Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 10 >> 

1Adoni-Zèdèk, raja ing Yérusalèm, krungu yèn Yosua wis ngrebut lan nggempur kutha Ai, sarta matèni rajané, kaya sing ditindakaké marang kutha Yérikho lan rajané. Uga krungu yèn wong-wong Gibéon wis gawé prejanjian karo wong Israèl lan padha manggon ing tengahé bangsa mau.

2Wong-wong sing manggon ing kutha Yérusalèm padha kuwatir, sebab Gibéon gedhéné padha karo kutha-kutha sing ana rajané; malah luwih gedhé ketimbang karo Ai, tur menèh wong-wong Gibéon kuwi prejurit-prejurit gemblèngan.

3Mulané Adoni-Zèdèk utusan nemoni Raja Hoham ing Hébron, Raja Piréam ing Yarmut, Raja Yafia ing Lakis, lan Raja Debir ing Églon, didhawuhi mengkéné,

4"Kula aturi suka pambiyantu dhateng kula, mergi kula badhé nyerang kitha Gibéon, awit tiyang Gibéon sampun damel prejanjian kaliyan Yosua lan tiyang-tiyang Israèl."

5Raja lima mau, yakuwi raja Yérusalèm, raja Hébron, raja Yarmut, raja Lakis lan raja Églon padha kekancan, banjur ngepung kutha Gibéon lan nyerang kutha mau.

6Wong-wong Gibéon nuli awèh kabar marang Yosua ing palèrènan Gilgal mengkéné, "Nyuwun tulung, ndara! Sampun panjenengan tégakaken! Mugi kersa paring pambiyantu! Tentaranipun raja-raja Amori saking daérah paredèn sampun saiyeg nglurug perang dhateng kula sedaya!"

7Yosua satentarané, klebu uga prejurit-prejurit sing pilihan, banjur budhal saka Gilgal nglurug perang.

8Gusti Allah ngandika marang Yosua, "Kowé aja wedi karo raja-raja kuwi, merga kabèh wis Dakulungaké marang kowé. Mulané siji waé ora bakal ana sing bisa nadhahi kekuwatanmu."

9Yosua satentarané sewengi muput mlaku saka Gilgal menyang Gibéon, banjur ora kenyana-nyana nyerang wong Amori.

10Atiné wong Amori digawé geter déning Pangéran ngadhepi wong Israèl, temah akèh wong Amori sing dipatèni ana ing Gibéon. Sisané sing isih urip mlayu medhun saka Gunung Bèt-Horon, banjur dioyak déning tentara Israèl nganti tekan Azéka lan Makéda sisih Kidul.

11Sajroné keplayu lan dioyak déning wong Israèl, Gusti Allah ndhawahaké udan ès prongkolan gedhé-gedhé sing nibani bala Amori, ing sedalan-dalan nganti tekan Azéka. Sing padha mati ketiban ès mau cacahé luwih akèh ketimbang karo sing dipatèni déning tentara Israèl.

12Ing dina mau nalika Pangéran maringi kemenangan marang bangsa Israèl ing perangé karo bangsa Amori, Yosua matur ing ngarsané Pangéran, karo diseksèni déning wong Israèl sing ana ing kono, mengkéné, "Hé srengéngé, mandhega ing ndhuwuré Gibéon. Lan kowé rembulan! Aja gingsir saka ndhuwuré Lebak Ayalon."

13Srengéngé iya banjur mandheg lan rembulan ora gingsir nganti para mungsuhé wong Israèl wis ditelukaké kabèh. Lelakon iki katulis ing Kitab Yasar. Sedina muput srengéngéné mandheg ing tengahing langit lan ora surup-surup.

14Ora tau ana kedadéan sing kaya mengkono, lan iya ora bakal kelakon menèh; karepé manungsa dituruti nganti semono déning Gusti Allah. Kuwi ora liya merga Gusti Allah piyambak maju perang mbélani bangsa Israèl!

15Sawisé rampung perangé, Yosua banjur mulih bebarengan karo tentarané menyang palèrènané ing Gilgal.

16Nanging raja Amori lima mau bisa lolos lan ndhelik ing sawijining guwa ing Makéda.

17Bareng ana sing ngonangi panggonan sing dienggo ndhelik mau, banjur kandha marang Yosua.

18Yosua nuli préntah, "Lawangé guwa kuwi tutupen nganggo watu gedhé-gedhé lan jaganen.

19Kowé padha nerusna ngoyak mungsuh, serangen saka mburi; aja nganti bisa bali mlebu ing kuthané! Gusti Allah wis ngulungaké mungsuh kuwi marang kowé."

20Wong-wong Amori sing keplayu mau akèh sing dipatèni déning Yosua lan wong-wong Israèl, nanging salong ana sing bisa bali menyang kutha-kuthané, nganti ora ngalami mati.

21Tentarané Yosua bali kabèh kanthi slamet ing pakémahan ing Makéda. Wong satanah kono kabèh siji waé ora ana sing wani ngrasani ala marang wong Israèl.

22Yosua banjur préntah, "Watu-watu sing nutupi cangkemé guwa mau saiki singkirna lan raja lima kuwi gawanen mréné."

23Guwané banjur dibukak. Raja lima, yakuwi raja Yérusalèm, raja Hébron, raja Yarmut, raja Lakis lan raja Églon banjur diirid metu,

24digawa ngadhep marang Yosua. Yosua akon wong Israèl kabèh padha nglumpuk, banjur préntah, supaya para perwira sing mèlu perang karo dhèwèké, padha ngidaka cengelé raja-raja mau. Para perwira mau iya banjur nindakaké apa sing dipréntahaké.

25Sawisé mengkono, Yosua banjur kandha karo para perwira mau, "Aja wedi lan aja geter atimu. Sing tatag lan sing kendel, sebab mungsuh-mungsuhmu kabèh bakal dipatrapi kaya mengkono déning Allah."

26Raja-raja mau banjur dipatèni déning Yosua, nuli digantung ing wit, saben raja siji ana ing wit siji. Jisimé ditinggal gumantung nganti wayah soré.

27Bareng wis surup, Yosua préntah, supaya jisim-jisim mau diudhunaké lan dibuwang kabèh ing njero guwa, sing mauné dienggo ndhelik para raja mau. Guwané banjur ditutup nganggo watu gedhé-gedhé. Watu-watu kuwi isih ana tekan sepréné.

28Bareng sedina iku uga Yosua ngrebut kutha Makéda lan nelukaké rajané. Wong saisiné kutha mau dipatèni kabèh, siji waé ora ana sing diuripi. Yosua matrapi raja Makéda ora béda karo enggoné matrapi raja ing Yérikho.

29Sawisé mengkono Yosua lan tentarané maju terus saka Makéda menyang Libna lan ngrebut kutha Libna.

30Gusti Allah uga ngulungaké kutha mau lan rajané marang tangané wong Israèl. Wong siji waé ora ana sing urip; wong saisiné kutha dipatèni kabèh. Tumindaké wong Israèl marang raja Libna kaya enggoné tumindak marang raja Yérikho.

31Saka Libna Yosua lan tentarané maju terus nglurug menyang kutha Lakis, kutha mau dikepung banjur diserbu.

32Gusti Allah ngulungaké kutha Lakis ing tangané wong Israèl ing dina kang kapindho. Apa sing kedadéan ing Libna uga dialami déning kutha Lakis; wong siji waé ora ana sing diuripi; kabèh dipatèni.

33Horam, raja ing Gèzèr teka, arep mbiyantu Lakis, nanging raja mau satentarané ditelukaké déning Yosua; wongé siji waé ora ana sing urip, kabèh dipatèni.

34Sawisé mengkono Yosua lan tentarané maju terus, saka Lakis nglurug menyang Églon. Églon dikepung banjur diserang.

35Bareng sedina kuwi uga Églon direbut lan wongé dipatèni kabèh, kaya sing dialami déning Lakis.

36Saka Églon Yosua lan tentarané munggah ing pegunungan, nglurug ing kutha Hébron; kutha mau diserang,

37banjur direbut. Raja lan saben wong sing manggon ing kutha kono lan ing kutha-kutha sakiwa-tengené kabèh dipatèni. Kutha mau digempur déning Yosua carané kaya enggoné nggempur Églon. Ora ana wong siji waé ing kutha kono sing diuripi.

38Sawisé mengkono Yosua lan tentarané banjur nglurug menyang Debir.

39Kutha mau lan kutha-kutha sakiwa-tengené kabèh direbut déning Yosua. Wongé dipatèni kabèh, carané ora béda karo enggoné tumindak marang Hébron lan Libna sarta rajané.

40Daérah semono mau kabèh ditelukaké déning Yosua. Yosua nelukaké raja-raja sing ana ing pegunungan, sing ana ing pèrèng-pèrèngé gunung sing sisih Wétan, sing ana ing sikil gunung sisih Kulon lan uga sing ana ing pesamunan ing sisih Kidul. Wong siji waé ora ana sing diuripi, kabèh padha dipatèni. Mengkono mau dhawuhé Pangéran, Allahé Israèl.

41Peprangan sing dipimpin déning Yosua kuwi mrèmèn saka Kadès Barnéa ing sisih Kidul tekan Gaza sacedhaké pesisir, klebu ing kono daérah Gosèn, terus mengalor tekan Gibéon.

42Raja-raja lan wewengkoné cukup diserang sepisan déning Yosua, merga Pangéran, Allahé Israèl sing nindakaké peprangan mau.

43Sawisé mengkono Yosua lan tentarané banjur padha bali menyang palèrènané ing Gilgal.



 <<  Yosua 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel