Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 7 >> 

1(7:1-3) Aku didhawuhi Pangéran ngadeg ana ing gapurané Pedalemané Allah, sing kanggo liwat wong Yéhuda, enggoné arep padha ngibadah. Aku didhawuhi ngumumaké apa sing bakal ditindakaké déning Pangéran Allahé Israèl Kang Mahakwasa. Pangandikané Pangéran, "Nindakna kabecikan, mesthi kowé Daklestarèkaké manggon ing tanah kéné.

2(7:1)

3(7:1)

4Aja ngandel marang tembung apus-apus, sing muni, ‘Kita aman ana ing kéné. Iki Pedalemané Allah, iki Pedalemané Allah, iki Pedalemané Allah!’

5Menawa kelakuan lan penggawému becik, yèn kowé tumindak adil siji karo sijiné.

6Menawa kowé ora nyia-nyia marang wong manca, bocah lola lan randha, sarta ora ngwutahaké getihé wong resik ana ing panggonan kéné, apa déné ora manut marang allah liyané, kang ndadèkaké bilaimu dhéwé.

7Kowé mesthi bakal Daklestarèkaké manggon ana ing tanah kéné, tanah sing wis Dakparingaké marang leluhurmu dadi tanah pusakané."

8"Nanging kowé padha ngandel marang tembung goroh.

9Kowé padha nyolong, mematèni, nyembah brahala, wani sumpah palsu, awèh sesajèn marang Baal, sarta nyembah allah-allah sing ora kokkenal sadurungé.

10Kowé wis padha nglakoni prekara-prekara sing Daksengiti, banjur kowé sowan ing ngarsa-Ku, ana ing Pedaleman-Ku karo muni, ‘Ing kéné kita aman!’

11Apa kokkira Pedaleman-Ku iki pandhelikané bégal? Aku pirsa sakèhé penggawému.

12Lungaa menyang Silo, panggonan sing Dakpilih kanggo manembah marang Aku. Delengen apa kang Daktindakaké bab panggonan kuwi, merga saka dosané umat Israèl.

13Kowé wis padha nglakoni dosa-dosa sing kaya mengkono uga. Senajan kowé wis bola-bali Dakélikaké, éwasemono kowé padha ora gelem ngrungokaké. Kowé wis Daktimbali nanging ora mangsuli.

14Mulané apa sing Daktindakaké marang Silo, uga bakal Daktindakaké marang Pedaleman iki, sing kokendel-endelaké. Ya ing panggonan, sing wis Dakparingaké marang para leluhurmu iki, Aku bakal nindakaké apa sing wis Daktindakaké ana ing Silo.

15Kowé bakal Daktundhung saka ngarsa-Ku, padha kaya enggon-Ku mbéngkas sakèhé para sedulurmu, wong Israèl. Aku, Pangéran, wis ngandika."

16Pangandikané Pangéran mengkéné, "Yérémia, bangsa iki aja kokdongakaké. Aja koktangisi lan aja koksuwunaké apa-apa. Aja koksuwunaké welas marang Aku, merga panyuwunmu mesthi ora Dakpiyarsakaké.

17Apa kowé ora weruh apa sing padha dilakoni ana ing kutha-kuthané Yéhuda, lan ing dalan-dalan ing kutha Yérusalèm?

18Bocah-bocah padha nglumpukaké kayu. Wong lanang-lanang padha gawé geni gedhé, wong wadon-wadon padha ngulet jladrèn, padha dienggo gawé emplèk-emplèk sesajèn kanggo déwa wadon sing diarani Pramèswarining Langit. Kejaba kuwi uga awèh sesajèn anggur marang allah liya-liyané, mula padha gawé gerahing penggalih-Ku.

19Nanging satemené apa Aku sing padha ditatoni? Ora, dhèwèké padha natoni awaké dhéwé.

20Mulané Aku, Pangéran Kang Mahakwasa, bakal ngesokaké paukuman-Ku marang Pedalemané Allah iki. Dakesokaké marang manungsa lan kéwan, malah marang wit-witan lan tanduran sing ana ing sawah-sawah. Paukuman-Ku bakal kaya geni sing ora kena disirep.

21Hé umat-Ku, ana kurban sing kokobong nganti entèk ana ing mesbèh, nanging ana sapérangan sing olèh kokpangan. Kanggoné Aku, kurban mau kena kokpangan kabèh.

22Sing Dakdhawuhaké marang leluhurmu nalika Dakentasaké saka tanah Mesir kuwi dudu bab kurban obongan utawa kurban sembelèhan.

23Nanging bab mbangun-turut marang Aku, kuwi sing Dakdhawuhaké, nuli Aku bakal dadi Allahé, lan wong-wong mau dadi umat-Ku, sing mlaku ngambah dalan sing Daktuduhaké, mula bakal padha nemu kabegjan.

24Nanging wong-wong mau padha ora mbangun-turut utawa nggatèkaké, malah padha wangkal atiné lan nggugu karepé dhéwé, nganti kaanané saya tambah rekasa.

25Wiwit wektuné para leluhurmu padha luwar, metu saka tanah Mesir tekan sepréné, Aku ora kendhat-kendhat ngutus abdi-Ku para nabi nekani kowé.

26Nanging ora ana sing digatèkaké. Malah atimu saya wangkal lan pembangkangmu ngungkuli para leluhurmu.

27Dadi Yérémia, pangandika kuwi kandhakna marang umat-Ku. Éwasemono bakal ora padha gelem ngrungokaké. Senajan kokundang karo bengok-bengok, éwasemono bakal ora padha semaur.

28Senajan kokpituturi supaya bangsa iki mbangun-turut marang Aku, Pangéran Allahé, utawa kokkandhani manut piwulang lan paukuman sing wis didhawahaké, wong-wong bakal ora ngrèwès. Kasetyan marang prejanjian-Ku wis sirna, malah digunem waé wis ora."

29"Hé para wong ing Yérusalèm, rambutmu padha cukuren lan buwangen. Padha ngidungna kidungé wong sing lagi kepatèn. Ngidunga ana ing pucaké punthuk-punthuk. Merga Aku, Pangéran lagi duka, lan umat-Ku wis Daktampik.

30Wong-wong Yéhuda wis padha nglakoni piala. Wong-wong mau padha mrenahaké reca-recaning brahalané ana ing Pasucèn-Ku, lan padha najisaké Pedaleman-Ku.

31Ana ing Lebak Ben-Hinom padha gawé mesbèh, sing padha disebut Tofèt, kanggo ngurbanaké anak-anaké lanang lan wadon kaobong ing geni. Aku ora tau ndhawuhaké sing mengkono, lan ya ora tau ana penggalih sing mengkono.

32Mulané bakal ana wektuné, panggonan kono ora kasebut Tofèt utawa Lebak Ben-Hinom, nanging Lebak Panyembelèhan. Panggonan mau bakal kagawé kuburan, sebab ora ana panggonan liyané sing kena dienggo ngubur.

33Jisimé bangsa iki bakal dadi pakané manuk lan kéwan galak, lan ora ana sing nggusahi.

34Tanahé bangsa iki bakal dadi ara-ara samun. Ing kutha-kuthané Yéhuda lan ing dalan-dalané Yérusalèm bakal ora ana swaraning kabungahan. Lan bakal ora ana giyak-giyaké wong sing jagong ing pésta mantèn, sebab tanah iki bakal Dakdadèkaké gempuran.



 <<  Yeremia 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel