Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 15 >> 

1Trah-trahé taler Yéhuda nampa panduman tanah, sing wates-watesé mengkéné: Ing sisih Kidul watesé daérah Édom, dadi tekan daérah segara wedhi Zin sing Kidul dhéwé,

2wiwit saka pucuké Segara Mati sing sisih Kidul,

3terus urut pèrèngé Gunung Akrabim tekan Zin. Banjur urut kidulé Kadès Barnéa, ngliwati Hézron, munggah menyang Adar, banjur ménggok menyang Karka.

4Saka kono tapel wates mau terus menyang Azmon, urut kali, tapel watesé tanah Mesir tekan Segara Tengah. Mengkono kuwi tapel watesé daérahé taler Yéhuda, lan iya dadi tapel watesé tanah Israèl sisih Kidul.

5Ing sisih Wétan, watesé daérahé Yéhuda yakuwi Segara Mati mengalor tekan muarané Kali Yardèn. Ing sisih Lor, tapel watesé wiwit saka muarané Kali Yardèn,

6munggah menyang Bèt-Hogla, terus tekan tapel watesé Lebak Yardèn. Saka kono tapel wates sing sisih Lor mau munggah mengalor tekan Batu Bohan (Bohan kuwi jenengé anaké Rubèn),

7banjur terus menyang Lebak Akhor tekan ing Debir, banjur ménggok ngalor menèh menyang Gilgal, tekan panggonan sing adhep-adhepan karo pèrèng-pèrèngé Gunung Adumim, sing ana ing sakidulé lebak mau. Saka kono isih terus menyang tuk Èn-Sèmès, banjur menyang Èn-Rogèl,

8Saka kono munggah metu Lebak Ben-Hinom ing kidulé pegunungan, dunungé kutha Yérusalèm, kuthané wong Yébus. Saka kono tapel watesé metu pucaké gunung, sakuloné Lebak Ben-Hinom, pucak gunung loré Lebak Réfaim,

9terus menyang tuk Me Nèftoah, tekan kutha-kutha sacedhaké Gunung Éfron. Tapel wates mau ménggok menyang Baala (yakuwi Kiryat-Yéarim),

10lan ngubengi Baala sisih Kulon, tekan ing pegunungan Édom, banjur terus menyang Gunung Yéarim (yakuwi Gunung Kesalon) sing sisih Lor, medhun menèh menyang Bèt-Sèmès, banjur terus menyang Timna.

11Saka Timna tapel watesé tekan saloré Ékron, banjur ménggok ngener menyang Sikron, ngliwati Gunung Baala, terus menyang Yabneèl, wusana notog Segara Tengah.

12Mengkono mau tapel wates wilayahé taler Yéhuda sing sisih Kulon. Sing manggon ing wilayah kono trah-trahé taler Yéhuda.

13Netepi dhawuhé Gusti Allah marang Yosua, sapérangan saka tanah pandumané Yéhuda diparingaké marang Kalèb anaké Yéfuné, saka klompok Yéhuda. Sing diparingaké yakuwi Hébron, biyèn duwèké Arba, bapakné Anakim.

14Anak-turuné Anakim yakuwi wong Sésai, Ahiman lan wong Talmai. Kalèb banjur nglungakaké wong kabèh saka Hébron.

15Saka ing kono Kalèb nyerang wong-wong sing padha manggon ing Debir. (Kutha kuwi biyèn jenengé Kiryat-Sèfèr.)

16Kalèb gawé pengumuman mengkéné: "Wong lanang sing bisa nelukaké Kiryat-Sèfèr bakal dakpèk mantu, dakolèhaké anakku Akhsa."

17Kelakon Otnièl, anaké seduluré Kalèb sing jeneng Kénas, ngrebut kutha mau, temah Kalèb banjur mènèhaké Akhsa, anaké, dadi bojoné Otnièl.

18Ing dina kawiné, Otnièl ngojok-ojoki Akhsa supaya njaluk lemah marang bapakné, lan bareng ditakoni bapakné, "Kowé arep apa?"

19Akhsa mangsuli, "Siti ingkang panjenengan paringaken dhateng kula menika daérah ingkang awis toya, mila kula nyuwun dipun paringana ugi ingkang wonten tukipun sawetawis." Kalèb banjur mènèhi tuk sing ana ing daérah ndhuwur lan ing daérah ngisor.

20Iki tanah pandumané trah-trah ing taler Yéhuda, dadi tanah pusakané:

21(15:21-32) Kutha-kutha sing dunungé ana ing sisih Kidul dhéwé, duwèké Yéhuda, dunungé ana ing tapel watesé tanah Édom. Cacahé kabèh ana sanga likur, yakuwi: Kabzeèl, Èdèr, Yagur, Kina, Dimona, Adada, Kèdès, Hazor, Yitnan, Zif, Tèlèm, Bealot, Hazor Hadata, Kériot-Hésron (yakuwi Hazor), Amam, Séma, Molada, Hazar Gada, Hèsmon, Bèt-Pèlèt, Hazar-Sual, Bèrsyéba, Biziotia, Baala, Iyim, Azèm, Èltolad, Kèsil, Horma, Ziklag, Madmana, Sansanah, Lebaot, Silhim, Ain lan Rimon.

22(15:21)

23(15:21)

24(15:21)

25(15:21)

26(15:21)

27(15:21)

28(15:21)

29(15:21)

30(15:21)

31(15:21)

32(15:21)

33(15:33-36) Kutha-kutha lan désa-désa ing kiwa-tengené, sing ana ing pèrèng-pèrèng gunung, kabèh cacahé patbelas, yakuwi: Èstaol, Zora, Asna, Zanoah, Èn-Ganim, Tapuah, Énam, Yarmut, Adulam, Sokho, Azéka, Saaraim, Aditaim, Gedéra lan Gedérotaim.

34(15:33)

35(15:33)

36(15:33)

37(15:37-41) Kutha-kutha liyané sing klebu duwèké Yéhuda lan désa-désa ing sakiwa-tengené ana patbelas, yakuwi: Zenan, Hadasa, Migdal, Gad, Diléan, Mizpa, Yokteèl, Lakis, Boskat, Églon, Kabon, Kitlis, Gedérot, Bètdagon, Naamah lan Makéda.

38(15:37)

39(15:37)

40(15:37)

41(15:37)

42(15:42-44) Ana kutha sanga sing uga klebu ing daérah Yéhuda, lan désa-désa ing kiwa-tengené, yakuwi: Libna, Ètèr, Asan, Yiftah, Asna, Nézib, Kéhila, Aksib lan Marésya.

43(15:42)

44(15:42)

45Kejaba saka kuwi iya Ékron karo désa-désané,

46sarta kutha-kutha kabèh lan désa-désa sakiwa-tengené sacedhaké Asdod, saka Ékron tekan Segara Tengah.

47Mengkono uga Asdod lan Gaza sarta désa-désa sing sumebar tekan kali tapel watesé tanah Mesir lan pesisiré Segara Tengah.

48(15:48-51) Ing daérah pegunungané Yéhuda ana kutha sewelas, klebu uga désa-désa ing kiwa-tengené, yakuwi: Samir, Yatir, Sokho, Dana, Kiryat-Sana (yakuwi Debir), Anab, Èstemoa, Anim, Gosèn, Holon lan Gilo.

49(15:48)

50(15:48)

51(15:48)

52(15:52-54) Kutha sanga lan désa-désa sakiwa-tengené ing ngisor iki uga klebu duwèké Yéhuda: Arab, Dumah, Èsan, Yanum, Bèttapuah, Afèka, Humta, Hébron lan Zior.

53(15:52)

54(15:52)

55(15:55-57) Uga kutha sepuluh ing ngisor iki, lan uga désa-désa ing kiwa-tengené, klebu duwèké Yéhuda, yakuwi: Maon, Karmèl, Zif, Yuta, Yésreèl, Yokdeam, Zanoah, Kain, Gibéa lan Timna.

56(15:55)

57(15:55)

58(15:58-59) Kutha nem ing ngisor iki lan désa-désa ing kiwa-tengené uga klebu duwèké Yéhuda, yakuwi: Halhul, Bètzur, Gedor, Maarat, Bèt-Anot lan Èltekon.

59(15:58)

60Kutha loro menèh, semono uga désa-désa kiwa-tengené, kutha Kiryat-Baal (yakuwi Kiryat-Yéarim) lan kutha Raba.

61(15:61-62) Ing daérah ara-ara samun, Yéhuda duwé kutha nem lan désa-désa sakiwa-tengené, yakuwi: Bèt-Araba, Midin, Sekhakha, Nibsan, Kutha Uyah lan Èn-Gedi.

62(15:61)

63Kutha Yérusalèm uga klebu kuthané Yéhuda, nanging wong Yéhuda ora bisa nglungakaké wong Yébus sing manggon ana ing kono. Tekan saiki wong-wong Yébus mau isih tetep manggon ana ing kono, bebarengan karo wong-wong Yéhuda.



 <<  Yosua 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel