané Allah. Ana ing ngarepé para imam lan wong akèh Hananya kandha karo aku,

2yèn Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl, ngandika mengkéné, "Pasangané raja ing Babil wis Dakputung.

3Ing sajroné rong taun iki Aku bakal ngulihaké sakèhé raja-branané Pedalemané Allah, sing dirampas déning Raja Nebukadnésar, ratu ing Babil, lan diusungi menyang Babil.

4Aku uga bakal mbalèkaké Yoyakhin bin Yoyakim, raja ing Yéhuda, semono uga sakèhé wong Yéhuda sing kabuwang menyang ing Babil. Pasangané raja ing Babil bakal Dakputung, Aku, Pangéran wis ngandika!"

5Ana ing ngarepé para imam lan wong akèh sing padha ngadeg ana ing platarané Pedalemané Allah aku banjur kandha karo Hananya mengkéné,

6"Becik banget! Muga-muga Pangéran kersa tumindak mengkono! Muga-muga ramalanmu kelakon temenan; Pangéran mangsulaké raja-branané Pedalemané Allah lan sakèhé wong sing ditawan digawa menyang Babil.

7Nanging rungokna tembungku marang kowé lan marang wong akèh sing ana ing kéné.

8Para nabi ing jaman kepungkur, suwé sadurungé aku lan kowé ana, padha ngramal yèn akèh bangsa-bangsa lan kraton-kraton sing bakal ketekan peprangan, paceklik lan pageblug.

9Déné nabi sing ngramal bakal anané katentreman, bisané diakoni yèn pancèn utusané Pangéran, yèn ramalané mau kelakon temenan."

10Hananya banjur njupuk pasangan sing ana ing guluku, banjur diputung,

11karo muni ing ngarepé wong akèh, "Pangéran ngandika, ‘Ya kaya mengkéné iki enggon-Ku bakal mutung pasangané Raja Nebukadnésar, sing dipasang ana ing guluné para bangsa; lan kuwi bakal kelakon sajroné rong taun iki.’" Aku banjur lunga saka kono.

12Ora wetara suwé aku banjur diutus déning Pangéran

13nemoni Hananya sarta didhawuhi kandha mengkéné, "Pangéran ngandika yèn pasangan kayu mau kena kokputung, nanging Pangéran bakal masang pasangan liya minangka gantiné.

14Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl, ngandika, yèn bakal masang pasangan wesi ing guluné bangsa-bangsa mau lan bangsa-bangsa kuwi bakal padha ngawula Nebukadnésar, raja ing Babil. Malah Pangéran ngandika yèn para kéwan pisan bakal padha ngawula marang Nebukadnésar."

15Sabanjuré aku kandha mengkéné karo Hananya, "Rungokna Hananya! Kowé ora diutus déning Pangéran. Kowé wis ngapusi wong akèh iki.

16Mulané Pangéran ngandika yèn kowé bakal ditumpes. Sadurungé taun iki entèk kowé bakal mati, merga kowé wis ngajak bangsa iki murtad lan nglawan marang Pangéran."

17Ing sasi kapitu taun kuwi Hananya mati.



 <<  Yeremia 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel