Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 25 >> 

1Dhuh Allah, Paduka menika Allah kawula; Paduka badhé kawula luhuraken lan asma Paduka kawula puji. Paduka sampun nindakaken prekawis-prekawis ingkang élok; Paduka sampun nindakaken kalayan kasetyan sedaya ingkang sampun dangu Paduka rancang.

2Kitha-kitha Paduka jungkir-walik dados gempuran, bètèngipun Paduka rebahaken. Kedhaton ingkang kayasa déning para mengsah sampun Paduka sirnakaken ing selami-laminipun.

3Bangsa-bangsa ingkang ageng pangwaosipun badhé sami memuji asma Paduka. Paduka badhé dipun ajrihi wonten ing kitha-kithanipun bangsa-bangsa wau.

4Tiyang mlarat lan tiyang apes sami ngungsi dhateng Paduka lan sami kapitulungan ing mangsa karibedan. Menawi wonten prahara Paduka paringi pangungsèn, ing papan bentèr Paduka paringi pangauban. Tiyang ambek siya sami nyerang kados prahara ing mangsa bedhidhing,

5inggih kados bentèring ketiga ing tanah garing. Nanging Paduka dhuh Allah, sampun nyirep mengsah kawula sedaya. Kados méga ingkang ngayomi bumi, inggih kados mekaten enggèn Paduka nyirep bengak-bengokipun tiyang ambek siya.

6Gusti Allah Kang Mahakwasa arep nyawisaké bujana ana ing Gunung Sion kanggo para bangsa sajagad. Bujana rupa pangan sing énak-énak lan anggur sing apik dhéwé.

7Ing kéné Panjenengané bakal nyingkiraké mendhunging kasusahan, sing tansah nglimputi para bangsa.

8Gusti Allah bakal mbéngkas pati selawas-lawasé! Panjenengané bakal ngusapi luh saka sakèhé mripat, sarta nyirnakaké kawirangané umaté ing salumahé bumi. Mengkono pangandikané Pangéran, Allah Kang Mahakwasa.

9Ing wektu kuwi wong padha kandha, "Panjenengané kuwi Allah kita! Panjenengané sing kita endelaké, lan Panjenengané wis ngluwari kita. Panjenengané kuwi Allah! Panjenengané sing kita anti-anti. Saiki kita begja lan bungah-bungah, merga Panjenengané wis ngluwari kita."

10Gusti Allah bakal ngayomi Gunung Sion, nanging Moab bakal diiles-iles kaya damèn sing ana pawuhan.

11Wong-wongé padha srawéan tangané kaya nglangi, nanging Gusti Allah ngèndelaké waé nganti tanpa daya.

12Bètèng-bètèng lan gapura-gapurané Moab sing dhuwur-dhuwur bakal digempur nganti dadi kaya lebu.



 <<  Yesaya 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel