Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 4 >> 

1Ing dina kuwi wong wadon pitu bakal nyekel wong lanang siji lan muni, "Kowé ngakua bojoku, supaya aku ora wirang merga ora kawin. Pangan lan sandhang dakgolèk dhéwé."

2Bakal ana wektuné Gusti Allah ndadèkaké tanduran lan wit-witan dadi gedhé lan éndah ing negara iki. Ing dina kuwi wong Israèl bakal bungah-bungah lan mongkog atiné merga panèné metu.

3Ing kono saben wong sing isih kari ing Yérusalèm, yakuwi wong-wong sing kapilih lan kapitulungan déning Allah, bakal disebut suci.

4Srana pangwasané Pangéran bakal ngadili lan mbucal kanisthané umaté. Wong-wong ing Yérusalèm dosané bakal dilebur, senajan dosa matèni wong dianggep ora salah.

5Nuli Pangéran bakal nekakaké méga ing wayah awan, sarta tugu kukus sing murub ing wayah bengi, mayungi Gunung Sion lan sakèhé wong sing padha nglumpuk ana ing kana. Kamulyané Allah bakal mayungi lan ngayomi sakutha kabèh.

6Kamulyané Allah piyambak kang bakal ngéyubi kutha, mula ing wayah awan ora kena panasé srengéngé. Kutha mau bakal dadi pangungsèn sing tentrem ing mangsa udan lan prahara.



 <<  Yesaya 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel