Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 30 >> 

1Pangéran, Allahé Israèl,

2ngandika marang aku mengkéné, "Tulisen ana ing buku, sakèhé pangandika sing wis Dakdhawuhaké marang kowé,

3merga wis tekan mangsané Aku mulihaké kaanané umat-Ku Israèl lan Yéhuda. Umat mau bakal Dakbalèkaké menyang tanah sing Dakparingaké marang para leluhuré, supaya dadi duwèké menèh."

4Pangéran ngandika marang umat Israèl lan Yéhuda mengkéné,

5"Aku mireng swarané wong njerit, panjerit merga saka wedi, merga ora ana katentreman.

6Saiki coba gagasen, apa wong lanang bisa nglairaké bayi? Nanging apa sebabé déné Aku weruh saben wong lanang nyekeli wetengé, kaya wong wadon sing lagi nglarani? Yagéné koksaben wong katon pucet?

7Adhuh, dinané bilai wis cedhak; ora ana dina sing ngungkuli dina kuwi. Dina karubedan gedhé tumrapé umat-Ku, éwadéné bakal nampa pangluwaran."

8Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Yèn wis tekan mangsané, Aku bakal mutung pasangan sing ana ing guluné lan nguculi ranténé, mula mari enggoné dadi batur-tukoné wong manca.

9Sarta bakal padha ngabdi marang Aku, Pangéran lan Allahé, lan marang turuné Dawud sing bakal Dakwisudha dadi ratuné.

10Hé umat-Ku, aja padha wedi; umat-Ku Israèl, atimu aja miris. Kowé bakal Dakluwari saka tanah kang adoh mau. Saka tanah panggonanmu dadi wong buwangan. Kowé bakal mulih lan manggon ing tanahmu kanthi tentrem; kowé bakal kaayoman lan ora ana prekara sing gawé wedimu.

11Aku bakal rawuh lan ngluwari kowé, bangsa-bangsa sing biyèn kokkawulani bakal Daktumpes kabèh, nanging kowé bakal ora Daktumpes. Kowé bakal ora uwal saka paukuman-Ku, nanging yèn Aku ngukum, paukuman-Ku kuwi adil. Mengkono pangandikané Pangéran."

12Pangandikané Pangéran marang umaté, "Tatumu wis ora kena ditambani menèh, lelaramu wis ora bisa mari.

13Ora ana wong sing mbélani prekaramu, lan ora ana tamba kanggo nambani lelaramu, wis ora ana pengarep-arep bisa pulih waras.

14Dhemenanmu wis padha ninggal kowé, wis padha ora mreduli marang kowé. Kowé wis Daklawan, kaya nglawan mungsuh, paukumanmu pancèn abot, merga dosamu akèh lan pialamu gedhé banget.

15Aja sambat merga saka lelara sing koksandhang, sebab laramu ora ana tambané. Enggon-Ku ngukum kowé mengkono mau merga saka akèhé dosamu, lan merga saka gedhéné pialamu.

16Nanging saiki, sapa sing nglawan kowé bakal gentèn dilawan, lan sakèhé mungsuhmu bakal dibuwang dadi wong tawanan. Sing sapa nindhes marang kowé bakal gentèn ditindhes, lan sing sapa njarah-rayah kowé, bakal gentèn dijarah-rayah.

17Kowé bakal Dakwarasaké menèh; tatu-tatumu bakal Daktambani nganti mari. Senajan mungsuh padha muni, ‘Sion kuwi wong buwangan, sisa sing wis ora dikaruhaké menèh!’ Mengkono pangandikané Pangéran."

18Pangandikané Pangéran mengkéné, "Kaanané umat-Ku bakal Dakpulihaké menèh, lan Dakulihaké menyang tanahé dhéwé; brayaté siji-sijiné bakal Dakberkahi, Yérusalèm bakal Dakbangun menèh, lan kedhatoné Dakpulihaké.

19Wong sing manggon ana ing kana bakal padha ngidungaké puji sokur, saka bungahé bakal padha surak-surak. Merga saka berkah-Ku bakal padha tangkar-tumangkar lan kajèn-kéringan.

20Pangwasané sing biyèn bakal Dakpulihaké menèh lan Daksentosakaké. Sakèhé wong sing nindhes, wong mau bakal Dakukum.

21(30:21-22) Umat-Ku bakal dierèh déning wong saka bangsané dhéwé. Para penggedhéné kuwi asalé saka antarané wong-wong mau dhéwé. Wong-wong bakal Dakpeksa supaya padha séba, sowan ing ngarsa-Ku. Sebab sapa sing wani ngetohaké nyawané lan nyedhaki Aku? Wong-wong mau bakal dadi umat-Ku lan Aku bakal dadi Allahé. Mengkono pangandikané Pangéran."

22(30:21)

23(30:23-24) Paukumané Pangéran kuwi kaya prahara, kaya angin lésus sing sementor marang para wong ala. Kuwi ora bakal sirep yèn durung rampung enggoné nindakaké apa sing dadi kersané. Mbésuk bakal ana mangsané umaté Pangéran ngerti sing dadi kersané nganti gamblang.

24(30:23)



 <<  Yeremia 30 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel