Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 32 >> 

1Bakal ana raja jumeneng lan nindakaké keadilan, sarta para penggedhé ing negara mau bakal ngerèh kanthi jujur.

2Saben penggedhé dadi pengayomané rakyat samasa katempuh ing angin, lan dadi pangungsèn samasa ana prahara. Para penggedhé mau presasat kali sing mili ing ara-ara samun, kaya gunung karang ngaubi tanah cengkar sing garing.

3Mripaté tansah ngawasaké, lan kupingé ngrungokaké kebutuhané rakyat.

4Ora bakal tumindak grusa-grusu, nanging kanthi kawicaksanan. Apa sing diucapaké ya mengkono sing dikarepaké.

5Wong tanpa budi bakal ora disebut satriya, lan wong culika ora disebut jujur.

6Wong tanpa budi omongané ngayawara lan sing diangen-angen mung bab enggoné arep gawé piala. Satembung-tembungé lan sasolah-tingkahé nyewiyah Gusti Allah. Wong kaliren ora diwènèhi mangan lan wong ngelak ora diwènèhi ngombé.

7Wong gemblung kuwi wong ala, mula penggawéné ala kabèh. Sing diangen-angen mung olèhé arep ngrusak wong mlarat srana apus-apus, lan nyegah wong mlarat supaya ora olèh keadilan.

8Nanging wong sing luhur budiné, jujur lan gondhèlan kabeneran.

9Hé para wong wadon sing uripé ayem, sarwa kecukupan, rungokna tembungku!

10Saiki kowé padha ayem-ayem, nanging taun ngarep ing wektu kaya ngéné iki atimu bakal semplah, merga panèné anggur wurung.

11Sepréné uripmu kepénak lan sarwa kecukupan, nanging saiki padha gemetera! Sandhanganmu suwèken lan nganggoa bagor.

12Padha ngelusa dhadha merga susah, sebab sawah-sawah sing subur lan kebon-kebon anggur bakal padha dirusak.

13Sing thukul ana ing lemahé umat-Ku mung eri lan rerungkudan. Padha tangi ana brayat sing tentrem uripé lan kutha sing kebak kraméan iki.

14Sebab kedhatoné Sang Prabu bakal suwung lan kutha krajan bakal dadi sepi. Omah-omah lan bètèng-bètèng sing ngreksa kutha bakal dadi jugrugan selawas-lawasé. Kuldi alasan bakal saba lan wedhus-wedhus bakal padha nyenggut ing pasuketan kono.

15Nanging Gusti Allah bakal ngesokaké Rohé menèh. Lemah sing cengkar bakal dadi loh, lan sawah-sawah bakal ngetokaké panèn akèh.

16Sanegara kabèh bakal kanggonan kabeneran lan keadilan.

17Sebab saben wong bakal nindakaké kabeneran, mula saenggon-enggon bakal ana katentreman langgeng.

18Umaté Allah bakal padha ora sumelang, lan brayaté bakal ngalami tentrem rahayu. (Alas-alas bakal karusak, lan kuthané kajugrugaké.)

19(32:19-20) Saben wong bakal bungah, sebab tanduran-tanduran bakal padha olèh banyu akèh lan ing ngendi-endi ana panggonan kanggo kuldi lan raja-kaya liya-liyané. Nanging mungsuhmu bakal kaya alas sing diudani watu, lan kutha-kuthané bakal digempur.

20(32:19)



 <<  Yesaya 32 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel