Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 49 >> 

1Pangandikané Pangéran kanggo Amon mengkéné, "Apa ing kéné ora ana wong Israèl sing mbélani tanah pusakané? Apa sebabé déné wong-wong sing nyembah Déwa Molokh nganti bisa ngrebut tanah pusakané taler Gad lan padha manggon ana ing kono?

2Nanging wis tekan mangsané wong-wong sing padha manggon ing kutha krajan Raba padha krungu gemuruhing perang sing Daktekakaké, sing bakal nggempur Raba lan ngobong désa-désané kadadèkaké gempuran, nganti Israèl ngebèki tanah mau kabèh, karebut saka tangané wong-wong sing biyèn ngrebut saka dhèwèké.

3Hé wong Hèsbon, padha sambata! Kutha Ai wis katumpes! Hé para wong wadon ing Raba, kuthamu tangisana. Padha nganggoa bagor lan padha nangisa. Kowé bakal padha mlayu karo gugup. Brahalamu Molokh bakal kaboyong dadi tawanan bareng karo para imam lan para penggedhé.

4Hé wong murtad, yagéné kowé padha kumenthus? Kowé wis ora duwé kasektèn menèh. Yagéné kowé ngendelaké marang kekuwatanmu lan sesumbar yèn ora ana wong sing wani nglurugi perang?

5Aku bakal nekakaké pagiris sing ngepung kowé. Kowé kabèh bakal padha keplayu. Saben wong bakal keplayu nylametaké uripé, lan bakal ora ana wong sing nglumpukaké tentaramu menèh.

6Nanging mbésuk Aku bakal mbangun Amon menèh dadi bangsa sing makmur. Mengkono pangandikané Pangéran."

7Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa kanggo Édom mengkéné, "Apa wong Édom wis ora duwé kawicaksanan menèh? Apa penaséhaté wis ora bisa awèh pamrayoga menèh bab apa sing kudu ditindakaké déning Édom? Apa sakèhé kawicaksanané wis musna kabèh?

8Hé wong ing Dédan, énggal padha mlayua! Padha ndhelika! Sebab Aku bakal numpes anak-turuné Ésau, merga saiki wis tekan mangsané Aku ndhawahaké paukuman marang wong-wong mau.

9Yèn wong ngundhuh anggur lumrahé ngarèkaké woh sawetara ana ing wit, lan kècu sing ngrampog ing wayah bengi lumrahé mung njupuk barang sawetara sing dibutuhaké.

10Nanging Aku bakal mblèjèdi anak-turuné Ésau lan ngeblakaké papan-papan pandhelikané, nganti padha ora bisa umpetan menèh. Wong Édom kabèh bakal katumpes. Ora ana siji waé sing kari.

11Tinggalen anak-anakmu sing lola, karebèn mèlu Aku; Aku sing bakal ngrumati. Para randhamu Aku sing bakal nguripi.

12Yèn wong sing mesthiné ora katut kaukum meksa kena ing paukuman, apa kokkira kowé bisa ngoncati paukuman kuwi? Ora, kowé kudu ngombé saka tuwunging paukuman uga!

13Aku wis sumpah yèn kutha Bozra bakal dadi sesawangan sing nggegirisi lan kaya ara-ara samun. Bozra bakal dipoyoki wong akèh lan jenengé dienggo ngipat-ipati wong. Désa-désa ing sakiwa-tengené bakal dadi jugrugan ing selawas-lawasé. Mengkono pangandikané Pangéran."

14Pangucapku mengkéné, "Édom, aku wis tampa wangsit saka Pangéran. Panjenengané wis ngutus wong ndhawuhi bangsa-bangsa supaya padha nglumpukaké wadyabalané lan samekta nglurug perang nempuh kowé.

15Kowé bakal digawé kalah déning Pangéran, nganti kowé bakal ora kajèn.

16Gemunggungmu wis nasaraké kowé. Apa kokkira wong-wong padha wedi karo kowé? Kowé manggon ana ing gunung parang, nanging senajan kowé manggon ing papan sing dhuwur kaya manuk garudha, éwasemono Pangéran bakal ngasoraké kowé. Mengkono pangandikané Pangéran."

17Pangandikané Pangéran, "Cilaka wong sing bakal nekani Édom, semono enggoné nggegirisi, nganti saben wong sing liwat ing kono bakal kagèt lan ketaman pagiris.

18Sing dialami déning Édom kuwi ora béda karo sing dialami déning Sodom lan Gomora nalika katumpes bareng karo kutha-kutha ing sakubengé. Ora ana wong sing bakal gelem manggon ana ing kono menèh. Mengkono pangandikané Pangéran.

19Kaya déné singa sing jumedhul saka rerungkudan sauruté Kali Yardèn banjur marani pangonan sing suketé ijo royo-royo, kaya mengkono enggon-Ku bakal teka, mula wong Édom bakal padha keplayu dadakan saka negara kono. Aku bakal milih pemimpin, sing ngerèh bangsa mau. Aku arep dipadhakaké karo sapa? Sapa sing wani nantang Aku? Raja endi sing arep nglawan Aku?

20Mulané rungokna rancangan-Ku kanggo wong Édom, lan apa sing bakal Daktindakaké marang kutha Téman. Tekan anak-anaké pisan bakal disèrèd metu lan saben wong bakal ketaman pagiris.

21Yèn Édom ambruk, swarané ngoregaké bumi, lan sambaté bakal keprungu tekan Teluk Akaba.

22Mungsuhé bakal nempuh kutha Bozra kaya manuk garudha sing nglayang karo ngegaraké swiwiné. Ing dina kuwi para prejurité Édom bakal padha ketaman pagiris kaya wong wadon sing lagi nglarani."

23Pangandikané Pangéran kanggo Damsyik mengkéné, "Wong-wong sing padha manggon ana ing kutha Hamat lan Arpad bakal padha trataban lan gemeter merga padha krungu kabar bakal tekané paukuman. Wong kabèh padha ketaman pagiris mula ora ana sing tentrem atiné.

24Wong-wong sing padha manggon ing Damsyik atiné ngedhap lan saka wediné banjur padha mlayu. Padha nandhang lara lan perih kaya wong wadon sing lagi nglarani.

25Kutha sing lumrahé seneng-seneng malih dadi kutha suwung lan sepi.

26Ing dina kuwi para nonoman bakal padha dipatèni ana ing dalan-dalan, lan sakèhé prejurit bakal padha katumpes.

27Bètèngé Damsyik bakal Dakobong, semono uga kedhatoné Raja Bènhadad. Mengkono pangandikané Pangéran, Allah Kang Mahakwasa."

28Mengkéné pangandikané Pangéran kanggo bangsa-bangsa Kédar lan wilayah-wilayah jajahané kutha Hazor, sing biyèn ditelukaké déning Nebukadnésar, raja ing Babil, "Wong Kédar lurugana perang lan tumpesen bangsa sing ana ing sisih Wétan kuwi!

29Rayahen kémah-kémahé lan pepanthaning wedhusé, gordhèn-gordhèné kémahé lan apa waé sing ana ing kémahé. Unta-untané rebuten kabèh lan wong-wongé kandhanana, ‘Kowé dikepung déning panindhes lan pangrodha-peksa!’"

30Aku, Pangéran ngandika marang kowé, "Hé wong Hazor, énggal mlayua, lan ndhelika. Nebukadnésar raja ing Babil ngrancang nglurugi perang kowé.

31Mengkéné rasanané, ‘Ayo! Kita nempuh bangsa sing rumangsané wis aman lan sentosa! Kuthané ora nganggo lawang lan slorogan sarta ora dijaga babar-pisan.’

32Unta-untané rebuten, semono uga raja-kaya liyané! Wong-wong sing padha nganggo potongan rambut cendhak kuwi bakal Dakbuyaraké menyang endi-endi. Aku bakal nekakaké paukuman marang wong mau saka kéblat papat.

33Hazor selawas-lawasé bakal dadi ara-ara samun sing mung dienggoni déning asu ajag. Ora ana wong sing bakal manggon ana ing kono menèh. Mengkono pangandikané Pangéran."

34Ora wetara suwé sawisé Zedekia jumeneng raja ing Yéhuda. Pangéran Kang Mahakwasa ngandika marang aku kanggo tanah Élam mengkéné,

35"Wong sing padha pinter manah ing Élam, sing ndadèkaké negara iki gedhé pangwasané, bakal Dakpatèni kabèh.

36Aku bakal nekakaké angin saka kéblat papat sing mbuyaraké wong-wong Élam menyang endi-endi, nganti ora ana negara sing ora kanggonan wong ngungsi saka Élam.

37Wong Élam bakal Dakgawé giris ngadhepi mungsuhé sing ngarah nyawané. Sajroning mulading duka-Ku wong Élam bakal Daktumpes. Aku bakal nekakaké tentara supaya nyerang lan wong Élam kabèh disapu resik.

38Para rajané lan para penggedhéné bakal Daktumpes kabèh, sarta ngedegaké dhampar-Ku ana ing kana.

39Nanging mbésuk bangsa Élam bakal Dakdadèkaké makmur menèh. Mengkono pangandikané Pangéran."



 <<  Yeremia 49 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel