Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 9 >> 

1Nalika Gusti Yésus tindak, Panjenengané mirsa wong wuta lair mula.

2Para sekabaté padha nyuwun pirsa: "Guru, menapa sebabipun tiyang menika wuta? Menapa margi tiyang menika damel dosa utawi tiyang sapuhipun ingkang damel dosa?"

3Gusti Yésus ngandika: "Wong kuwi enggoné wuta ora merga dhèwèké gawé dosa, lan uga ora merga wong tuwané sing gawé dosa. Wong kuwi wuta, supaya wong-wong padha weruh pangwasané Allah makarya ana ing wong wuta mau.

4Kita kudu nyambut-gawé nglakoni ayahané Sang Rama sing ngutus Aku, mumpung isih awan, sebab sedhéla engkas banjur bengi. Ing wayah bengi wong ora bisa nyambut-gawé.

5Sasuwéné Aku ana ing donya, Aku dadi Pepadhanging jagad."

6Sawusé ngandika mengkono Gusti Yésus nuli kecoh ing lemah. Kecohé nuli diulet karo lemah, dilèlètaké ing mripaté wong wuta mau.

7Gusti Yésus ngandika marang wong mau: "Lungaa lan raupa ing blumbang Siloam." (Siloam tegesé ‘Diutus’.) Wong mau nuli mangkat lan raup. Bareng bali menèh mripaté wis bisa ndeleng.

8Tangga teparoné lan wong-wong sing mauné weruh wong wuta mau enggoné ngemis, padha muni: "Apa iki dudu wong sing adaté lungguh ngemis kaé?"

9Ana wong sing muni: "Pancèn ya wong kuwi," nanging ana uga sing muni: "Dudu, mung rupané waé sing mèmper." Nanging wong wuta mau kandha dhéwé: "Inggih kula menika ingkang rumiyin wuta."

10Wong-wong padha takon: "Kepriyé koksaiki bisa kokenggo ndeleng?"

11Wangsulané: "Wonten tiyang namanipun Yésus, damel luluhan siti sekedhik, lajeng nglèlètaken luluhan wau wonten ing mripat kula. Kula lajeng dipun dhawuhi raup wonten ing blumbang Siloam. Kula inggih lajeng mrika. Sareng kula sampun raup, kula lajeng saged ningali."

12Wong-wong padha takon menèh: "Saiki wongé ana ing ngendi?" Wong sing mauné wuta mau mangsuli: "Kula mboten ngertos."

13Wong-wong nuli nggawa wong sing mauné wuta mau marang para wong Farisi.

14Nalika Gusti Yésus ngulet lemah nganggo kecohé lan marasaké mripaté wong wuta mau, mbeneri dina Sabbat.

15Wong Farisi nuli takon menèh marang wong sing mauné wuta mau, kepriyé patrapé nganti bisa ndeleng. Wong mau nuli mangsuli: "Tiyang menika nglèlètaken blethok wonten ing mripat kula; kula lajeng raup, bibar menika kula saged ningali."

16Ana wong Farisi sawetara sing muni: "Mokal yèn wong kuwi pinangkané saka Allah, sebab dhèwèké nerak prenatan dina Sabbat." Nanging wong liyané menèh muni: "Mokal yèn wong dosa bisa gawé kaélokan-kaélokan kaya wong iki!" Panemuné wong-wong mau béda-béda.

17Para wong Farisi nuli padha takon menèh: "Manut kandhamu, Wong kuwi sing marasaké mripatmu. Yèn mengkono, kepriyé panemumu bab Wong kuwi?" Wangsulané: "Panjenenganipun menika Nabi."

18Nanging para penggedhéné wong Yahudi padha ora precaya yèn wong kuwi mauné wuta wiwit lair mula, lan saiki bisa ndeleng. Wong-wong Farisi mau durung gelem precaya, yèn durung takon dhisik marang wong tuwané wong sing mauné wuta mau.

19Para wong Farisi nuli takon marang wong tuwané: "Apa bener anakmu iki wuta lair mula? Kepriyé déné saiki kokbisa ndeleng?"

20Wong tuwané mangsuli: "Pancèn menika anak kula; lan pancèn wiwit lair mila piyambakipun wuta.

21Nanging bab kadospundi enggènipun samenika saged ningali, kula mboten mangertos. Kula aturi ndangu piyambak, sebab larénipun sampun diwasa, saged mangsuli piyambak."

22Aturé mengkono mau sebab padha wedi karo para penggedhéné wong Yahudi. Para penggedhé mau wis padha sarujuk, yèn saben wong sing ngakoni Gusti Yésus kuwi Sang Kristus, bakal disébrataké saka sinagogé (pasamuwané wong-wong sing nganut agama Yahudi).

23Kuwi sebabé, wong tuwané wong sing mauné wuta mau muni: "Piyambakipun sampun diwasa, kula aturi ndangu piyambak."

24Wong sing mauné wuta mau banjur diundang menèh, sarta ditakoni: "Kowé ngakua ana ing ngarsané Allah, yèn kowé kandha sabeneré, sebab aku padha weruh yèn Wong kuwi Wong dosa."

25Wangsulané: "Bab piyambakipun menika tiyang dosa menapa mboten, kula mboten mangertos. Saprekawis ingkang kula mangertosi, inggih menika, kala rumiyin kula wuta, samenika kula saged sumerep."

26Pitakoné wong-wong Farisi: "Kowé dikapakaké? Kepriyé carané Wong kuwi marasaké kowé?"

27Wangsulané: "Kula sampun sanjang, nanging panjenengan mboten kersa mirengaken. Menapa ginanipun pitakèn malih? Menapa panjenengan ugi kepéngin dados muridipun?"

28Wong-wong Farisi mau nuli padha nepsu lan muni: "Kowé kuwi muridé; aku dudu! Aku padha muridé Nabi Musa.

29Bab Nabi Musa, kita wis padha ngerti, yèn Gusti Allah pancèn wis ngandika marang panjenengané. Nanging mungguh Wong iki, aku padha ora ngerti asal-usulé."

30Wangsulané: "Kokanèh temen, panjenengan mboten pirsa asal-usulipun tiyang menika, mangka piyambakipun sampun damel mujijat, nyarasaken mripat kula.

31Kita mangertos bilih Gusti Allah mboten miyarsakaken atur panyuwunipun tiyang dosa, nanging miyarsakaken tiyang-tiyang ingkang ngurmati Panjenenganipun, sarta nglampahi kersanipun.

32Wiwit dumadosipun jagad sepriki dèrèng naté wonten tiyang wuta wiwit lair mila kasarasaken ngantos saged ningali.

33Menawi tiyang menika mboten saking Gusti Allah, mokal sagedipun nindakaken kaélokan kados mekaten."

34Para wong Farisi mau nuli mangsuli: "Kowé kuwi wong kebak dosa sabadan sekojur, wiwit saka pucuking rambut tekan tlapakané sikilmu, tur wiwit lair mula, lha kokarep mulang aku!" Wusanané wong mau banjur disébrataké saka sinagogé.

35Gusti Yésus midhanget yèn wong sing mauné wuta kuwi disébrataké saka sinagogé. Bareng ketemu karo wong mau, Gusti Yésus nuli ngandika: "Apa kowé precaya marang Putraning Manungsa?"

36Wong mau mangsuli: "Putraning Manungsa menika sinten, Guru? Kula aturi ngandikakaken, supados kula saged pitados dhateng Panjenenganipun."

37Pangandikané Gusti Yésus: "Kowé wis ndeleng Panjenengané, yakuwi sing saiki lagi ngandikan karo kowé."

38Aturé wong mau: "Kula pitados Gusti," banjur sujud ing ngarsané.

39Gusti Yésus nuli ngandika: "Teka-Ku ing jagad iki supaya ngadili, supaya wong wuta bisa ndeleng, lan wong sing ndeleng dadi wuta."

40Ing kono ana wong Farisi sawetara sing padha krungu pangandikané Gusti Yésus mau. Wong-wong mau padha muni: "Menapa Panjenengan nginten, kula inggih sami wuta?"

41Gusti Yésus ngandika: "Menawa kowé wuta, kowé ora dosa. Nanging sarèhné kowé kandha ‘Aku weruh’, mula kowé tetep dosa."



 <<  Yohanes 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel