Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 44 >> 

1Gusti Allah ngandika, "Padha ngrungokna, hé Israèl abdi-Ku, umat pilihan-Ku, turuné Yakub.

2Aku iki Allah kang nitahaké kowé; wiwit kowé lair, Aku wis nulungi kowé. Aja wedi, kowé kuwi abdi-Ku, umat pilihan-Ku, sing Dakkasihi.

3Aku bakal paring banyu marang tanah sing asat lan yasa ilèn-ilèn kanggo mbanyoni tanah sing garing. Roh-Ku bakal Dakesokaké marang turunmu, lan berkah-Ku marang anak-putumu.

4Mula bakal padha subur kaya suket ing lemah teles, kaya glagah ing sapinggiring kali."

5Wong bakal gentènan muni, "Aku iki kagungané Allah!" Banjur padha nganggo jeneng Israèl. Saben wong bakal gawé tandha ing lengené sing uniné: "Aku kagungané Allah, lan ngaku yèn dadi umaté Allah."

6Pangéran, sing ngerèh lan ngreksa Israèl, Allah Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Aku iki Allah kang wiwitan lan kang wekasan, mung Aku dhéwé jumeneng Allah, kejaba Aku ora ana Allah.

7Apa ana liyané sing bisa nindakaké apa sing Daktindakaké? Sapa sing bisa nyritakaké apa sing bakal kelakon wiwit-wiwitan tekan akiré jaman?

8Aja wedi, hé umat-Ku! Kowé ngerti wiwit jaman kuna mula tekan saiki yèn Aku wis ngandhakaké apa sing bakal kelakon, lan kowé padha dadi seksiné. Apa ana allah liyané? Apa ana allah sing iya kwasa, sing Aku durung ngerti?"

9Sarupané reca kuwi ora ana ajiné, lan sakèhé brahala sing disembah-sembah kuwi tanpa guna. Sakèhé wong sing nyembah brahala mau picak lan bodho, sarta bakal padha kwirangan.

10Rak ora bener yèn wong gawé barang saka logam, banjur dianggep allah lan disembah?

11Saben wong sing nindakaké mengkono bakal kwirangan. Sing gawé reca kuwi rak mung manungsa. Coba dipriksa ing pengadilan, mengko rak gemeter lan kwirangan.

12Sing gawé reca kuwi pandhé; carané njupuk wesi, banjur diobong ing geni, digemblèng nganggo palu, diwangun. Sajroné nyambut-gawé pandhé mau krasa luwé, ngelak lan kesel.

13Reca iya ana sing digawé déning tukang kayu, bahané kayu. Kayuné diukur, banjur digambari nganggo kapur. Sawisé mengkono banjur diukir nganggo piranti, diwangun kaya manungsa sing bagus, lan dipasang ing omahé.

14Reca-reca mau salong ana sing digawé saka kayu èrès, salong saka kayu tirzah utawa kayu élon sing tuwuh ing alas. Lan bisa uga digawé saka kayu orèn, sing ditandur lan tuwuh merga saka udan.

15Kayu mau ana sing mung dienggo kayu obong lan sapérangan digawé reca. Dadi sapérangan ana sing dienggo gegenèn lan manggang roti, pérangan liyané diukir dadi reca lan disembah.

16Pérangané liyané menèh dienggo mbakar saté, sing nuli dipangan nganti wareg. Tukang kayu mau sajroné gegenèn muni mengkéné, "Wah, anget temenan. Geniné apik!"

17Kayu turahané digawé dadi reca. Sing gawé banjur sujud ing ngarepé reca mau karo nyembah. Sawisé kuwi banjur ndedonga marang reca mau, "Paduka menika allah kawula, kersaa mitulungi kawula."

18Wong sing mengkono kuwi rak saking bodhoné ora ngerti apa sing ditindakaké. Mripaté merem lan pikirané buntu, nganti ora weruh ing kayektèn.

19Tukang gawé reca mau ora duwé gagasan utawa pangrasa, yèn sapérangané kayu sing digawé reca mau ana sing diobong kanggo gegenèn, ana sing dienggo manggang roti, ana sing dienggo mbakar saté, sing dipangan, lan turahané kayu dienggo gawé reca, sing disembah. Kokora rumangsa yèn sing disembah kuwi mung kayu setengkel.

20Apa kuwi ora padha waé karo dolanan awu? Wong mau wis disasaraké déning pengangen-angené dhéwé, mula nyawané ora dislametaké. Wong mau ora gelem ngakoni yèn reca sing dicekel kuwi babar-pisan dudu Allah.

21Allah ngandika mengkéné, "Hé Israèl, prekara iki gatèkna; élinga yèn kowé kuwi abdi-Ku. Aku sing nitahaké kowé, supaya kowé dadi abdi-Ku, lan kowé bakal ora Daktégakaké.

22Kaluputanmu wis Daklebur kaya pedhut kabur ing angin, lan dosamu wis ilang kaya mendhung keterak lésus. Kowé muliha ing ngarsa-Ku, awit kowé wis Daktebus."

23Hé sakèhé langit, padha giyak-giyaka. Hé teleng-telengé bumi, padha surak-suraka. Hé gunung-gunung lan wit-witan, sarta alas-alas, padha bungah-bungaha! Gusti Allah wis nélakaké kamulyané srana ngluwari Israèl, umaté.

24"Aku iki Pangéran, Juru Slametmu; Aku iki sing nitahaké kowé. Aku Pangéran, sing nitahaké samubarang kabèh. Aku sing menthèng sakèhé langit; nalika Aku nitahaké bumi, ora ana sing ngréwangi.

25Aku sing mbuyaraké ramalané tukang-ramal, Aku sing nggagalaké pétungané juru-nujum. Aku sing mbuktèkaké yèn tembungé wong wicaksana salah, lan nélakaké yèn kawicaksanané kuwi abab.

26Nanging ramalané abdi-Ku Daktetepi lan pamecané utusan-Ku Dakjurungi. Yérusalèm Dakdhawuhi, kowé bakal dienggoni wong menèh lan kutha-kuthané Yéhuda bakal dibangun menèh. Kutha-kutha mau bakal njedhul saka jugrugan.

27Srana tembung-Ku sakecap samodra dadi asat.

28Korèsy Dakdhawuhi, ‘Kowé Dakdadèkaké raja, nglakonana apa sakersa-Ku. Ngerèha atas saka dhawuh-Ku! Préntahana supaya Yérusalèm kabangun menèh lan pondhasiné Pedalemané Allah dipasang!’"



 <<  Yesaya 44 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel