Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 1 >> 

1Kitab iki isi wahyu sing diwedharaké déning Allah marang Nabi Yésaya bin Amos, kanggo Yéhuda lan Yérusalèm, nalika Uzia, Yotam, Ahas lan Hizkia jumeneng raja ing Yérusalèm.

2Pangéran ngandika, "Hé langit lan bumi, rungokna pangandika-Ku! Bocah-bocah sing Dakrumati padha brontak nglawan Aku.

3Sapi wanuh karo bendarané, lan kuldi nitèni karo pamakanané nanging umat-Ku Israèl ora ngerti apa-apa."

4Cilaka kowé bangsa sing kebak dosa, sing bobrok lan ala! Dosa-dosamu wis nasaraké kowé. Kowé nampik lan nyingkur marang Gusti Allah Kang Mahasuci, sing wajib koksembah.

5Yagéné kowé madoni? Yagéné kowé kudu diajar menèh sing luwih nemen? Sirahmu wis kebak borok, lan atimu wis rusak babar-pisan.

6Wiwit saka tlapakan tekan embun-embunan wis ora ana sing wutuh. Kabèh wis benjut, abuh lan kebak tatu anyar. Tatu-tatu kuwi durung nganti diresiki lan diblebed. Malah iya ora ditambani nganggo lenga.

7Tanahmu wis dadi sepi; kutha-kuthamu wis diobong nganti ludhes. Lemahmu dijarah-rayah déning bangsa liya kowé weruh dhéwé, padha diobrak-abrik kabèh.

8Mung kari Yérusalèm thok, tur kuwi waé wis dikepung déning mungsuh lan ora bisa apa-apa, presasat gubug ing kebon anggur utawa ing tegalan timun.

9Saupama Gusti Allah ora ngèngèh sethithik, wis mesthi kita padha kaya Sodom lan Gomora.

10Hé Yérusalèm, para penggedhé lan rakyatmu wis dadi kaya Sodom lan Gomora. Rungokna pangandikané Allah marang kowé; padha gatèkna piwulangé Allah kita.

11Pangandikané Allah, "Apa rumangsamu Aku seneng karo kurban sing saben dina koksaosaké marang Aku? Aku bosen karo kurban obongan wedhus gèmbèl lan gajihé pedhètmu. Aku ora sudi getihé sapi lan wedhus bérok.

12Sapa sing akon kowé nggawa sesaosan kuwi samasa kowé séba ana ing ngarsa-Ku? Sapa sing akon kowé wira-wiri ing Pedaleman-Ku?

13(1:13-14) Tanpa guna enggonmu nggawa sesaosanmu. Aku ora sudi ngambu kutugé menyanmu. Aku jijik mirsani kraméanmu Sasi Anyar, dina-dina Sabbat lan dina-dina gedhé sarta enggonmu nglumpuk masamuwan. Kabèh mau wis dadi najis merga saka dosa-dosamu, mulané Dakgethingi; Aku kesel ngrasakaké kuwi mau kabèh.

14(1:13)

15Samasa kowé ndedonga karo ngegaraké tanganmu, Aku bakal mléngos. Ora preduli sepira akèhé pandongamu. Aku ora bakal miyarsakaké, merga tanganmu mau wis kokenggo matèni wong akèh.

16Padha wisuha, padha resikana; padha maria nglakoni piala,

17sarta padha sinaua nindakaké kabecikan; njejegna pengadilan, mitulungana wong sing disiya-siya, awèha adil marang bocah lola, bélanen prekarané randha."

18Gusti Allah ngandika, "Ayo, prekara iki kita bèrèsaké. Senajan dosamu abanga kaya jingga, bakal padha dadi putih kaya salju. Senajan abanga kaya gluga, bakal padha putih kaya kapas.

19Yèn kowé padha mbangun-turut lan nglakoni dhawuh-Ku, kowé bakal padha mangan samubarang sing becik pametuné tanah kéné.

20Nanging yèn kowé padha mbaléla nglawan Aku, kowé mesthi bakal mati. Aku, Pangéran, sing ngandika."

21Kutha sing biyèn setya, saiki kaya sundel! Biyèn rakyaté jujur-jujur, nanging saiki padha seneng gawé pati.

22Yérusalèm, biyèn kowé kaya slaka, nanging saiki asor, ora ana regané. Biyèn kowé kaya anggur sing mirasa, saiki rasané mung kaya banyu tawa.

23Para penggedhému kuwi mbangkang lan kancané maling; padha dhemen dibeseli lan gampang diiming-imingi. Padha ora mbélani bocah lola ana ing pengadilan, lan randha sing ngajokaké prekarané ora dipaèlu.

24Mulané Pangéran, Allahé Israèl Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Hé sakèhé mungsuh-Ku, Aku bakal nibakaké pemales marang kowé kabèh, supaya kowé ora gawé susah-Ku menèh.

25Kowé bakal Daklawan, kaya carané wong ngresiki slaka, mengkono bakal enggon-Ku ngresiki kowé. Sakèhé reregedmu bakal Dakresiki.

26Aku bakal ngangkat penggedhé-penggedhé anyar sarta penaséhat kaya dhèk jaman biyèn, mula Yérusalèm bakal kasebut kuthaning keadilan lan kasetyan."

27Allah kuwi adil, mulané bakal nylametaké kutha Yérusalèm lan rakyaté kabèh bakal padha mratobat.

28Nanging wong kabèh sing nglakoni dosa lan mbangkang marang Panjenengané bakal ditumpes, lan sakèhé wong sing nyingkur Panjenengané bakal disirnakaké.

29Kowé bakal getun, déné wis tau nyembah wit-witan lan milih taman-taman kanggo nyembah brahala.

30Kowé bakal alum kaya wit gedhé sing mati, kaya kebon sing ora dileb banyu.

31Kaya damèn kobong déning geni sapletik, mengkono uga para penggedhé bakal katumpes merga saka penggawéné dhéwé, mangka ora ana sing bisa nyirep.



 <<  Yesaya 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel