Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 35 >> 

1Nalika Yoyakim bin Yosia jumeneng raja ing Yéhuda, Pangéran ngandika marang aku mengkéné,

2"Maranana kulawangsané Rékhab, ajaken rembugan, banjur iriden menyang Pedalemané Allah, lebokna ing salah sijiné kamar kono lan wènèhana ngombé anggur."

3Aku banjur ngirid kulawargané Rékhab kabèh !!— yakuwi Yaazanya bin Yérémia (liyané), bin Habzina sasedulur karo anak-anaké,

4dakgawa menyang Pedalemané Allah. Banjur daklebokaké ing kamaré para muridé Nabi Hanan bin Yigdalya. Kamar iki ana ing sandhuwuré kamaré Maaséya bin Salum, pegawé Pedalemané Allah sing pangkaté dhuwur, ora adoh saka kamar-kamaré para pegawé liya-liyané.

5Aku banjur ngesok anggur ana ing tuwung nganti kebak ing ngarepé kaum Rékhab karo muni, "Kula aturi sami ngunjuk anggur menika."

6Nanging wong-wong mau padha mangsuli, "Kula mboten sami ngombé anggur. Leluhur kula Yonadab bin Rékhab wantos-wantos dhateng kula sedaya, para turunipun, supados sampun ngantos sami ngombé anggur menapa kémawon.

7Ugi dipun awisi ngedegaken utawi nggarap pasitèn, sarta yasa kebon anggur, utawi tumbas. Kula sami kadhawuhan sajegipun manggèn wonten ing kémah, supados gesang kula sami manggèn ing tanah menika kados tiyang manca.

8Kula sami netepi menapa ingkang kadhawuhaken déning Yonadab. Kula sami mboten naté ngombé anggur, mekaten ugi sémah-sémah kula, para anak kula jaler lan èstri.

9(35:9-10) Kula mboten sami yasa griya kanggé manggèn, kula sami manggèn ing kémah. Kula sami netepi kalayan setya prekawis ingkang kadhawuhaken déning leluhur kula Yonadab.

10(35:9)

11Nanging nalika Sang Prabu Nebukadnésar mlebet ing negari kita, kula lajeng sami nyingkir mlebet ing kitha Yérusalèm supados nebihi tentara Babil lan Siria. Menika sebab-musababipun kula sami manggèn ing Yérusalèm."

12(35:12-13) Pangéran, Allah Kang Mahakwasa, Allahé Israèl banjur dhawuh marang aku supaya marani wong Yéhuda lan wong Yérusalèm, didhawuhi kandha mengkéné, "Aku Pangéran, mundhut pirsa marang kowé, apa sebabé kowé padha ora gelem ngrungokaké lan emoh ngèstokaké dhawuh-Ku.

13(35:12)

14Para turuné Yonadab padha mbangun-turut marang prenatan sing ora ngenakaké wong mau ngombé anggur, lan tekan sepréné wong-wong mau padha ora ngombé anggur. Mangka Aku ora kèndel-kèndel ngandika marang kowé, éwasemono kowé ora padha gelem nurut karo Aku.

15Aku ora kendhat-kendhat ngutus nabi-Ku, sing padha nuturi kowé supaya padha mari gawé dosa, lan padha nglakoni kang becik. Para nabi mau padha ngélingaké kowé supaya aja padha nyembah lan ngabekti marang allah liyané, mula bakal tetep pamanggonmu ana ing tanah sing Dakparingaké marang para leluhurmu. Nanging kowé padha ora gelem ngrungokaké utawa nggatèkaké pangandika-Ku.

16Para turuné Yonadab padha nglakoni prenatané leluhuré, nanging kowé padha nglawan marang Aku.

17Mulané Aku, Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl bakal nekakaké kanggo !!— wong Yéhuda lan wong Yérusalèm !!— sakèhé bilai sing wis Dakjanjèkaké. Kuwi merga kowé padha ora gelem nggugu marang pangandika-Ku lan kowé ora gelem mangsuli samasa Daktimbali."

18Aku banjur nglantaraké marang kaum Rékhab pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl, mengkéné, "Sarèhné kowé wis padha mbangun-turut marang préntahé leluhurmu Yonadab, lan nglakoni sakèhé pituduhé marang kowé.

19Mulané Aku, Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl, janji yèn turuné Yonadab bin Rékhab selawasé bakal duwé turun lanang sing ngladèni Aku."



 <<  Yeremia 35 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel