Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 4 >> 

1Wong Farisi padha krungu yèn Gusti Yésus olèh murid lan mbaptisi wong luwih akèh ketimbang karo Nabi Yohanes.

2(Satemené Gusti Yésus dhéwé ora mbaptis; sing mbaptis para sekabat.)

3Nalika pirsa yèn wong Farisi padha krungu bab kuwi, Gusti Yésus nuli tindak saka tanah Yudéa, menyang tanah Galiléa.

4Tindaké mau ngersakaké miyos tanah Samaria.

5Ing tanah Samaria kono Gusti Yésus rawuh ing kutha Sikhar, ora adoh saka palemahan, sing biyèn déning Yakub diparingaké marang putrané sing jeneng Yusuf.

6Ing kono ana sumuré Rama Yakub. Sarèhné sayah banget, Gusti Yésus nuli lenggah ing pinggir sumur mau. Nalika semana kira-kira jam rolas awan.

7Nuli ana wong wadon Samaria teka arep ngangsu. Gusti Yésus nuli ngandika marang wong mau: "Aku wènèhana ngombé."

8Para sekabaté lagi padha lunga menyang kutha, tuku pangan.

9Wong wadon Samaria mau mangsuli: "Panjenengan rak priyantun Yahudi lan kula menika tiyang Samaria. Kénging menapa Panjenengan mundhut ngunjuk dhateng kula?" (Awit wong Yahudi karo wong Samaria padha sesengitan.)

10Pangandikané Gusti Yésus: "Yèn kowé ngerti bab ganjaran peparingé Gusti Allah lan ngerti sapa sing njaluk ngombé marang kowé, mesthi kowé dhéwé sing malah bakal njaluk ngombé marang wong mau lan wong kuwi bakal mènèhi kowé banyu sing marakaké urip."

11Aturé wong wadon mau: "Panjenengan mboten kagungan timba, mangka sumur menika lebet sanget. Saking pundi enggèn Panjenengan saged maringi toyaning gesang?

12Sumur menika tilaranipun leluhur kita, Rama Yakub. Rama Yakub piyambak ngunjuk saking toya sumur menika, mekaten ugi para putra lan raja-kayanipun. Menapa Panjenengan ngungkuli leluhur kita Yakub?"

13Pangandikané Gusti Yésus: "Kabèh wong sing ngombé banyu iki bakal ngelak menèh,

14nanging wong sing ngombé banyu sing Dakwènèhaké, selawasé ora bakal ngelak. Awit banyu sing Dakwènèhaké kuwi bakal dadi sumber sing mili terus, lan ndadèkaké wong mau lestari urip ing selawasé!"

15Aturé wong wadon mau: "Kula mbok Panjenengan paringi toya menika, supados kula mboten ngelak malih, lan mboten prelu ngangsu mriki."

16Pangandikané Gusti Yésus: "Lungaa, bojomu undangen lan balia mréné."

17Aturé wong wadon mau: "Kula mboten gadhah sémah." Pangandikané Gusti Yésus: "Pancèn bener kandhamu: ‘Kula mboten gadhah sémah,’

18sebab kowé wis kawin karo wong lanang lima, lan wong lanang sing saiki urip bebarengan karo kowé, kuwi satemené dudu bojomu. Mulané, kandhamu mau bener."

19"Samenika kula sumerep, bilih Panjenengan menika Nabi," aturé wong wadon mau.

20"Leluhur kula sami manembah Gusti Allah wonten ing redi menika, nanging bangsa Panjenengan, bangsa Yahudi, criyos bilih panggènanipun tiyang manembah Gusti Allah menika namung wonten ing kitha Yérusalèm kémawon."

21Pangandikané Gusti Yésus: "Ngandela. Bakal ana wektuné wong manembah marang Gusti Allah ora ana ing gunung iki lan uga ora ana ing kutha Yérusalèm.

22Kowé wong Samaria padha ora ngerti sapa sing koksembah, nanging Aku wong Yahudi ngerti, sebab keslametan kuwi tekané lantaran wong Yahudi.

23Bakal ana wektuné, malah saiki wis kelakon, wong-wong sing nyembah marang Sang Rama kanthi temenan, kuwi panyembahé klawan Roh Suci lan kanthi jujuring ati. Sebab iya srana patrap mengkono kuwi Sang Rama kersa disembah.

24Gusti Allah kuwi Roh, lan wong sing arep nyembah marang Gusti Allah kudu nyembah Panjenengané kaya sapamisiké Roh."

25Wong wadon mau nuli matur marang Gusti Yésus: "Kula sumerep bilih Sang Kristus badhé rawuh. Menawi rawuh, Panjenenganipun badhé nerangaken samukawis dhateng kita."

26Pangandikané Gusti Yésus: "Iya Aku, sing lagi ngandikan karo kowé iki Panjenengané."

27Nalika semana para sekabaté Gusti Yésus padha teka. Wong-wong mau padha gumun weruh Gusti Yésus ngandikan karo wong wadon. Nanging ora ana siji waé sing nyuwun pirsa: "Panjenengan ngandikan bab menapa?" Utawa: "Menapa sebabipun Panjenengan ngandikan kaliyan tiyang èstri menika?"

28Wong wadon mau nuli ninggal klenthingé ana ing kono, banjur énggal-énggal lunga menyang kutha, sarta kandha karo wong-wong ing kutha,

29"Ayo padha ndelenga, ing kana ana Wong sing ngandikakaké lelakonku kabèh marang aku. Bisa uga kuwi Sang Kristus!"

30Wong-wong mau nuli padha metu saka kutha marani Gusti Yésus.

31Nalika semana para sekabaté Gusti Yésus ngaturi dhahar, aturé: "Guru, mangga kula aturi dhahar rumiyin!"

32Nanging Gusti Yésus ngandika: "Aku duwé pangan sing ora kokngertèni."

33Para sekabat nuli padha takon-tinakon: "Apa ana wong sing nyaosi dhahar?"

34Gusti Yésus banjur ngandika: "Pangan-Ku, yakuwi nindakaké kersané Gusti Allah, sing ngutus Aku, lan ngrampungaké pegawéan sing wajib Daklakoni.

35Kowé padha muni: ‘Isih patang sasi engkas, lagi panèn.’ Nanging kowé padha Dakkandhani: Padha ngungaka ing sawah-sawah. Pariné wis padha kuning, wis wayahé dienèni!

36Wong-wong sing padha derep kuwi saiki padha nampa bawon lan padha nglumpukaké asilé pegawéané, yakuwi urip langgeng. Kuwi sebabé wong sing nyebar lan wong sing ngundhuh loro-loroné padha bungah bebarengan.

37Tumraping prekara iki ana paribasan: ‘Wong liya sing nandur, wong liyané menèh sing ngenèni.’

38Kowé padha Dakutus ngenèni ing sawah, sing digarap déning wong liya; wong liya sing nggarap lan kowé sing ngenèni pametuning garapané."

39Akèh wong Samaria ing kutha kono, sing padha precaya marang Gusti Yésus, merga wong wadon mau kandha: ‘Panjenengané wis mbèbèraké marang aku, samubarang sing wis tau daklakoni.’

40Wong-wong Samaria bareng wis ketemu karo Gusti Yésus, banjur padha nyuwun kanthi banget, supaya Panjenengané kersa pinarak ing omahé wong-wong mau. Gusti Yésus kèndel ana ing kono nganti rong dina.

41Sawisé kuwi saya akèh menèh wong sing padha precaya merga saka piwulangé Gusti Yésus piyambak.

42Wong-wong Samaria kuwi padha kandha karo wong wadon mau: "Saiki aku padha precaya marang Gusti Yésus, ora mung merga saka paseksimu, nanging merga aku dhéwé wis padha ngrungokaké pangandikané, lan ngerti yèn Panjenengané kuwi pancèn Sang Kristus."

43Sawisé kèndel ana ing tanah Sikhar rong dina, Gusti Yésus nuli tindak menyang tanah Galiléa.

44Panjenengané wis ngandika: "Nabi kuwi yèn ana ing negarané dhéwé ora kajèn."

45Nanging nalika tekan ing tanah Galiléa, wong-wong ing kana padha nampa Panjenengané klawan bungah, sebab nalika padha ana ing kutha Yérusalèm, yakuwi nalika Riaya Paskah, wong-wong mau wis padha weruh apa sing dhèk semana ditindakaké déning Gusti Yésus.

46Gusti Yésus nuli tindak menèh menyang kutha Kana, ing tanah Galiléa, panggonan enggoné Panjenengané damel mujijat banyu dadi anggur. Ing kono ana sawijining pegawé kraton, sing anaké lagi lara ing Kapèrnaum.

47Nalika krungu yèn Gusti Yésus rawuh saka tanah Yudéa menyang tanah Galiléa, wong mau nuli sowan ing ngarsané Gusti Yésus, sarta nyuwun, supaya kersa tindak menyang Kapèrnaum, marasaké anaké, sing wis mèh mati.

48Gusti Yésus ngandika marang pegawé kraton mau: "Apa kowé durung precaya, yèn durung ndeleng mujijat-mujijat lan kaélokan-kaélokan."

49Wangsulané pegawé kraton mau: "Kula aturi énggal tindak, Guru, mumpung anak kawula dèrèng pejah."

50Dhawuhé Gusti Yésus: "Wis balia, anakmu urip." Wong mau precaya marang pangandikané Gusti Yésus, banjur mulih.

51Nalika lagi mlaku mulih, ana abdiné sawetara padha methukaké lan matur: "Keng putra sampun saras."

52Pegawé kraton mau nuli nakokaké jam pira anaké wiwit waras. Para abdi mau padha mangsuli: "Kala wingi wetawis jam kalihwelas bentèripun ical."

53Bapakné mau banjur kèlingan yèn ing wayah kuwi Gusti Yésus ngandika marang dhèwèké, ‘Anakmu urip’. Pegawé kraton mau sebrayaté kabèh nuli padha precaya marang Gusti Yésus.

54Kuwi lelakon sing kaping pindhoné, sing ditindakaké déning Gusti Yésus ana ing Galiléa, sawisé Panjenengané rawuh saka tanah Yudéa.



 <<  Yohanes 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel