Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 5 >> 

1Raja-raja Amori kabèh, sing padha manggon sing sisih kuloné Kali Yardèn lan raja-raja Kenaan, sing padha manggon ing sauruting pesisiré Segara Tengah, padha krungu yèn Allah wis ndadèkaké Kali Yardèn asat, nalika umat Israèl nyabrang ing kali mau nganti rampung. Raja-raja mau temah padha geter atiné merga saka wediné karo wong Israèl.

2Sawisé mengkono ana dhawuhé Gusti Allah marang Yosua mengkéné, "Gawéa péso saka watu, nuli umat Israèl tetakana."

3Yosua nuli nindakaké apa sing didhawuhaké déning Pangéran mau. Wong-wong Israèl padha ditetaki ana ing Gunung Arod, ing panggonan sing disebut: "Punthuk Tetakan."

4(5:4-6) Nalika wong Israèl padha metu saka ing tanah Mesir, wong lanang kabèh wis padha ditetaki. Nanging nalika padha nglembara ing ara-ara samun patang puluh taun, anak-anaké lanang durung padha ditetaki. Mangka wong-wong lanang sing nalika metu saka ing Mesir wis diwasa lan bisa mèlu perang, nalika rampungé wektu patang puluh taun mau wis padha mati kabèh, merga padha ora mbangun-turut karo dhawuhé Gusti Allah. Lan cocog karo dhawuhé, wong-wong mau padha ora pareng ndeleng tanah subur lan makmur sing dijanjèkaké déning Gusti Allah marang para leluhuré.

5(5:4)

6(5:4)

7Anak-anaké lanang wong-wong sing padha mati mau, kabèh durung ditetaki. Ya turunan anyar kuwi sing ditetaki déning Yosua.

8Sawisé rampung kabèh enggoné netaki, umat Israèl isih ngaso ana ing palèrènan kono, nganti sing padha tetak wis mari tatuné.

9Pangéran banjur ngandika marang Yosua mengkéné, "Ing dina iki kanisthané wong Israèl enggoné dadi batur-tukon ing tanah Mesir wis Daklebur." Mulané panggonan mau tekan sepréné disebut Gilgal.

10Sajroné lèrèn ing Gilgal, ing aréné Yérikho, bangsa Israèl padha ngriayakaké Paskah, ing wayah bengi tanggal patbelas sasi mau.

11Ésuké padha mangan sing kawitan pametuné tanah Kenaan. Yakuwi: roti tanpa ragi lan gandum sing dipanggang.

12Wiwit dina kuwi wong Israèl ora mangan manna menèh, merga wis ora katibakaké menèh saka ing langit. Dadi wiwit dhèk semana wong Israèl padha mangan pametuné tanah Kenaan.

13Nalika Yosua ana ing sacedhaké kutha Yérikho dumadakan weruh wong lanang ngadeg ing ngarepé, nggawa pedhang ligan. Wong mau nuli dicedhaki lan ditakoni, "Sampéyan menika kanca menapa mengsah?"

14Wangsulané wong mau, "Aku dudu kanca lan dudu mungsuh. Aku ana ing kéné dadi sénapatiné tentarané Allah." Krungu sing mengkono mau Yosua banjur sumungkem ing bumi saos bekti. Aturé Yosua, "Kula menika kang abdi. Menapa wonten dhawuh ingkang kedah kula lampahi?"

15Sénapatiné Pangéran paring wangsulan, "Trumpahmu copoten, awit papan sing kokenciki kuwi bumi suci." Yosua banjur nyopot trumpahé.



 <<  Yosua 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel