Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 52 >> 

1Nalika Zedekia jumeneng raja ing Yéhuda, yuswané selikur taun. Enggoné ngedhaton ing Yérusalèm lawasé sewelas taun. Asmané ibuné Hamutal, putrané putri Yérémia, sing manggon ing kutha Libna.

2Raja Zedekia nglampahi dosa marang Pangéran, ora béda karo dosané Yoyakim.

3Pangéran duka banget marang wong Yérusalèm lan wong Yéhuda nganti wong-wong mau katundhung kabèh saka ngarsané. Zedekia nglawan marang Nebukadnésar, raja ing Babil,

4mula Nebukadnésar banjur nglurugi perang nggawa tentarané kabèh sarta nyerbu Yérusalèm ing dina kaping sepuluh, sasi kaping sepuluh, taun kaping sangané pepréntahané Zedekia. Banjur padha pasang kémah ana ing sanjabané kutha, ngepung bètèngé,

5nganti taun kaping sewelasé pepréntahané Zedekia.

6Ing dina kaping sanga, sasi kaping pat taun kuwi, yakuwi bareng pacekliké kutha kono wis banget, nganti wis ora ana sing dipangan déning rakyat,

7bètèngé kutha ambruk. Senajan dikepung déning tentara Babil, nanging bengi kuwi Zedekia lan tentarané lolos, oncat metu saka kutha kono. Lakuné metu petamanan kedhaton, menyang gapura ing sela-selané bètèng loro, banjur mlayu ngener Lebak Yardèn.

8Nanging Raja Zedekia banjur dioyak déning wadyabala Babil lan ketututan ora adoh saka Lebak Yérikho. Raja Zedekia ditinggal mlayu déning para prejurité, banjur dicekel tentara Babil.

9Panjenengané diirid menyang ngarsané Raja Nebukadnésar, sing nalika semono ana ing Riblah, ing daérah Hamat. Ana ing kono Zedekia didhawahi paukuman.

10Para putrané Zedekia kakung padha disédani ana ing ngarsané, semono uga para penggedhéné kraton Yéhuda.

11Sawisé mengkono paningalé Zedekia dicukil lan astané diblenggu nganggo ranté sarta kairid menyang Babil. Ana ing pembuwangan kono Zedekia dilebokaké ing pakunjaran nganti sasédané.

12Ing dina kasepuluh, sasi kalima, taun kaping sangané pepréntahané Nebukadnésar, raja ing Babil, Nebuzaradan, penaséhaté Sang Prabu lan sénapatiné wadyabala Babil mlebu ing Yérusalèm.

13Nebuzaradan banjur ngobong Pedalemané Allah, kedhaton sarta omah-omah, dalemé para penggedhé ing Yérusalèm.

14Para prejurité padha nggempur bètèngé kutha.

15Sakèhé wong sing isih kari ing Yérusalèm, semono uga para tukang sing pengalaman lan wong Israèl sing padha nggabung mèlu wong Babil padha diboyong déning Nebuzaradan menyang Babil.

16Nanging ana wong sawetara sing mlarat banget ditinggal ing Yéhuda, yakuwi wong-wong sing padha ora duwé lemah. Wong-wong mau padha dikon nggarap pategalan lan kebon anggur.

17Wong Babil padha nggempur cagak prunggu lan kréta sing ana ing Pedalemané Allah, semono uga kulah gedhé wadhah banyu, lan prunggu-prunggu mau diangkut menyang Babil.

18Uga sekop lan wadhah awu sing kanggo ngresiki mesbèh, piranti-piranti ubarampéné lampu, pengaron-pengaron sing kanggo madhahi getihé kéwan sing dienggo kurban, sarta bokor-bokor sing kanggo ngobong dupa, lan piranti-piranti liyané saka prunggu sing dienggo ing Pedalemané Allah.

19Piranti-piranti saka emas lan slaka dijupuki kabèh, kayata mangkok-mangkok, panci-panci sing kanggo wadhah mawa, pengaron-pengaron wadhah getihé kéwan sing kanggo kurban, wadhah awu, cagak lampu, bokor wadhah dupa, lan bokor-bokor sing kanggo wadhah anggur kanggo saos kurban dhaharan.

20Barang-barang saka prunggu yasané Sang Prabu Suléman sing kanggo ana ing Pedalemané Allah, kayata cagak-cagak, kréta-kréta lan kulah gedhé wadhah banyu sing disangga déning sapi lanang rolas saka aboté nganti ora kena ditimbang.

21(52:21-22) Cagak-cagak prunggu kuwi kabèh padha ukurané. Saben cagak dhuwuré wolung mèter lan ubengé 5,3 mèter. Kandelé prunggu 75 milimèter, ing njeroné growong. Ing sandhuwuré cagak mau ana endhasé saka prunggu, sing dhuwuré 2,2 mèter. Endhas mau saubengé direngga nganggo ukiran nam-naman rupa woh dlima, sing iya kagawé saka prunggu.

22(52:21)

23Ing saben cagak ana nam-namané woh dlima satus iji, ing antarané 96 katon saka ngisor.

24Kejaba saka kuwi Nebuzaradan, sénapatiné tentara Babil, iya mboyong Seraya Imam Agung, Zéfanya, imam pembantuné Seraya lan pegawé tinggi ing Pedalemané Allah cacahé telu.

25Uga katut ditawan perwira komandhané tentara kutha kono, para penaséhaté Sang Prabu, cacahé pitu, sing isih ana ing kutha. Para perwira sing mbiyantu komandhan nyatheti lakuné operasi militèr, sarta pemimpin-pemimpin penting cacahé 60.

26Wong-wong mau disowanaké déning Nebuzaradan ing ngarsané Sang Prabu Nebukadnésar, sing nalika semono lenggah ing kutha Riblah, ing daérah Hamat.

27Ana ing kutha kono wong-wong mau padha disiksa nganti mati déning Nebukadnésar. Kaya mengkono wong Yéhuda enggoné katawan sarta kaboyong menyang pembuwangan.

28(52:28-30) Daftaré wong-wong sing ditawan lan diboyong déning Nebukadnésar kuwi mengkéné: Ing taun kapitu pepréntahané Nebukadnésar. Sang Prabu nawan lan mboyong wong 3.023; ing taun kaping wolulasé 832 saka Yérusalèm; ing taun kaping telulikur pepréntahané wong 745. Dadi cacahé wong sing diboyong kabèh ana wong 4.600.

29(52:28)

30(52:28)

31Nalika Éwil-Merodakh dadi raja ing Babil, panjenengané ngetingalaké piwelasé marang Yoyakhin, raja ing Yéhuda, banjur ngluwari panjenengané saka pakunjaran. Kelakoné kuwi nalika Yoyakhin enggoné kakunjara wis olèh 37 taun, sasi rolas, tanggal selawé.

32Sang Prabu Éwil-Merodakh tangkepé becik marang Raja Yoyakhin, mula diparingi kalenggahan sing luwih dhuwur ketimbang karo para raja liyané sing bebarengan karo Yoyakhin kaboyong menyang ing Babil.

33Yoyakhin diparengaké ora ngagem ageman pakunjaran lan pareng dhahar bebarengan karo Sang Prabu Éwil-Merodakh nganti sasédané.

34Sajroné sugengé Yoyakhin saben dina nampi sakebutuhané saka Sang Prabu Éwil-Merodakh.



 <<  Yeremia 52 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel