Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 59 >> 

1Aja kokkira yèn Allah kuwi apes, nganti ora bisa mitulungi kowé, utawa talingané ora mireng pesambatmu!

2Nanging merga saka dosa-dosamu, Panjenengané ora miyarsakaké kowé. Dosa-dosamu kuwi dadi singgetan ing antarané Allahmu lan kowé, sarta dosamu sing ndadèkaké Panjenengané ngaling-alingi wedanané, mula ora miyarsakaké samasa kowé padha ngabekti ana ing ngarsané.

3Kowé nglakoni dosa goroh, ngrodha-peksa lan matèni wong.

4Kowé padha urusan ana ing pengadilan, nanging ora merga nggegegi kabeneran. Kowé ngendelaké enggonmu pinter goroh kanggo menangaké urusanmu. Kowé nindakaké rancanganmu merga arep gawé cilakaning liyan.

5(59:5-6) Piala sing kokrancang kuwi isi pepati kaya endhogé ula mandi. Yèn dipecah metu ulané! Nanging rancanganmu sing mengkono mau ora migunani tumraping kowé. Kuwi presasat klambi sing kagawé saka klamaté kemangga!

6(59:5)

7Kowé selawasé ngrancang piala, lan ora sranta terus nindakaké. Kowé ora tau mangu-mangu matèni wong sing ora salah. Menyanga ngendi waé paranmu, kowé gawé karusakan lan njalari cilaka,

8lan wong ora rumangsa tentrem ana ing sacedhakmu. Apa sing koktindakaké kuwi mung piala thok. Sing kokambah mung dalaning piala, lan wong sing ngambah dalan kono atiné ora tentrem.

9Pangucapé umat, "Saiki kita ngerti apa sebabé Allah ora ngluwari kita saka tangané wong-wong sing nganiaya kita. Kita padha ngarep-arep anaa pepadhang, nanging sing ana mung peteng ndhedhet.

10Kita padha gagap-gagap kaya wong picak. Ing wayah awan kita padha kesandhung-sandhung kaya ing wayah bengi; kita wong waras-wiris, nanging padha karo wong mati.

11Kita padha giris lan nandhang kasusahan. Kita padha ngarep-arep pitulungé Allah saka panganiaya lan panyiksa, nanging ora olèh apa-apa.

12Dhuh Allah, dosa kawula dhateng Paduka mila kathah. Dosa-dosa kawula sami nggugat dhateng kawula. Kawula ngakeni menika sedaya.

13Kawula sami nglawan Paduka, sami nampik Paduka lan sami murtad. Kawula sami nganiaya tiyang sanès sarta nyélaki Paduka. Pikiran kawula nyasar lan tembung kawula goroh.

14Keadilan sampun kawula singkiraken lan kaleresan sampun tebih saking kawula. Kejujuran sampun mboten wonten ing masarakat lan katentreman ugi sampun mboten angsal papan.

15Katemenan sampun mèh ical babar-pisan, ngantos tiyang ingkang badhé mantuni enggènipun damel awon, malah dados kurbaning piawon." Pangéran pirsa kuwi mau kabèh, lan penggalihé ora rena déné wis ora ana katemenan lan keadilan.

16Panjenengané gumun déné ora ana wong sing nulungi wong sing dianiaya. Mulané Panjenengané bakal ngagem pangwasané kanggo ngluwari wong-wong mau lan bakal kelakon.

17Panjenengané bakal ngagem keadilan minangka ageman-wesi lan kemenangan minangka tutup sirah. Pemales minangka ageman, lan adrengé penggalihé bakal njejegaké samubarang sing ora bener, apa déné numpes wong sing njalari anané panganiaya.

18Panjenengané bakal ngukum mungsuh-mungsuhé miturut penggawéné, senajan sing padha manggon ing negara-negara sing adoh.

19Wiwit saka Wétan tekan Kulon saben wong bakal padha saos bekti merga wedi marang Panjenengané krana gedhéning pangwasané. Panjenengané bakal rawuh kaya kali sing santer iliné, lan kaya sentoring angin lésus.

20Pangandikané Pangéran marang umaté, "Aku bakal rawuh ing Yérusalèm ngayomi kowé lan ngluwari sedulurmu sing padha mratobat saka dosa-dosané.

21Lan Aku bakal gawé prejanjian karo kowé mengkéné, ‘Aku bakal maringaké pangwasa lan piwulang-Ku marang kowé, dadia darbèkmu selawas-lawasé. Wiwit saiki kowé padha mbangun-turuta marang Aku lan ngandhanana anak-turunmu supaya sabanjuré tansah mbangun-turut marang Aku!’"



 <<  Yesaya 59 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel