Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yoel 2 >> 

1Slomprèté unèkna, kanggo tandha ing Sion, ing gunungé Pangéran sing suci. Padha gemetera, hé wong sing padha manggon ing Yéhuda! Dinané Pangéran bakal énggal teka.

2Dina mau bakal peteng lan surem, mendhungé peteng nggegirisi. Walang byuk-byukan gedhé bakal teka kaya pepeteng nutupi gunung-gunung. Kedadéan sing mengkono mau durung tau kelakon, lan uga ora bakal kelakon menèh.

3Walang-walang mau padha mangani tanduran kaya geni sing memangsa. Mangka tanah sing gumelar ing ngarepé éndah kaya petamanan Èden, nanging ing mburiné mau tanahé dadi ara-ara samun gundhul, merga ora ana tanduran sing bisa oncat saka walang-walang mau.

4Walang-walang kuwi rupané kaya jaran; playuné kaya jaran sing kanggo perang.

5Enggoné padha mlaku ana ing gunung-gunung swarané kaya krétaning perang. Kumrètèké kaya suket garing kamangsa ing geni. Padha baris kaya tentara akèh, sing arep nyerang ing peprangan.

6Samasa nyedhak saben wong padha giris, rainé dadi pucet.

7Enggoné nyerang kaya carané prejurit ing peprangan; padha mènèk témbok kaya carané serdhadhu. Yèn maju lakuné lenceng, ora ménggok ngiwa utawa nengen,

8ana ing ngendi-endia iya mengkono. Padha nabrak lan mbrobos pager, lan ora ana sing bisa ngendhegaké lakuné.

9Padha gegancangan mlebu ing kutha; ngunggahi témbok-témbok; banjur padha mrambat lan mlebu omah metu jendhéla-jendhéla kaya maling.

10Yèn padha maju buminé horeg, langité gemeter. Srengéngé lan rembulan padha dadi peteng, lan lintang-lintang padha ora katon soroté.

11Pangéran paring aba marang tentarané, kanthi sora lan gemleger. Tentara sing tanpa wilangan cacahé, gedhé lan rosa-rosa padha ngèstokaké dhawuhé. Iba enggoné ngédab-édabi Dinané Pangéran kuwi! Sapa sing bisa lestari urip?

12Pangandikané Pangéran, "Saiki padha mratobata sing temenan lan mbalènana Aku, karo pasa, nangis lan nlangsa.

13Atimu sing remuk mau nélakna enggonmu sedhih; nyuwèk-nyuwèk penganggo waé durung cukup." Balia ngabekti marang Pangéran Allahmu. Panjenengané becik lan kebak kawelasan; sabar lan netepi janjiné; tansah dhangan paring pangapura lan ora tansah paring paukuman.

14Sapa sing ngerti, mbokmenawa Pangéran Allahmu salin penggalihé, lan kersa mberkahi panènanmu kanthi lubèr-lubèr. Yèn mengkono kowé bakal padha bisa saos kurban dhaharan lan kurban unjukan.

15Slomprèté unèkna ana ing Gunung Sion; nglakonana pasa lan wong-wong padha klumpukna.

16Wong-wong konen padha nglumpuk; padha cecawisa kanggo parepatan gedhé. Wong tuwa-tuwa padha tekakna; mengkono uga bocah-bocah lan para bayi sing isih nusu. Pengantèn anyar pisan karebèn padha metu saka kamaré lan mèlu ing parepatan.

17Para imam kang ngladèni Pangéran ing antarané mesbèh lan pendhapané Pedalemané Allah kudu padha ndedonga karo nangis, "Dhuh Allah, mugi kersa melasi dhateng umat Paduka; sampun ngantos kawula dipun rèmèhaken," lan dipun écé déning bangsa-bangsa sanèsipun kalayan mungel, "Allahé ana ing ngendi?"

18Gusti Allah menggalih lemah kagungané; merga tuwuh welasé marang umaté.

19Panjenengané paring wangsulan, "Kowé saiki bakal Dakparingi gandum, anggur lan lenga zaitun, nganti kowé bakal padha wareg. Kowé bakal ora dirèmèhaké déning para bangsa menèh.

20Walang sing teka saka Lor bakal Daksingkiraké, lan sapérangan bakal Dakbuwang menyang ara-ara samun. Barisané sing ngarep dhéwé bakal Dakgiring menyang Segara Mati, sarta barisané sing mburi bakal Dakcemplungaké ana ing Segara Tengah. Bathangé bakal mambu bacin. Walang-walang mau bakal Daktumpes merga saka penggawéné marang kowé.

21Hé tanah tegalan, aja padha wedi, padha surak-suraka lan bungah-bungaha merga saka pendamelé Pangéran marang kowé.

22Hé sakèhé sato kéwan, aja padha wedi. Pangonané padha ijo royo-royo; wit-witan padha metokaké woh, woh anjir lan woh anggur padha ngemohi.

23Hé para wong sing padha manggon ing Sion, padha bungah-bungaha. Padha giyak-giyaka kanggo apa waé sing wis katandukaké déning Pangéran marang kowé. Panjenengané wis paring udan awal sacukupé, lan wis ngesokaké udan ing mangsa bedhidhing, sarta udan ing mangsa semi kaya adat sabené.

24Penggilingan-penggilingan kebak gandum; pemipitané bakal kebak anggur lan lenga zaitun.

25Aku bakal mbalèkaké panènanmu sing wurung sajroning sawetara taun iki, merga dipangan grombolan walang nganti ludhes. Sing nekakaké tentara nglawan kowé kuwi Aku dhéwé.

26Saiki kowé bisa mangan akèh nganti wareg. Kowé bakal ngluhuraké asmané Pangéran, Allahmu, sing wis nindakaké kaélokan marang kowé. Umat-Ku bakal ora kwirangan menèh.

27Lan kowé bakal padha ngerti yèn Aku iki ana ing satengahmu, lan yèn Aku, Pangéran iki Allahmu. Ora ana menèh kejaba Aku. Umat-Ku bakal ora kwirangan menèh ing selawas-lawasé."

28"Sawisé mengkono Aku bakal ngesokaké Roh-Ku marang saben wong; anak-anakmu lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit; wong tuwa-tuwa bakal padha ngimpi, lan wong nom-noman bakal padha weruh wahyu.

29Ing wektu kuwi Aku bakal ngesokaké Roh-Ku, senajan marang para batur-tukon pisan lanang lan wadon."

30Aku bakal nganakaké pretandha ana ing langit lan ana ing bumi; bakal akèh getih kawutahaké, bareng karo anané geni lan kumeluné kukus.

31Ing kono srengéngé bakal dadi peteng, lan rembulan dadi abang kaya getih, sadurungé tekané Dinané Pangéran sing nggegirisi.

32Nanging saben wong sing nyenyuwun marang Pangéran bakal kapitulungan rahayu. Kaya sing wis dipangandikakaké déning Pangéran, "Ing Yérusalèm bakal ana wong sawetara sing bisa oncat lan wong sing Daktimbali bakal kaentas."



 <<  Yoel 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel