Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 18 >> 

1Sawisé bangsa Israèl nelukaké tanah sing dijanjèkaké Allah, banjur padha nglumpuk ing kutha Silo, lan masang Kémah Palenggahané Allah.

2Taler-taleré Israèl sing durung nampa panduman tanah ana pitu.

3Mulané Yosua banjur kandha karo umat Israèl mengkéné, "Mbésuk kapan enggonmu arep ngenggoni daérah sing diparingaké marang kowé déning Pangéran, Allahé leluhurmu?

4Miliha saka saben taler wong telu. Mengko dakkoné lunga ndlajahi tanah kéné kabèh lan ngukur tapel watesé daérah sing arep dienggoni. Sawisé mengkono mréné menèh ketemu karo aku.

5Tanah mau arep diedum-edum dadi pitung daérah. Yéhuda bakal tetep ngenggoni wilayah sisih Kidul, lan Yusuf wilayah sisih Lor.

6Tapel watesé daérah sing pitu kuwi catheten, banjur wènèhna marang aku. Mengko bakal dakundhi endi sing dikersakaké Allah kanggo taler siji-sijiné.

7Mung taler Lèwi bakal ora nampa panduman lemah, merga pandumané yaiku enggoné kepareng dadi imam-imamé Allah. Lan bab taler Gad, Rubèn lan Manasyè Wétan kali wis padha nampa pandumané ing sawétané Kali Yardèn. Kuwi wis ditampakaké déning Musa, abdiné Allah, marang taler-taler mau."

8Yosua awèh pituduh-pituduh mengkéné, "Tanah iki kabèh dlajahana lan ukuren, banjur balia mréné. Mengko dakundhiné ing Silo kéné, endi daérah sing dikersakaké déning Allah kanggo taler siji-sijiné." Sawisé dikandhani Yosua, wong-wong mau banjur padha mangkat ngukur tanahé kabèh.

9Tanah mau didlajahi lan tapel watesé daérah siji-sijiné dicathet, semono uga kutha-kutha sing ana ing daérah siji-sijiné didaftar. Sawisé rampung banjur padha bali nemoni Yosua ing Silo.

10Yosua banjur nibakaké undhi supaya ngerti daérah endi sing dikersakaké déning Pangéran kanggo taler siji-sijiné. Sawisé mengkono Yosua banjur mènèhaké marang saben taler Israèl sing durung nampa bagéan tanah, dadi pandumané dhéwé-dhéwé.

11Tanah sing diedum dhisik dhéwé yakuwi sing kanggo trah-trahé taler Bènyamin. Dunungé tanah mau ing antarané daérahé Yéhuda lan tanahé taler Yusuf.

12Sing sisih Lor tapel watesé wiwit saka Kali Yardèn, banjur munggah ing pèrèng saloré Yérikho, banjur mengulon ngliwati daérah pegunungan tekan ing ara-ara samun Bèt-Awèn.

13Tapel wates mau terus urut pèrèng sakidulé Lus (sing biyèn karan Bètèl), banjur medhun tekan Atarot-Adar, ing gunung sakidulé Bèt-Horon-Ngisor.

14Saka sakuloné gunung mau tapel watesé tanah mau banjur ménggok ngidul tekan Kiryat-Baal (yakuwi Kiryat-Yéarim). Kiryat-Baal mau klebu daérahé taler Yéhuda. Kuwi tapel wates sing sisih Kulon.

15Déné tapel wates sing sisih Kidul, wiwit saka Kiryat-Yéarim terus tekan tuk-tuk Nèftoah.

16Tapel wates mau nuli medhun urut sikilé gunung sing adhep-adhepan karo Lebak Hinom, ing pucuké Lebak Réfaim sing sisih Lor, banjur mengidul urut Lebak Hinom, sakidulé pèrèng-pèrèngé gunung ing tanah Yébus, tekan Èn-Rogèl.

17Tapel wates mau banjur ménggok ngalor menyang Gelilot, peneré unggah-unggahan Adumim. Sawisé mengkono medhun menyang watu Bohan (Bohan kuwi jenengé anaké Rubèn),

18nuli urut saloré pèrèng-pèrèng gunung sing adu-arep karo Lebak Yardèn. Tapel wates mau banjur medhun menèh menyang lebak,

19urut saloré pèrèng-pèrèng gunung Bèt-Hogla, notog tekan Segara Mati sing sisih Lor, ing muarané Kali Yardèn.

20Tapel wates sing sisih Wétan yakuwi Kali Yardèn. Mengkono mau tapel watesé tanah pandumané para trahé taler Bènyamin, sing dadi tanah pusakané.

21Déné kutha-kutha sing klebu duwèké taler Bènyamin yakuwi Yérikho, Bèt-Hogla, Èmèk-Kezis,

22Bèt-Araba, Zemaraim, Bètèl,

23Haawim, Para, Ofra,

24Kéfar-Amonai, Ofni lan Géba. Kabèh ana rolas karo désa-désa ing kiwa-tengené.

25Klebu uga: Gibéon, Rama, Beérot,

26Mizpa, Kéfira, Moza,

27Rèkèm, Yirpeèl, Tarala,

28Zéla, Èlèf, Yébus (yakuwi Yérusalèm), Gibéa lan Kiryat-Yéarim. Kabèh ana patbelas karo désa-désa ing kiwa-tengené. Kuwi tanah-tanah sing dipandumaké marang trah-trahé taler Bènyamin.



 <<  Yosua 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel