Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 42 >> 

1Para perwiraning tentara, klebu uga Yohanan bin Karéah lan Azarya bin Hosaya sarta rakyat kabèh padha teka marani aku,

2tembungé, "Panyuwun kula mugi sampéyan turuti! Kula nyuwun panjenengan dongakaken dhateng Pangéran Allah kita, inggih kula sedaya ingkang taksih kantun menika. Rumiyin cacah kula kathah, nanging samenika kantun sekedhik, kados ingkang saged panjenengan pirsani menika.

3Kula aturi nyuwunaken dhateng Pangéran Allah kita nedahaken margi ingkang kedah kula ambah, lan menapa ingkang prelu sami kula lampahi!"

4Aku mangsuli, "Ya, becik. Aku arep ndedonga marang Pangéran Allah kita, kaya penjalukmu. Lan apa waé sing dingandikakaké, bakal dakkandhakaké marang kowé. Aku ora arep ngurangi senajan mung satembung waé."

5Banjur padha kandha mengkéné, "Mugi Pangéran dadosa seksi ingkang setya tuhu lan kénging dipun pitados menawia kula mboten ngèstokaken sedaya pangandikanipun Pangéran, Allah kita.

6Mbingahaken menapa mboten kanggénipun kula, kula sami badhé ngèstokaken Pangéran Allah kita, ingkang panjenengan suwuni pitedah kanthi pandonga."

7Let sepuluh dina Pangéran ngandika marang aku.

8Aku banjur nglumpukaké Yohanan, para perwirané tentara lan wong liya-liyané kabèh.

9Kandhaku mengkéné, "Pangéran, Allahé Israèl, sing daksowani merga saka penjalukmu ngandika mengkéné marang aku,

10‘Yèn kowé gelem tetep manggon ing tanah kéné, kowé bakal Dakbangun lan ora Dakbubrah. Aku keduwung déné wis nekakaké paukuman marang kowé.’

11Aja padha wedi menèh marang raja ing Babil. Aku nunggal karo kowé, lan Aku bakal ngluwari kowé saka tangané.

12Merga Aku iki mahawelas, mulané bakal gawé supaya wong mau melasi kowé, lan marengaké kowé bali manggon ana ing tanahmu menèh. Mengkono pangandikané Pangéran."

13(42:13-15) Nanging kowé wong-wong sing padha kari ana ing Yéhuda, kudu padha mbangun-turut marang Pangéran, Allahmu lan aja wegah manggon ing tanah kéné. Kowé ora kena muni, "Mboten, kula badhé manggèn wonten ing tanah Mesir kémawon, awit ing ngrika kula badhé mboten ngalami perang malih lan mireng sabawaning perang utawi kekirangan tedha." Yèn kowé muni mengkono, Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl ngandika, "Yèn kowé kenceng arep menyang tanah Mesir lan manggon ana ing kana,

14(42:13)

15(42:13)

16perang sing kokwedèni kuwi bakal nututi kowé mrana, lan kekurangan pangan sing gawé girismu bakal ngetutaké lakumu, nganti kowé bakal mati ana ing tanah Mesir.

17Kabèh wong sing kenceng arep lunga menyang tanah Mesir lan manggon ana ing kana bakal mati merga perang, kaliren utawa pageblug. Ora ana sing bakal isih urip. Ora ana sing bakal bisa ngoncati bebaya sing bakal Daktekakaké marang wong-wong kuwi.

18Pangéran Allahé Israèl ngandika, ‘Duka-Ku sing mulad-mulad sing Daktekakaké marang wong-wong Yérusalèm iya kuwi sing bakal Dakesokaké marang kowé yèn kowé padha lunga menyang tanah Mesir. Kowé bakal dadi sesawangan sing nggegirisi. Kowé bakal disepèlèkaké lan dipoyoki ing wong lan jenengmu bakal dienggo ngipat-ipati. Kowé bakal ora ndeleng panggonan iki menèh.’"

19Banjur dakterusaké, "Pangéran ngandika marang kowé, kekarèné wong-wong sing isih ana ing Yéhuda supaya aja padha lunga menyang tanah Mesir. Aku ngélingaké kowé sepisan menèh,

20poma aja salah tindakmu nganti kowé nemu cilaka. Kowé wis njaluk aku ndongakaké kowé marang Pangéran Allah kita lan kowé wis janji arep ngèstokaké dhawuhé.

21Mangka bareng saiki kowé dakkandhani dhawuhé Pangéran, kowé nampik sakèhé dhawuh sing diparingaké déning Pangéran marang kowé lantaran aku.

22Yèn mengkono, titènana: kowé bakal mati merga déning perang, utawa paceklik utawa pageblug ing tanah sing arep kokparani."



 <<  Yeremia 42 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel