Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 3 >> 

1Ésuké, isih umun-umun, Yosua lan umat Israèl kabèh wis padha tangi, banjur mbedhol kémahé ing Lebak Sitim, lunga menyang pinggiring Kali Yardèn. Kémahé nuli dipasang menèh karo ngentèni wektuné nyabrang.

2Sawisé telung dina para penggedhé mider-mider nekani saben kémah,

3lan kandha mengkéné, "Samasa kowé weruh para imam mikul Pethining Prejanjiané Pangéran Allahmu, kowé énggal padha budhala nututi Pethi mau.

4Para imam kuwi sing bakal nuduhaké dalanmu, merga kowé durung tau mréné. Mung lakumu aja cedhak-cedhak karo Pethi mau, diletana wetara sakilomèter."

5Yosua kandha karo wong Israèl kabèh, "Kowé padha sesucia, sebab sésuk Pangéran bakal damel kaélokan ana ing tengahmu."

6Yosua banjur dhawuh marang para imam ngangkat Pethining Prejanjian lan budhal ndhisiki lakuné wong Israèl. Para imam padha nindakaké apa sing didhawuhaké Yosua.

7Pangandikané Allah marang Yosua, "Wiwit dina iki kowé bakal Dakluhuraké ing sangarepé bangsa Israèl, temahan wong kabèh bakal padha ngurmati marang kowé lan ngerti yèn Aku nunggil karo kowé, kaya enggon-Ku nunggil karo Musa.

8Saiki dhawuha marang para imam sing mikul Pethining Prejanjian supaya satekané ing Kali Yardèn, padha medhuna ing banyu, nuli mandhega."

9Yosua banjur nglumpukaké wong Israèl, nuli dikandhani mengkéné, "Padha rungokna dhawuhé Pangéran Allahmu.

10Yèn kowé mengko maju perang, Pangéran mesthi bakal nundhungi wong-wong Kenaan, Hèt, Hèwi, Fèris, Girgasi, Amori lan Yébus. Kowé bakal weruh yèn Allah kang asipat gesang ana ing tengahmu, yakuwi

11samasa Pethi Prejanjiané Allahé langit lan bumi ana ing ngarepmu ndhisiki lakumu nyabrang ing Kali Yardèn.

12Saiki miliha wong rolas, saka saben taler siji.

13Mengko samasa para imam sing mikul Pethi Prejanjian napakaké sikilé ana ing banyuné Kali Yardèn, iliné banyu bakal kandheg, lan banyu sing saka ndhuwur bakal mambeg."

14(3:14-15) Nalika semono lagi mangsa panèn lan kaya padatan yèn mangsa panèn Kali Yardèn kuwi banyuné mbludag. Nalika wong Israèl budhal saka papan palèrèhané, arep nyabrang Kali Yardèn, para imam mlaku ing ngarep dhéwé nggawa Pethining Prejanjian. Kocapa bareng tlapakané para imam ngidak banyuning kali,

15(3:14)

16(3:16-17) iliné banyu banjur kandheg. Banyu sing mili saka ndhuwur mandheg ing Adam, yakuwi kutha sing dunungé ana ing sacedhaké Sartan. Banyu sing mili menyang Segara Mati dadi pedhot, temahan umat Israèl bisa mlaku ing dhasaring kali sing asat, tekan ing papan sangarepé kutha Yérikho. Para imam sing mikul Pethining Prejanjian padha mandheg ing tengahé kali, nganti wong Israèl kabèh wis rampung enggoné padha nyabrang ing Kali Yardèn mau.

17(3:16)



 <<  Yosua 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel