Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 30 >> 

1Gusti Allah wis ngandika, "Sapa sing ngerèh Yéhuda bakal kena paukuman, merga wis mbrontak Aku. Sebab padha nindakaké rancangan sing dudu gawéan-Ku, lan padha nandha-tangani prejanjian sing ora Dakkersakaké, sarta padha numpuk dosa ora lèrèn-lèrèn.

2Padha lunga menyang tanah Mesir golèk pengayoman, tanpa nyuwun pamrayoga marang Aku. Padha kepéngin diayomi déning Mesir, dadi padha ngendelaké Mesir.

3Nanging Firaun ora duwé daya kanggo mitulungi, lan pengayomané Mesir kuwi bakal gawé wirangmu.

4Senajan para utusan wis tekan kutha-kutha Zoan lan Hanès ing Mesir,

5nanging wong Yéhuda bakal getun déné padha ngendelaké bangsa sing ora kena diprecaya, bangsa sing ora keconggah mitulungi samasa dibutuhaké."

6Pangandikané Gusti Allah bab kéwan-kéwan ing ara-ara samun sisih Kidul mengkéné, "Para utusan padha lelungan menyang negara sing kebak bebaya, negara sing akèh singané, akèh ulané mandi lan naga sing bisa mabur. Kuldiné lan untané padha dimomoti hadiah sing regané larang-larang, kanggo bangsa sing ora bakal bisa mènèhi pitulungan.

7Pitulungané Mesir kuwi ora misra. Mulané Mesir Dakjenengaké ‘Naga sing ora mbebayani!’"

8Aku didhawuhi déning Allah nulis kepriyé kaanané bangsa iki, supaya anaa cathetan bab gedhéning pialané.

9Bangsa kuwi selawasé mbrontak marang Allah, selawasé dhemen goroh lan nampik piwulangé Allah.

10Nabi-nabi dikon meneng waé, kandhané, "Kowé aja kandha bab kabeneran. Kowé munia apa sing dakkarepaké. Aku kepéngin urip karo pengangen-angenku dhéwé.

11Sumingkira saka kéné lan aja ngalang-alangi dalanku. Aku ora sudi krungu bab Allahmu sing kokarani Allahé Israèl."

12Nanging Pangéran Allahé Israèl ngandika mengkéné, "Sarèhné kowé ora nggugu tembung-Ku lan nggugu tembungé wong jahat lan cidra,

13mulané kowé salah. Kowé kuwi kaya témbok sing bengkah wiwit saka ngisor mendhuwur, lan bakal rubuh dadakan.

14Kowé bakal remuk ajur kaya grabah saka lemah, nganti remukané ora kena kanggo madhahi mawa, utawa kanggo nyidhuk banyu saka genthong."

15Pangandikané Pangéran Allah Kang Mahakwasa marang umat mau mengkéné, "Bisamu slamet kuwi srana mratobat lan pasrah sumarah marang Aku, mula atimu bakal ayem lan kowé bakal dadi sentosa."

16Nanging kowé ora gelem tumindak mengkono. Kandhamu, "Aku dakoncati saka mungsuh, daknunggang jaran sing rikat playuné." Kowé bener, sebab kowé ora bisa nindakaké liya kejaba oncat kabur. Apa kokkira jaranmu luwih banter playuné ketimbang karo sing ngoyak kowé?

17Wong sèwu ing antaramu bakal keplayu ngithar samasa weruh prejurit mungsuh siji waé, lan tentara mungsuh lima waé wis cukup kanggo gawé kowé keplayu kabèh. Tentaramu lan praboté bakal ora ana sing kari kejaba gendéra sing ana ing pucuké punthuk!

18Éwasemono Gusti Allah adreng enggoné arep maringaké sih-rahmaté marang kowé. Panjenengané selawasé nindakaké kawelasan, mulané kumudu-kudu melasi kowé. Begja wong sing ngandel marang Allah.

19Hé wong sing padha manggon ing Yérusalèm, kowé bakal ora nangis menèh. Panjenengané kuwi gedhé sih-rahmaté; samasa mireng pesambatmu nyuwun tulung, mesthi bakal paring wangsulan.

20Senajan kowé diparingi kasusahan akèh, nanging Panjenengané piyambak ana ing sacedhakmu, memulang marang kowé. Kowé ora susah nggolèki Panjenengané menèh.

21Yèn lakumu nyimpang saka dalan, ngiwa utawa nengen, kowé bakal krungu swarané ing mburimu, ngandika, "Iki dalané. Mlakua ing kono."

22Kowé bakal nganggep najis reca-recamu sing lapis slaka lan sing lapis emas, kuwi kabèh bakal kokbuwang dadi barang najis, karo muni, "Sumingkira!"

23Yèn kowé nyebar gandum, Gusti Allah bakal nekakaké udan, supaya wiji mau thukul, lan metokaké woh akèh. Raja-kayamu bakal olèh pangonan jembar.

24Sapi lanang lan kuldi sing kokenggo mluku lemahmu bakal ora kurang pangan sing pilihan.

25Nalika mungsuh-mungsuhmu kalah perangé lan ditawan sarta balané dipatèni kabèh, ing kono bakal ana kali-kali sing mili saka gunung-gunung.

26Rembulan padhangé bakal kaya srengéngé, lan padhangé srengéngé bakal tikel pituné adaté, kaya padhang pitung dina didadèkaké siji. Iki kabèh bakal kelakon samasa Pangéran mblebedi tatuné umaté sarta marasaké biluré jalaran enggoné digebugi.

27Pangwasa lan kamulyané Allah bakal katon saka kadohan. Geni lan kukus sing dadi pretandhaning paukumané. Pangandikané presasat geni.

28Angin lésus ndhisiki tindaké kaya banjir bandhang sing ngéntiraké samubarang. Bangsa-bangsa disapu tapis dadi rusak, lan piala sing dirancang dibuyaraké.

29Nanging kowé, hé umaté Allah, bakal padha bungah-bungah lan padha memuji kaya ana ing kraméan dina riaya. Enggonmu bungah-bungah kaya wong sing mlaku ing arak-arakan menyang Pedalemané Allah, pangungsèné Israèl, kairing déning swaraning suling.

30Saben wong bakal krungu sebawané Gusti Allah kang nggegirisi, nganti padha ngrasakaké panasing paukuman. Ing kono bakal ana urubing geni, udan sing deres banget, udan woh lan sentoring banyu.

31Wong Asyur bakal miris atiné samasa krungu sebawaning Pangéran lan ngrasakaké panyiksané astané.

32Panggebagé Allah mau tekané marambah-rambah, dibarengi swaraning musik tambur lan clempung déning umaté, Gusti Allah piyambak kang perang nglawan bangsa Asyur.

33Ana panggonan sing wis suwé dicawisaké kanggo ngobong raja Asyur. Panggonan mau jero lan amba kebak tumpukan kayu. Kayuné bakal disumed srana napasé Pangéran sing metokaké banjir, geni lan lirang.



 <<  Yesaya 30 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel