Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 40 >> 

1Sawisé aku diluwari déning komandhan Nebuzaradan ana ing Rama, Pangéran ngandika marang aku. Enggonku digawa tekan Rama kuwi karo diranté, bebarengan karo wong-wong liyané saka Yérusalèm lan saka Yéhuda, sing kaboyong dadi wong tawanan menyang tanah Babil.

2Komandhané serdhadhu sing ngawal rombongan mau kandha karo aku mengkéné, "Pangéran Allah sampéyan sampun ngancam badhé ndhatengaken bebaya dhateng tanah menika.

3Lan samenika sampun èstu kelampahan menapa ingkang dipun ngandikakaken. Menika sedaya margi bangsa sampéyan sampun damel dosa dhateng Pangéran sarta nglawan Panjenenganipun.

4Samenika ranté sampéyan badhé kula uculi lan sampéyan kula luwari. Menawi sampéyan kepéngin tumut dhateng Babil kaliyan kula inggih kénging. Sampéyan badhé kula rimati. Nanging menawi sampéyan mboten kepéngin tumut, inggih mboten menapa-menapa. Sampéyan kénging milih badhé manggèn ing pundi kémawon ing negari menika, utawi badhé késah dhateng pundi kémawon ingkang sampéyan kajengaken."

5Bareng aku ora mangsuli, komandhan Nebuzaradan mau banjur kandha, "Prayogi sampéyan wangsul kémawon dhateng griyanipun Gedalya bin Ahikam bin Safan, ingkang sampun kaangkat déning raja ing Babil dados gubernur kanggé daérah Yéhuda. Sampéyan saged manggèn kaliyan Gedalya, ing satengahipun rakyat, utawi késah dhateng panggènan sanès ingkang sampéyan anggep saé lan leres." Aku banjur disangoni pangan karo presèn, lan dikon lunga sekarepku.

6Aku nuli manggon ing omahé Gedalya, ing Mizpa, ana ing satengahé rakyat, sing kari ana ing tanah kono.

7Ora kabèh perwira lan prejurit Yéhuda pasrah karo raja ing Babil. Wong-wong mau krungu yèn raja Babil ngangkat Gedalya dadi gubernur ing Yéhuda, ditugasaké ngawat-awati wong-wong sing ora katut kaboyong menyang Babil, yakuwi wong-wong sing miskin dhéwé ing satanah kono.

8Ismaèl bin Netanya, Yohanan bin Keréa, Seraya bin Takhumèt, anak-anaké Safai, wong Netofa, lan Yézanya anaké priyayi ing Maaka padha nemoni Gedalya ing Mizpa didhèrèkaké tentarané.

9Gubernur Gedalya nuturi wong-wong mau mengkéné, "Yèn kowé pasrah karo wong Babil, aku tanggung, kowé ora susah kuwatir. Manggona ing tanah kéné, ngawulaa marang raja Babil, lan kowé bakal slamet.

10Aku dhéwé tetep manggon ing Mizpa, makili kowé kabèh, menawa wong Babil padha teka mréné. Kowé kena ngumpulaké anggur, woh-wohan, lenga zaitun, lan kena koksimpen, sarta manggon ing désa sing koksenengi."

11Wong-wong Israèl sing manggon ing Moab, ing Amon, ing Édom lan ing tanah-tanah liyané padha krungu yèn raja Babil ngidinaké wong Israèl sawetara manggon ing Yéhuda lan wis ngangkat Gedalya dadi gubernur.

12Wong-wong mau banjur padha ninggal tanah sing dipondhoki lan padha bali menyang Yéhuda, sarta nemoni Gedalya ing Mizpa. Ana ing kono wong-wong mau padha nglumpukaké woh anggur nganti olèh akèh banget.

13Sawisé mengkono Yohanan lan para komandhané prejurit-prejurit sing padha tundhuk karo Babil, padha nekani Gedalya ing Mizpa,

14karo kandha mengkéné, "Menapa Panjenengan mboten pirsa bilih Raja Baalis ing Amon sampun ngutus Ismaèl mejahi Panjenengan?" Nanging Gedalya ora ngandel.

15Yohanan banjur matur dhèwèkan marang Gedalya mengkéné, "Kula badhé mejahi Ismaèl, mboten badhé konangan sinten-sintena. Kénging menapa tiyang menika dipun parengaken mejahi Panjenengan. Menika namung badhé njalari tiyang Yahudi ingkang sami ngempal kaliyan Panjenengan ing ngriki kabuyaraken, lan menika badhé ndhatengaken paukuman kanggé sedaya tiyang ingkang kantun ing Yéhuda ngriki."

16Nanging Gedalya mangsuli, "Ismaèl sampun ngantos sampéyan pejahi, awit menapa ingkang sampéyan sanjangaken bab Ismaèl menika mboten leres!"



 <<  Yeremia 40 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel