Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 5 >> 

1Hé wong ing Yérusalèm, padha mlayua ing dalan-dalan! Tamatna! Delengen dhéwé! Menyanga pasar-pasar! Apa kowé kepethuk wong sing temen lakuné, sing ngarah supaya uripé setya marang Allah? Yèn kowé bisa nemokaké wong sing mengkono, Allah bakal ngapura dosané Yérusalèm.

2Senajan kowé ngaku yèn ngabekti marang Allah, lakumu ora cocog karo tembungmu.

3Gusti Allah madosi kasetyan. Senajan kowé wis digebagi, nanging ora kokpaèlu; kowé wis ditindhes, nanging ora ngerti karepé. Atimu wangkal, ora gelem mratobat medhot dosa-dosamu.

4Aku mikir, "Bisa uga merga wong-wong iki mung wong cilik sing bodho, mulané uripé tanpa aturan lan ora ngerti marang dhawuhé Allah, ora ngerti apa sing dikersakaké, lan sing kudu padha dilakoni.

5Daknemoni para penggedhé, dakjaké rembugan. Wong-wong kuwi mesthi padha ngerti apa sing didhawuhaké déning Allah, sing kudu padha dilakoni." Jebulé wong kabèh mau padha nampik ngakoni wewenangé Allah lan ora gelem mbangun-turut marang Panjenengané.

6Ya kuwi sebabé wong-wong mau bakal padha dipatèni déning singa-singa saka alas; lan dagingé disempal-sempal déning asu ajag saka ara-ara samun, sarta dimangsa déning macan tutul sing saba mlebu ing kutha-kuthané, samasa metu saka omahé, wong-wong mau bakal disempal-sempal. Merga dosané sing tumpuk-undhung, mangka saben-saben padha murtad ninggal Allahé.

7Pendanguné Pangéran mengkéné, "Apa gunané Aku ngapura dosané umat-Ku? Anak-anakmu rak wis padha ninggal Aku, lan padha nyembah brahala sing ora ana paédahé? Umat-Ku wis Dakparingi mangan nganti wareg, éwasemono banjur padha nyembah brahala lan ngentèkaké wektuné kanggo nyundel.

8Wis kaya jaran lanang sing gedhé birainé, kepéngin ngawini jodhoning jaran liya.

9Apa pokal sing kaya mengkono kuwi ora Dakukum, apa penggawéné bangsa iki ora mesthi Dakwales?

10Aku bakal nekakaké mungsuh-mungsuhé, ngrusak kebon angguré, nanging ora nganti tapis. Pang-pangé wit anggur Dakdhawuhi nyempali, merga pang-pang mau dudu kagungan-Ku.

11Wong Israèl lan wong Yéhuda banget enggoné padha goroh marang Aku. Aku, Pangéran kang ngandika!"

12Umaté Allah wis nyélaki Panjenengané lan padha muni, "Panjenengané dudu Allah" lan menèh, "Kita bakal ora nandhang kasusahan apa-apa; bakal ora ana perang lan paceklik."

13(5:13-14) Kandhané menèh, "Nabi-nabi kuwi rak mung ngayawara. Ora padha medharaké pangandikané Allah. Karebèn paukuman mau nekanana wong kuwi dhéwé." Pangéran Allah ngandika marang aku, "Yérémia, sarèhné wong-wong mau padha kandha mengkono, pangandika-Ku bakal Dakdadèkaké kaya geni sing metu saka lambému. Wong-wong mau bakal kaya kayu garing, sing entèk kobong kabèh."

14(5:13)

15Hé wong Israèl, Allah bakal nekakaké bangsa saka adoh nglurugi kowé. Bangsa mau ampuh lan wis ana wiwit jaman kuna mula, bangsa sing kowé ora ngerti basané.

16Bala pemanahané kuwi tentara sing peng-pengan, sing matèni tanpa welas.

17Kuwi bakal nguntal panènmu lan panganmu; matèni anakmu lanang lan wadon. Bakal nyembelèh wedhus lan sapimu, sarta ngrusak anggurmu lan witmu ara. Kutha-kuthamu sing disentosani nganggo bètèng lan kokendel-endelaké bakal digempur kabèh.

18Pangandikané Pangéran, "Éwasemono ing dina kuwi Aku ora arep ngremuk umat-Ku nganti tapis.

19Yérémia, yèn ana wong takon, apa sebabé Aku tumindak mengkono, wangsulana, ‘Sarèhné wong Israèl wis ninggal Aku lan nyembah allah liyané nalika isih manggon ana ing tanahé dhéwé, mulané saiki bakal dadi baturé wong manca ana ing negara liya.’"

20Pangandikané Pangéran, "Anak-turuné Yakub kandhanana, wong-wong Yéhuda wènèhana weruh,

21‘Rungokna, hé wong bodho lan tanpa budi. Kowé duwé mripat nanging ora ndeleng, kowé duwé kuping nanging ora ngrungu.

22Aku iki Pangéran; yagéné kowé ora wedi karo Aku? Yagéné kowé ora gemeter ing ngarsa-Ku. Wedhi Dakdadèkaké watesé segara, wates sing ora kena dilangkahi. Senajan ombaké molak-malik, lan jumegur iya ora bisa ngliwati wates mau.’

23Nanging kowé kuwi bangsa sing atiné wangkal lan mbangkang. Kowé nylèwèng lan ninggal Aku.

24Kowé ora tau mosik ing sajroning atimu, ‘Dakngabekti marang Allah!’ Senajan Aku nekakaké udan, iya udan awal, iya udan akir miturut wektuné, sarta saben taun nekakaké panèn.

25Nanging dosa-dosamu gawé wurungé barang-barang becik mau lan pialamu ngedohaké kabegjan saka ing kowé.

26Ing antarané umat-Ku ana sing ala atiné, sing arep njiret wong carané kaya wong sing masang jaring arep njaring manuk.

27Wong mau kurungané dikebaki manuk, iya mengkono enggoné ngebaki omahé nganggo barang-barang rampasan. Mulané padha sugih-sugih lan gedhé wibawané,

28sarta awaké lemu ginuk-ginuk. Pialané ngluwih-ngluwihi. Bocah lola ora diwènèhi apa sing dadi haké, lan wong mlarat ora dilayani kanthi adil.

29Nanging Aku, Pangéran, bakal ngukum penggawéné wong-wong mau, bakal Dakwales sakèhé pialané bangsa iki.

30Apa sing wis kelakon ana ing tanah kéné kuwi nisthané katog:

31Nabi-nabiné padha mulangaké goroh. Para imam padha tundhuk karo préntahé nabi-nabi. Mangka umat-Ku padha seneng waé karo kaanan sing kaya mengkono. Nanging yèn kuwi mau kabèh wis katog banjur apa sing bakal ditindakaké?"



 <<  Yeremia 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel