Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 58 >> 

1Pangandikané Pangéran, "Kandhakna sing tenan, sing blak-blakan! Kandhakna bab dosa-dosané.

2Pancèn saben dina padha ngabekti marang Aku lan kandhané kepéngin ngerti dalan-Ku lan netepi dhawuh-dhawuh-Ku. Padha nyuwun pirsa bab dhawuh-dhawuh sing adil, lan padha seneng sowan ngabekti marang Aku," unjuké,

3"Menapa ginanipun kula sami pasa menawi mboten Paduka gatosaken? Kénging menapa Paduka mboten mreduli samasa kula sami nyiksa badan kula?" Pangandikané Pangéran, "Sejatiné yèn kowé padha pasa, kowé padha mburu butuhmu dhéwé lan meres buruh-buruhmu.

4Kowé padha pasa, nanging atimu tetep wangkot, kowé tukaran lan antem-anteman. Apa kokkira pasamu sing mengkono kuwi bisa njalari Aku nggatèkaké pandongamu?

5Miturut penganggepmu pasa kuwi nyiksa badanmu sedina muput, ndhingklukaké sirah kaya godhongé suket, nganggo sandhangan bagor lan ngepyuraké awu ana ing sirah. Apa kaya ngono kuwi sing kokarani pasa? Apa kokkira pasa sing ngono mau gawé renaning penggalih-Ku?

6Pasa sing Dakkersakaké kuwi mengkéné: Nguculana ranténing panyia-nyia, mbuwanga momotan sing ora adil, luwarana wong sing ditindhes!

7Wong luwé wènèhana panduman saka panganmu dhéwé, wong miskin lan wong glandhangan wènèhana pondhokan, wong kewudan wènèhana sandhangan, lan aja owel mitulungi sedulur-sedulurmu dhéwé.

8Yèn kowé nglakoni mengkono Aku bakal ngesokaké sih-kamirahan-Ku kaya padhanging srengéngé ing wayah ésuk, lan lelaramu bakal Dakbuwang. Aku bakal tansah nunggal karo kowé lan mitulungi kowé; Aku bakal tansah cedhak karo kowé lan ngayomi kowé.

9Samasa kowé ndedonga bakal Dakpiyarsakaké. Samasa kowé sesambat marang Aku, Aku bakal paring wangsulan. Yèn kowé mbuwang sakèhé panganiaya sing ana ing satengahmu lan sakèhé gemunggungmu, lan sakèhé tembung ala;

10lan awèh pangan marang wong sing keluwèn sarta maregi wong sing kecingkrangan, pepeteng sing ana ing kiwa-tengenmu bakal malih dadi pepadhang kaya raina.

11Kowé bakal tansah Daktuntun lan Dakwaregi srana samubarang sing becik. Kowé bakal dadi kuwat lan sentosa, kaya taman sing akèh banyuné, kaya sendhang sing ora tau asat.

12Wong-wongmu bakal mbangun menèh bètèng sing wis suwé dadi gempuran, ana ing pondhasiné sing lawas. Kowé bakal kasebut ‘Ahli ndandani bètèng, lan omah-omah sing bobrok.’"

13Pangandikané Pangéran mengkéné, "Menawa kowé nucèkaké dina Sabbat lan ing dina kuwi ora golèk penggaotan; yèn dina kuwi kokajèni dadi dina sing Daksengker, kokurmati srana ora lelungan, ora nyambut-gawé lan ora caturan sing tanpa guna,

14kowé bakal ngalami kabungahan merga enggonmu ngabekti marang Aku. Aku bakal njunjung jenengmu, nganti kowé bakal kajèn ing salumahing bumi, lan kowé bakal ngrasakaké berkahé tanah sing Dakparingaké marang kowé saka leluhurmu Yakub. Aku Pangéran, sing ngandika."



 <<  Yesaya 58 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel