Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 36 >> 

1Nalika Yoyakim bin Yosia enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak taun sing kaping pat, Pangéran ngandika marang aku mengkéné,

2"Njupuka kertas gulungan lan tulisen ana ing kono sakèhing pangandika sing wis Dakwangsitaké marang kowé bab Israèl lan Yéhuda sarta para bangsa kabèh. Tulisen sakèhing pangandika-Ku wiwit nalika Aku maringaké wangsit kawitan marang kowé, yakuwi nalika Yosia dadi raja, nganti tekan saiki.

3Mbokmenawa wong Yéhuda krungu bab sakèhé bebaya sing bakal Daktekakaké, banjur padha mratobat saka kelakuané sing ala, mula Aku banjur ngapura pialané lan dosa-dosané."

4Aku banjur ngundang Barukh bin Neria; banjur dakdhikté bab sakèhé pangandika sing didhawuhaké déning Allah marang Aku. Barukh banjur nulis kabèh mau ana ing kertas gulungan.

5Aku kandha karo Barukh mengkéné, "Aku saiki ora olèh mlebu ing Pedalemané Allah menèh.

6Nanging aku kepéngin supaya kowé sing mrana, yèn wong-wong mbeneri padha pasa. Sing koktulis ana ing kertas gulungan kuwi wacakna sing sora marang wong-wong sing padha ana ing kono, supaya wong kabèh padha krungu apa waé sing didhawuhaké déning Pangéran marang aku. Lan sing wis dakkon nulisi kowé, kuwi wacakna marang sapa waé sing gelem ngrungokaké, iya marang wong-wong sing padha teka saka kutha-kuthané Yéhuda.

7Mbokmenawa wong-wong banjur padha gelem bali lan mratobat saka penggawéné sing ala, merga Pangéran wis ngancam bakal nekakaké bebaya sing nggegirisi banget marang wong-wong mau."

8Barukh banjur maca pangandikané Allah mau ana ing Pedalemané Allah cocog karo piwelingku marang dhèwèké.

9Ing sasi kaping sanga, taun kaping limané Yoyakim jumeneng raja ing Yéhuda, wong-wong padha pasa, supaya olèh berkahé Pangéran. Wong sing padha manggon ing Yérusalèm, mengkono uga sing padha teka saka kutha-kuthané Yéhuda, kabèh padha nglakoni pasa.

10Wong mau kabèh padha ngrungokaké Barukh sing maca saka kertas gulungan, sakèhé tembungku sing ditulis dhèwèké. Enggoné maca mau ana ing Pedalemané Allah, ing kamaré Gemarya anaké sèkretaris Safan. Kamar mau ana ing plataran ndhuwur, cedhak karo Gapura Anyar.

11Mikhaya bin Gemarya bin Safan krungu pemacané Barukh saka kitab gulungan mau, bab sakèhé dhawuh sing dingandikakaké déning Pangéran.

12Mikhaya banjur menyang kedhaton, menyang kamaré sèkretaris kraton. Para pegawé lagi padha ngumpul ana ing kono. Èlisama, sèkretarisé kraton, Délaya bin Semaya, Èlnatan bin Akhbor, Gemarya bin Safan, Zedekia bin Hananya lan para pegawé liyané mbeneri ana ing kono kabèh.

13Mikhaya banjur ngaturi pirsa marang para penggedhé mau sakèhé pangandika sing dirungu, nalika Barukh macakaké kitab gulungan mau marang wong akèh.

14Para penggedhé mau banjur utusan Yehudi bin Nétanya, bin Selèmya, bin Kusy, nimbali Barukh didhawuhi nggawa kitab gulungan sing diwacakaké marang wong akèh.

15Banjur padha ngandika marang Barukh, "Mangga kula aturi lenggah, sarta maosaken kitab menika kanggé kula sedaya." Barukh banjur njupuk kitabé gulungan.

16Bareng olèhé maca wis rampung para penggedhé mau padha kagèt banget, nuli kandha siji karo sijiné, "Kita kedah énggal-énggal ngaturaken sakathahing pangandika menika dhateng Sang Prabu."

17Banjur padha ndangu marang Barukh, "Kadospundi caranipun panjenengan ngantos saged nyerat prekawis menika sedaya? Menapa panjenengan dipun dhikté déning Yérémia?"

18Wangsulané Barukh, "Inggih, Nabi Yérémia ndhikté kula, lajeng kula serat mawi mangsi ing kertas gulungan menika."

19Para penggedhé banjur padha ngandika mengkéné, "Panjenengan lan Nabi Yérémia kedah sami ndhelik sampun ngantos kasumerepan sintena kémawon."

20Para penggedhé banjur padha nyinggahaké kitab gulungan mau ana ing kamaré Èlisama, sèkretaris kraton, banjur padha sowan Sang Prabu, nglapuraké kedadéan mau kabèh.

21Sang Prabu banjur ngutus Yehudi njupuk kitabé gulungan. Kitab mau banjur dijupuk saka kamaré Èlisama, sarta diwacakaké marang Sang Prabu lan para penggedhé sing padha ngadeg ing sacedhaké.

22Nalika semono mangsa bedhidhing, mula Sang Prabu lenggah ana ing pasanggrahan ing mangsa bedhidhing, cedhak karo prapèn murub.

23Yehudi enggoné maca lagi entèk telu patang kaca, bareng Sang Prabu mundhut sing wis kawaca mau, nuli disuwèk nganggo péso lan dicemplungaké ing geni. Mengkono saterusé nganti kitab gulungan mau entèk kobong kabèh.

24Sang Prabu sarta para pegawé sing padha krungu pangandikané Pangéran mau ora ana sing katon wedi utawa sedhih.

25Senajan Èlnatan, Délaya lan Gemarya nyuwun supaya Sang Prabu aja ngobong kitab mau, nanging panjenengané ora maèlu.

26Malah dhawuh marang Pangéran Yerahméèl lan Seraya bin Azrièl sarta Selèmya bin Abdéèl supaya nyekel aku lan Barukh sèkretarisku. Nanging aku diumpetaké déning Pangéran.

27(36:27-28) Sawisé Raja Yoyakim ngobong kitab gulungan sing didhiktèkaké marang Barukh, Pangéran ngandika marang aku, supaya njupuk kertas gulungan lan nulis menèh sakèhé pangandika sing wis katulis ana ing kitab gulungan sing kapisan.

28(36:27)

29Aku didhawuhi matur marang Sang Prabu mengkéné, "Kitab gulungan wis kokobong lan kowé wis takon marang Yérémia apa sebabé nulis, yèn raja ing Babil bakal teka lan nggempur tanah kéné sarta matèni wong-wongé sakéwan-kéwané pisan?

30Saiki Aku ngandika marang kowé, Raja Yoyakim, ora ana turunmu sing bakal dadi raja ana ing kratoné Dawud. Jisimmu bakal dibuwang ing njaba, temah yèn awan kepanasen lan yèn bengi kadhemen merga kena ing ebun.

31Kowé bakal Dakukum, mengkono uga anak-turunmu lan para pegawému merga saka sakèhé piala sing padha dilakoni. Kowé lan wong-wong ing Yérusalèm apa déné wong Yéhuda padha ora nggatèkaké marang piweling-Ku, mulané Aku bakal nekakaké sakèhé bebaya sing wis Dakgawé ngancam marang kowé."

32Aku banjur njupuk kertas gulungan menèh, dakwènèhaké marang Barukh, sèkretarisku. Barukh banjur nulis kabèh sing wis dakwedharaké. Apa sing kaemot ana ing kitab gulungan kapisan ditulis kabèh, semono uga sakèhé bab sing dakdhiktèkaké.



 <<  Yeremia 36 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel