Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 29 >> 

1Aku banjur nulis layang marang para imam, para nabi, para penggedhé lan rakyat sing padha ditawan déning Nebukadnésar saka Yérusalèm menyang Babil.

2Enggonku nulis mau sawisé Yoyakhin, ibuné, para pegawé, para penggedhéné Yéhuda lan Yérusalèm, para tukang lan para tenaga ahli diwetokaké saka tanah Yéhuda.

3Layang kuwi dakwènèhaké marang Élasa bin Safan lan marang Gemarya bin Hilkia, sing diutus déning Zedekia, raja Yéhuda, marang Nebukadnésar, raja ing Babil. Surasané layang mau mengkéné,

4"Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl, ngandika marang wong buwangan kabèh sing diangkataké saka Yérusalèm menyang Babil:

5‘Padha ngedegna omah lan manggona ing kono. Padha gawéa pakebonan lan mangana apa sing koktandur.

6Padha omah-omaha lan bebranahana. Anakmu lanang rabèkna, lan anakmu wadon omah-omahna, supaya padha duwé anak. Padha tangkar-tumangkara supaya aja nganti suda.

7Padha gawéa raharjané kutha-kutha sing kokenggoni ing pembuwangan iki. Kutha-kutha mau dongakna, suwunna berkah supaya kaparingan katentreman lan karaharjan.

8Aku, Pangéran, Allahé Israèl, ngélingaké aja nganti kowé kena diapusi déning para nabimu sing padha manggon ing tengahmu utawa déning sapa waé sing ngaku bisa ngramal apa sing bakal kelakon. Kowé aja nggugu impèn-impèné.

9Wong-wong kuwi padha ngapusi nganggo asma-Ku. Wong mau ora Dakutus. Aku, Pangéran wis ngandika!’

10Pangéran ngandika menèh mengkéné, ‘Yèn wis genep pitung puluh taun enggonmu ana ing pembuwangan ing Babil, Aku bakal ngèngeti kowé menèh lan netepi janji-Ku ngulihaké kowé menyang tanahmu dhéwé.

11Mung Aku dhéwé sing pirsa apa sing Dakrancang kanggo kowé, yakuwi rancangan sing gawé karaharjan, dudu rancangan paukuman. Rancangan bab jaman sing kokarep-arep tekané.

12Ing kono kowé bakal sesambat lan sowan marang Aku sarta ngaturaké panyuwun marang Aku, lan Aku bakal nyembadani.

13Kowé bakal nggolèki Aku lan sarèhné enggonmu nggolèki kanthi temenan, kowé bakal ketemu Aku.

14Aku bakal marengaké kowé ketemu karo Aku, lan Aku bakal ngulihaké kowé menyang tanahmu dhéwé. Aku bakal nglempakaké kowé saka ing antarané bangsa-bangsa lan sakèhing panggonan enggon-Ku mbuyaraké kowé. Aku bakal ngulihaké kowé menyang tanah, saka enggon-Ku mbuwang kowé.’

15Kowé bakal kandha, yèn Pangéran wis maringaké nabi-nabi marang kowé ana ing Babil.

16Rungokna Pangandikané Pangéran bab Sang Prabu kang lenggah ana ing dhamparé Dawud lan ing ngatasé umat ing kutha kéné, yakuwi sedulur-sedulurmu sing ora katut kaboyong dadi tawanan kaya kowé.

17Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa mengkéné, ‘Aku bakal nekakaké perang, paceklik lan pageblug marang wong-wong sing kari mau. Wong-wong kuwi bakal Dakgawé kaya woh anjir sing saka daluné nganti ora kena dipangan.

18Wong mau bakal Dakoyak nganggo perang, paceklik lan pageblug, lan sakèhé bangsa ing bumi sing nyipati lelakon mau bakal ketaman giris. Ana ing ngendia waé wong mau Dakbuyaraké. Wong-wong ing panggonan kono bakal padha kagèt lan giris ndeleng bebaya sing Daktekakaké marang Israèl. Wong Israèl mau bakal padha disepèlèkaké lan dadi poyokan, sarta jenengé bakal dienggo nyupatani wong.

19Kuwi kabèh merga enggoné padha ora ngèstokaké pangandika-Ku lumantar para nabi abdi-Ku, sing ora kendhat Dakutus marang wong-wong mau.

20Hé sakèhé wong sing Dakbuwang menyang Babil, padha ngrungokna dhawuh-Ku. Sing ngandika iki Aku, Pangéran piyambak.’

21Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl wis ngandika bab Ahab bin Kolaya lan bab Zedekia bin Maaséya, wong-wong sing medhar wangsit goroh atas asmané Pangéran. Pangéran wis ngandika yèn wong-wong mau bakal kaulungaké marang tangané Nebukadnésar, raja ing Babil, sing bakal matèni wong-wong mau ana ing ngarepmu.

22Yèn ana wong sing kabuwang saka Yérusalèm menyang Babil arep nyupatani, wong mau muni mengkéné, ‘Muga-muga Pangéran nandukaké marang kowé kaya Zedekia lan Ahab sing padha dipanggang urip-uripan déning raja ing Babil!’

23Mengkono mau bakal nasibé Ahab bin Kolaya lan Zedekia bin Maaséya, merga saka gedhéné dosa-dosané, yakuwi dosa nylèwèng lan ngapusi nganggo nyebut asmané Pangéran. Mangka sing mengkono mau nerak kersané Pangéran. Panjenengané pirsa lan neksèni piyambak apa sing dadi penggawéné wong-wong mau. Mengkono pangandikané Pangéran."

24(29:24-25) Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl, paring wangsit marang aku kanggo Semaya bin Nekhelam, sing kirim layang atas jenengé dhéwé marang wong kabèh ing Yérusalèm lan marang Imam Zéfanya bin Maaséya, sarta imam liya-liyané. Ing layang mau Semaya nulis marang Zéfanya mengkéné,

25(29:24)

26"Panjenengan sampun kawisudha déning Pangéran dados imam gentosipun Yoyada, mila samenika panjenengan dados pengageng wonten ing Pedalemanipun Allah. Kuwajiban panjenengan inggih menika ngranté saben tiyang éwah ingkang ngaken dados nabi, sarta ngalungi gulunipun tiyang wau mawi blenggu tosan.

27Kénging menapa Yérémia tiyang Anatot menika mboten panjenengan ranté lan panjenengan blenggu kados mekaten? Mangka piyambakipun sampun medhar wangsit kados nabi dhateng umat Israèl.

28Tiyang menika kedah dipun bungkem, margi sampun criyos dhateng tiyang-tiyang ingkang kabucal dhateng Babil, bilih enggènipun wonten ing pembuwangan menika badhé dangu. Mila lajeng kapurih sami ngedegaken griya, lajeng dipun enggèni, damel pakebonan lan nedha pamedalipun."

29Layang mau diwacakaké Zéfanya marang aku.

30Pangéran nuli ngandika marang aku,

31(29:31-32) supaya aku kirim layang marang wong-wong ing pembuwangan ing Babil isi piweling bab Semaya, sing uniné mengkéné, "Aku, Pangéran, bakal ngukum Semaya lan anak-turuné kabèh. Aku ora ngutus wong mau, éwasemono wong kuwi medhar wangsit kaya-kaya dadi nabi, nganti wis ngapusi kowé kabèh. Semaya bakal ora duwé anak siji waé sing manggon ana ing antaramu. Wong mau bakal ora nyawang sakèhé berkah sing bakal Dakparingaké marang umat-Ku, merga wis ngajak umat-Ku murtad saka ngarsa-Ku. Mengkono pangandikané Pangéran."

32(29:31)



 <<  Yeremia 29 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel