Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 15 >> 

1Gusti Yésus ngandika menèh, "Aku iki wit anggur sing sejati, lan Rama-Ku sing ngupakara kebon anggur mau.

2Saben pang sing ora ngetokaké woh, dipagas déning Sang Rama. Déné pang sing ngetokaké woh, diresiki, supaya wohé mundhak akèh.

3Kowé kuwi wis padha diresiki srana piwulang-piwulang sing Dakwènèhaké marang kowé.

4Padha nunggala karo Aku, lan Aku bakal nunggal karo kowé. Pang kuwi dhéwé ora bisa metokaké woh. Awit bisané metokaké woh, mung yèn nunggal karo wité. Kaya mengkono uga tumrap kowé. Kowé mung bisa metokaké woh, yèn kowé nunggal karo Aku.

5Aku iki wité anggur, lan kowé pang-pangé. Wong sing nunggal karo Aku, lan Aku nunggal karo wong mau, bakal metokaké woh akèh. Tanpa Aku, kowé ora bisa apa-apa.

6Wong sing ora nunggal karo Aku, kuwi kaya pang sing dipagas, banjur dadi garing. Pang-pang sing mengkono mau bakal diklumpukaké lan dicemplungaké ing geni, sarta kaobong.

7Yèn kowé nunggal karo Aku, lan piwulang-Ku koklakoni, kowé kepareng nyuwun apa waé sing kokkarepaké; panyuwunmu mau bakal dikabulaké.

8Yèn kowé metokaké woh akèh, Rama-Ku ing swarga diluhuraké; kuwi buktiné yèn kowé murid-Ku temenan.

9Enggon-Ku nresnani kowé, kaya Sang Rama enggoné nresnani Aku. Padha tetepa ana ing katresnan iki.

10Menawa kowé padha nglakoni pepakon-pepakon-Ku, Aku bakal tetep nresnani kowé. Ora béda karo Aku dhéwé: Sang Rama nresnani Aku, sebab Aku nglakoni dhawuh-dhawuhé Sang Rama.

11Kabèh iki Dakkandhakaké marang kowé, supaya kowé uga ngrasakaké kabungahan-Ku, lan supaya kabungahanmu dadia sampurna.

12Pepakon-Ku mengkéné: Kowé kudu padha tresna-tinresnan, padha kaya enggon-Ku nresnani kowé.

13Katresnan sing gedhé dhéwé yakuwi menawa wong rila mati kanggo nglabuhi mitrané.

14Yèn kowé padha nglakoni apa sing Dakdhawuhaké marang kowé, kowé dadi mitra-mitra-Ku.

15Kowé ora padha Daksebut batur menèh, awit batur ora ngerti apa sing lagi ditindakaké déning bendarané. Kowé padha Daksebut mitra, awit kabèh sing Dakrungu saka Rama-Ku wis dakkandhakaké marang kowé.

16Dudu kowé sing milih Aku, nanging Aku sing milih kowé, lan Dakdadèkaké utusan, supaya kowé metokaké woh akèh kaya wit anggur mau, sing wohé lestari ing selawasé. Rama-Ku bakal maringi apa waé sing koksuwun atas jeneng-Ku.

17Iki dhawuh-Ku marang kowé: Padha tresna-tinresnana."

18"Menawa kowé padha disengiti déning jagad, ngertia yèn Aku wis disengiti luwih dhisik déning jagad.

19Yèn pinangkamu saka jagad, jagad kuwi bakal nresnani kowé, kaya wongé jagad dhéwé. Nanging kowé wis Dakpilih saka jagad lan Daksengker dadi duwèk-Ku. Mulané kowé wis dudu wongé jagad. Kuwi sebabé jagad mau sengit karo kowé.

20Élinga marang sing wis Dakkandhakaké marang kowé: ‘Batur kuwi ora ngluwihi bendarané.’ Menawa wong-wongé jagad wis nganiaya marang Aku, wong-wong mau uga bakal nganiaya kowé. Yèn wong-wong mau nampani pangandikané Gusti Allah sing Dakwartakaké, mesthi uga bakal precaya marang piwulang sing kokwartakaké.

21Jagad bakal nindakaké panganiaya kuwi mau kabèh marang kowé, merga kowé kuwi wong-wong-Ku, lan merga jagad ora wanuh marang Panjenengané sing ngutus Aku.

22Saupama Aku ora teka lan ngandhakaké kuwi mau kabèh marang wong-wong kuwi, wong-wong kuwi ora kena disalahaké. Nanging saiki wong-wong mau ora duwé alesan kanggo nutupi dosané.

23Wong sing sengit marang Aku, kuwi uga sengit marang Sang Rama sing ngutus Aku.

24Aku wis nindakaké mujijat-mujijat lan kaélokan-kaélokan ana ing satengahé wong-wong mau, sing durung tau ditindakaké déning sapa waé. Saupama Aku ora nindakaké pretandha-pretandha ana ing satengahing wong-wong mau, wong-wong kuwi ora kena disalahaké. Nanging saiki, senajan wis padha ndeleng pretandha-pretandha, éwadéné wong-wong mau malah padha sengit marang Aku, lan uga marang Rama-Ku.

25Nanging sing mengkono kuwi, supaya kelakon apa sing wis ditulis ana ing Kitab Suciné wong-wong mau, surasané: ‘Tiyang-tiyang menika sami sengit dhateng Kawula tanpa sebab.’

26Nanging Sang Panglipur mau bakal rawuh ndhawuhaké bab kersané Gusti Allah, yakuwi Sang Roh Suci, sing miyos saka Sang Rama, sing bakal Dakutus marang kowé. Sang Roh Suci kuwi bakal maringi paseksi bab Aku.

27Kowé uga bakal padha dadi seksi-Ku, sebab kowé wis padha bebarengan karo Aku wiwit-wiwitan mula."



 <<  Yohanes 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel