Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 6 >> 

1Nalika ing taun sédané Sang Raja Uzia, aku ndeleng Pangéran pinarak ana ing dhamparé kang agung. Jubahé nutupi sa-Pedalemané Allah kabèh.

2Para malaékat Sérafim padha ngadeg ngubengi dhampar mau. Saben Sérafim swiwiné nenem. Loro kanggo nutupi rainé, loro kanggo nutupi badan lan loro kanggo mabur.

3Sérafim mau padha sesauran karo nywara mengkéné, "Suci, suci, suci Allah Kang Mahakwasa. Salumahé bumi kebak kaluhurané."

4Saka seruning swarané, pondhasining Pedalemané Allah nganti horeg, lan papan mau dadi kebak kukus.

5Aku banjur kandha mengkéné, "Adhuh cilaka aku! Merga reged lambéku, sarta aku manggon ana ing tengahé bangsa sing satembung-tembungé rusuh. Luwih cilaka menèh merga aku wis ndeleng Sang Prabu, Pangéran Kang Mahakwasa!"

6Banjur ana Sérafim siji sing mabur marani aku, ngasta mawa mengangah, olèhé mendhet ing mesbèh nganggo sapit.

7Mawa mau dinyonyokaké ing lambéku, karo ngandika, "Mawa iki wis nggepok lambému, dadi kaluputanmu wis ilang lan dosamu wis dilebur."

8Aku banjur krungu Pangéran ngandika, "Sapa sing arep Dakutus? Sapa sing arep dadi utusan-Ku nggawa pawarta-Ku?" Aku banjur munjuk, "Sumangga, mugi ngutus kawula!"

9Dhawuhé Pangéran, "Kowé maranana bangsa iki lan kandhaa mengkéné, ‘Kowé bakal tansah krungu, nanging ora ngerti. Kowé bakal tansah ndeleng, nanging ora nggatèkaké.’"

10Banjur ngendika menèh mengkéné, "Pikirané wong-wong kuwi gawénen bodho, lan kupingé gawénen budheg sarta mripaté gawénen wuta, supaya ora bisa ndeleng utawa kupingé ora krungu sarta pikirané ora ngerti, lan marani Aku dadi lan warasé."

11Aku munjuk, "Dhuh Allah, menika ngantos pinten laminipun?" Dhawuhé Pangéran, "Nganti sakèhé kutha wis padha rusak lan kothong, sarta sakèhé omah wis ora ana sing ngenggoni, semono uga palemahan kabèh wis dadi bera lan cengkar.

12Wong-wongé bakal padha Daktundhung lan tanah kono bakal dadi sepi.

13Yèn ing tanah kono isih ana kekarèné saprasepuluh, wong-wong mau iya bakal Daktumpes. Bangsa mau bakal kaya wit gedhé sing sawisé ditegor mung kari tunggaké." (Tunggak mau dadi wiwitané umaté Allah kang anyar.)



 <<  Yesaya 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel