Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 57 >> 

1Wong mursid tiwas, mangka ora ana sing ngaruhaké utawa mreduli. Nanging yèn wis mati, wong mau ora ngalami kasusahan menèh.

2Wong sing uripé becik padha ngaso kanthi tentrem ana ing kuburé.

3Nanging kowé para wong dosa, padha majua mréné supaya diadili. Kowé ora luwih becik ketimbang karo tukang sihir, para wong sing padha nyembah brahala lan para sundel.

4Sapa sing padha kokgeguyu? Sapa sing kokécé?

5Kowé padha nyembah brahala kesuburan srana laku jina sangisoré wit-wit sing kokanggep kramat. Anak-anakmu kokenggo kurban ana ing guwa-guwa karang ing sacedhaké kali.

6Saka kali kono kowé njupuk watu klimis, banjur koksembah, kokanggep allah. Kowé ngesokaké anggur minangka kurbané. Kowé banjur gawé kurban gandum. Apa kokkira Aku seneng karo kuwi mau kabèh?

7Kowé munggah menyang gunung-gunung saos kurban lan laku jina.

8Reca-recamu cabul kokdokok ing samburining lawangmu ngarep. Aku koksingkur. Kowé nyopot sandhanganmu lan munggah ing peturonmu karo sundel-sundel, sing kokbayar supaya turu karo kowé. Lan ana ing kono kowé nguja nepsumu.

9Kowé banjur lunga arep nyembah Déwa Molokh karo nggawa lenga wangi lan anggi-anggi sing wangi. Supaya olèh reca brahala sing koksembah, kowé kongkonan wong menyang ngendi-endi, malah menyang kuburan-kuburané wong mati.

10Kowé dhéwé ora ngétung sayah golèk reca liyané, éwasemono kowé ora ngresula karo muni, ‘Wis cukup seméné waé,’ merga kowé duwé penganggep yèn reca-recamu sing njijiki kuwi awèh kekuwatan marang kowé, nganti kowé ora krasa kesel.

11Pangandikané Pangéran, "Endi brahala sing kokwedèni, nganti kokréwangi nggorohi Aku lan lali babar-pisan karo Aku? Apa enggonmu mari saos pakurmatan marang Aku merga Aku tekan sepréné meneng waé kuwi?

12Apa kokkira tindakmu kuwi bener? Aku bakal mbèbèraké kaluputanmu lan brahala-brahalamu bakal ora bisa mitulungi kowé.

13Yèn kowé sesambat njaluk tulung, karebèn brahala-brahalamu waé mitulungi kowé! Mangka yèn katerak angin waé brahala-brahalamu bakal rusak. Nanging sing precaya karo Aku bakal manggon ing tanah kéné, lan ngabekti marang Aku ana ing gunung-Ku sing suci."

14Pangandikané Pangéran, "Umat-Ku balèkna marang Aku. Singkirna apa sing ngalang-alangi ana ing dalan sing diambah! Dalané dandanana lan ratanen!

15Aku iki Kang Mahaluhur, Allah Kang Mahasuci, kang gesang langgeng. Aku lenggah ing swarga sing luhur lan suci, nanging uga dedalem ana ing atiné wong sing andhap-asor lan nlangsani dosané, supaya Aku nggedhèkaké atiné lan nggugah pengarep-arepé.

16Umat-Ku Dakparingi urip; Aku ora bakal tansah ndukani lan ndhawahaké paukuman.

17Enggon-Ku duka merga saka dosané lan aluamahé. Mulané Dakajar lan Daktégakaké. Nanging umat kuwi wangkal lan nggugu karepé dhéwé.

18Aku pirsa kelakuané lan bakal Dakbeneraké. Bakal Daktuntun lan Daktulungi. Sing prihatin bakal Daklipur.

19Aku nyawisaké katentreman kanggo wong sing cedhak lan wong sing adoh! Umat-Ku bakal Dakpulihaké.

20Nanging wong ala padha kaya banyu segara, sing ombaké ora tau meneng, lan ngumbulaké rereged lan endhut.

21Pangandikané Pangéran, ‘Wong ala ora nemu katentreman.’"



 <<  Yesaya 57 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel