Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 14 >> 

1Mengkéné pangedumé tanah Kenaan sing ana ing sakuloné Kali Yardèn marang umat Israèl. Sing nindakaké Imam Èléazar lan Yosua bin Nun, lan para tetuwané trah ing saben taleré Israèl.

2Kaya sing wis didhawuhaké Pangéran marang Musa, daérah sakuloné Kali Yardèn kuwi bagéané taler Israèl sanga setengah. Pangedumé daérah-daérah mau ditetepaké nganggo undhi.

3(14:3-4) Taler sing loro setengah wis padha nampa panduman tanah sing ana ing sawétané Kali Yardèn lantaran Musa. (Cathetan: anak-anaké Yusuf dipérang dadi taler loro, yakuwi taler Manasyè lan taler Éfraim.) Taler Lèwi ora nampa panduman tanah saka Musa. Mung padha dipandumi kutha-kutha sing dienggoni, karo pangonan kanggo ngengon sapi lan wedhus-wedhusé.

4(14:3)

5Kaya mengkono pangedumé tanah kanggo umat Israèl, kaya sing didhawuhaké Pangéran marang Musa.

6Ing sawijining dina ana wong sawetara saka taler Yéhuda padha nemoni Yosua ing Gilgal. Salah sijiné yakuwi Kalèb, anaké Yéfuné, saka trah Kénas. Kandhané Kalèb marang Yosua, "Yosua! Kowé rak isih kèlingan apa sing dingandikakaké Pangéran ing Kadès marang Musa, utusané Allah, bab kowé lan aku.

7Nalika Musa, abdiné Allah, ngutus aku saka Kadès Barnéa dikon dadi telik, nliti kaanané negara iki, aku umur patang puluh taun. Sabaliku aku nglapuraké apa anané.

8Nanging wong-wong sing padha diutus bareng karo aku padha gawé lapuran sing marakaké wong Israèl padha wedi. Aku tetep setya marang Pangéran Allahku.

9Merga saka mengkono Musa janji arep mènèhaké tanah sing dakdlajahi kuwi marang aku lan anak-turunku dadi bagéanku.

10Sepréné wis patang puluh lima taun lawasé Gusti Allah enggoné ngandika bab kuwi marang Musa. Kelakoné mau nalika bangsa Israèl nglembara ana ing ara-ara samun. Lan saiki apa sing dijanjèkaké déning Gusti Allah mau kelakon. Panjenengané ngreksa marang aku, nganti aku isih urip tekan sepréné. Delengen awakku iki! Umurku wis wolung puluh lima taun,

11nanging isih rosa kaya dhèk aku diutus Musa. Aku isih saguh maju perang lan nglakoni apa waé.

12Mulané saiki aku pandumana tanah pegunungan sing dijanjèkaké Gusti Allah marang aku, yakuwi nalika aku karo wong-wong sing padha diutus bareng karo aku, teka awèh lapuran. Nalika semono aku kandha karo kowé yèn ing kana ana bangsa sing pawakané kaya buta, sing diarani wong Anakim. Wong-wong mau padha manggon ing kutha-kutha gedhé, sing dikubengi bètèng. Muga-muga Gusti Allah mbiyantu aku, nganti aku bisa nglungakaké bangsa mau, kaya sing dingandikakaké."

13Yosua nyarujuki penjaluké Kalèb anaké Yéfuné, lan mènèhaké kutha Hébron dadi pandumané.

14Sepréné dadi tanah pusakané Kalèb anaké Yéfuné, wong Kénas, merga Kalèb setya marang Pangéran, Allahé Israèl.

15Hébron kuwi biyèn jenengé Arba. (Arba kuwi wong sing gedhé dhéwé ing antarané bangsa Anakim.) Sawratané tanah kono kabèh dadi tentrem, merga wis ora perang menèh.



 <<  Yosua 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel