Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 9 >> 

1Kabar bab menangé bangsa Israèl wis keprungu déning raja-raja sing ana ing sakuloné Kali Yardèn, ing pegunungan, ing aré, lan ing pesisiré Segara Tengah, nganti tekan Libanon sing sisih Lor, yakuwi raja-raja Hèt, raja-raja Amori, Kenaan, Fèris, Hèwi, lan Yébus.

2Raja-raja mau kabèh padha sarujuk merangi Yosua lan bangsa Israèl bebarengan.

3Nanging wong-wong Gibéon wis padha krungu apa sing ditindakaké déning Yosua marang Yérikho lan Ai.

4Mulané banjur padha arep gentèn ngakali Yosua. Banjur padha nggawa sangu pangan, diwadhahi karung-karung sing wis lawas, semono uga nggawa wadhah anggur saka kulit, sing rupané wis èlèk, diemotaké ing kuldiné.

5Banjur padha nganggo sandhangan rowak-rawèk lan trumpah lawas sing ditambal-tambal. Roti sing dienggo sangu mau roti lawas, sing wis garing lan jamuren.

6Mengkono kaanané nalika wong-wong Gibéon mau padha teka ing palèrènané wong Israèl ing Gilgal. Aturé marang Yosua lan wong-wong Israèl, "Dhateng kula saking negari ingkang tebih sanget, saprelu damel prejanjian kaliyan sampéyan sedaya."

7Wangsulané wong-wong Israèl, "Kanggé menapa kula sami damel prejanjian kaliyan sampéyan? Saged ugi sampéyan namung saking celak ngriki kémawon."

8Wangsulané wong-wong Gibéon, "Kula manut sakersa sampéyan." Pitakoné Yosua, "Sampéyan sinten, lan asal sampéyan pundi?"

9Wong-wong Gibéon mau banjur crita marang Yosua mengkéné, "Asal kula saking negari ingkang tebih sanget, ndara. Kula sami mireng pawartos bab Pangéran, Allah sesembahan panjenengan. Kula sami mireng samukawis ingkang sampun katindakaken ing tanah Mesir.

10Semanten ugi ingkang katindakaken dhateng raja-raja Amori ing sawétanipun Lèpèn Yardèn, Sihon, Raja Hèsbon, lan Og, Raja Basan ingkang manggèn ing Astarot.

11Para pengageng lan rakyatipun negari kula ndhawuhi kula sowan dhateng panjenengan, mbekta sangu kanggé wonten mergi. Kula dipun purih damel prejanjian kaliyan panjenengan, ingkang wosipun kula sami ndhèrèk ing sakersa panjenengan.

12Cobi panjenengan pirsani roti, sangu kula menika. Nalika kula bidhal saking griya, badhé sowan mriki, roti menika taksih anget. Nanging samenika, cobi panjenengan pirsani, rak sampun sami garing lan jamuren.

13Semanten ugi impes-impes anggur menika. Nalika kula isèni, impes menika taksih énggal. Nanging samenika, cobi panjenengan pirsani! Rak sampun sami suwèk. Sandhangan lan trumpah kula sampun sami risak mergi saking dangunipun lampah kula."

14Wong-wong Israèl uga padha ngiling-ilingi pangan, sanguné wong-wong Gibéon sing dituduhaké mau, nanging padha ora nyuwun pirsa karo Gusti Allah.

15Yosua banjur gawé prejanjian kekancan karo wong-wong Gibéon mau, sing wosé ora arep matèni wong-wong Gibéon. Para penggedhéné wong Israèl padha sumpah, arep netepi prejanjian mau.

16Let telung dina sawisé dianakaké prejanjian mau ketitik yèn wong-wong Gibéon kuwi manggoné ora adoh saka palèrènané wong Israèl.

17Wong-wong Israèl banjur padha budhal menyang panggonané para utusan mau. Let telung dina wis tekan ing panggonané wong-wong mau, yakuwi kutha Gibéon, Kéfira, Baérot lan Kiryat-Yéarim.

18Nanging wong-wong Israèl ora bisa matèni wong-wong ing kono, merga para penggedhéné Israèl wis padha sumpah ing Asmané Allah, yèn ora arep matèni wong-wong mau. Temahan wong Israèl kabèh padha nggrundeli para penggedhéné.

19Nanging para penggedhé mau mangsuli, "Kepriyé menèh, aku wis padha sumpah demi Asmané Pangéran, Allahé Israèl. Saiki kita ora kena gawé ruginé wong-wong kuwi.

20Wong-wong kuwi kudu kita uripi, sebab kita wis kalah janji. Yèn ora mengkono, Gusti Allah bakal ngukum kita.

21Dadi wong-wong mau aja padha kokpatèni, nanging beciké kita dadèkaké tukang golèk kayu lan tukang amèk banyu kanggo kita kabèh." Kaya mengkono rembugé para penggedhé mau.

22Wong-wong Gibéon nuli ditimbali ngadhep marang Yosua. Kandhané Yosua, "Yagéné kowé padha ngapusi aku, kandha yèn asalmu saka kutha adoh, mangka nyatané manggonmu ana ing kéné?

23Sarèhné kowé wis ngapusi, mulané kowé diukum déning Allah. Bangsamu selawasé kudu golèk kayu lan ngangsu kanggo Pedalemané Allahku."

24Wangsulané wong-wong mau, "Ndara, enggèn kula sami tumindak mekaten wau mergi kula sampun mireng, bilih Pangéran Allah panjenengan sampun dhawuh dhateng Musa, abdinipun, supados maringaken tanah menika dhateng bangsa panjenengan, sarta mejahi tiyang-tiyang ingkang sami manggèn ing tanah ingkang panjenengan dhatengi. Dados kula sami ajrih sanget dhateng panjenengan, ajrih menawi panjenengan pejahi; pramila lajeng kepeksa ngapusi.

25Samenika kula pasrah bongkokan, badhé manut dhateng kersa panjenengan."

26Yosua banjur gawé putusan mengkéné: Wong-wong Gibéon diayomi lan ora kena dipatèni déning wong Israèl.

27Nanging, kejaba kuwi wong-wong mau didadèkaké tukang golèk kayu lan tukang ngangsu kanggo umat Israèl lan kanggo mesbèhé Gusti Allah. Tekan sepréné wong-wong Gibéon padha nindakaké pegawéané mau ana ing papan pangibadah sing dipilih déning Allah.



 <<  Yosua 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel