Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 27 >> 

1Ing wektu kuwi Gusti Allah bakal ndhawahaké paukuman srana pedhangé kang ampuh kanggo ngremuk endhasé Léwiatan, yakuwi naga ing segara sing nlosor lan nggubet-nggubet, supaya mati.

2Ing dina mau Gusti Allah bakal ngandika bab kebon anggur kagungané sing éndah mengkéné:

3"Kebon anggur kuwi selawasé Dakjaga, ora kendhat olèhku nyirami. Dakreksa rina lan wengi, nganti ora ana sing ngganggu.

4Paukuman-Ku tumraping kebon anggur-Ku wis sirep. Nanging saupama mung metokaké eri lan rerungkudan sing kudu disirnakaké, kabèh bakal Dakobong nganti tapis.

5Kejaba menawa umat-Ku padha ngungsi lan sowan marang Aku, rukun karo Aku, ya rukun karo Aku."

6Mbésuk bangsa Israèl, turuné Yakub, bakal dadi wit, ngetokaké oyod, semi lan ngrembaka, sarta woh sing diwetokaké bakal ngebaki bumi.

7Israèl durung tau digebag déning Allah kaya mungsuh-mungsuhé, lan durung tau cacahé wongé sing mati ing peprangan akèhé kaya cacahé mungsuhé sing tiwas.

8Gusti Allah enggoné ngukum umaté srana dibuwang menyang negara liya. Umaté ditundhung metu saka tanahé nganggo prahara saka tanah Wétan sing nggegirisi.

9Nanging dosané Israèl diapura samasa mesbèh-mesbèh watu sing dienggo nyembah brahala wis diremuk kaya kapur lan pedupan kanggo Asyéra ora ana sing kari.

10Kutha sing disentosani nganggo bètèng kuwi wis kajugrugaké dadi gempuran. Wis ditinggal suwung dadi ara-ara samun sing sepi. Wis dadi pesabané sapi-sapi sing padha nyenggut lan ngaso ana ing kono.

11Pang-pangé wit padha alum lan sempal, wong wadon padha golèk kayu kanggo masak. Sarèhné umaté bodho lan ndableg, mulané Pangéran Allah sing nitahaké ora welas lan ora maringi palimirma.

12Ing dina kuwi Gusti Allah bakal nglumpukaké umaté siji-siji saka Bengawan Éfrat tekan tapel watesé Mesir, kaya wong sing misahaké gandum saka mrambuté.

13Yèn wis mengkono bakal ana uniné slomprèt sing ngundang wong Israèl ana ing pembuwangan, ing tanah Asyur lan ing tanah Mesir, didhawuhi bali menyang tanahé dhéwé. Wong-wong mau bakal padha teka lan padha sujud marang Pangéran Allahé ing Yérusalèm, ana ing gunungé sing suci.



 <<  Yesaya 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel