Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 16 >> 

1Tapel watesé tanah pandumané anak-turuné Yusuf kuwi wiwit saka Kali Yardèn sacedhaké Yérikho, sawétané tuk-tuk Yérikho tekan ara-ara samun. Tapel wates mau saka Yérikho munggah tekan Bètèl ing daérah pegunungan.

2Saka Bètèl tapel wates mau tekan Lus, metu Atarot-Adar, panggonané wong Arki.

3Saka kono tapel watesé mengulon menyang tanahé bangsa Yaflèt, nganti tekan Bèt-Horon. Sapengisor, terus menyang Gèzèr, banjur pantog ing Segara Tengah.

4Yakuwi daérah sing dipandumaké marang taler Manasyè lan Éfraim, anak-turuné Yusuf, dadi tanah pusakané.

5Tapel watesé daérah sing diwènèhaké marang trah-trahé taler Éfraim kuwi mengkéné: Ing sisih Wétan tapel wates mau wiwit saka Atarot-Adar tekan Bèt-Horon-Ndhuwur,

6banjur terus tekan Segara Tengah. Mikmétat kuwi keprenah ing saloré. Ing sisih Wétan tapel wates mau ménggok menyang peneré Taanat Silo, banjur yèn wis ngliwati kutha mau saka Wétan tekan Yanoah.

7Tapel wates mau banjur medhun tekan Atarot lan Naharat, terus tekan Yérikho lan mantog ing Kali Yardèn.

8Tapel watesé Éfraim sing sisih Kulon miwiti saka Tapuah nganti tekan Kali Kana, banjur notog ing Segara Tengah. Kuwi daérah sing dipandumaké marang trah-trahé taler Éfraim, dadi tanah pusakané,

9klebu uga désa-désa sawetara sing ana ing wilayahé Manasyè.

10Nanging Éfraim ora nglungakaké wong-wong Kenaan metu saka Gèzèr. Yakuwi sebabé wong Kenaan sepréné manggon bebarengan karo wong Éfraim ana ing kono, lan didadèkaké batur-tukoné wong Éfraim.



 <<  Yosua 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel