Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Zakharia 1 >> 

1Ing sasi kawolu ing taun kapindho jamané Dharius jumeneng raja, Pangéran ngandika marang Nabi Zakharia bin Bèrékia, putuné Idho mengkéné,

2"Aku Pangéran duka banget karo para leluhurmu.

3Mulané kandhakna karo umat Israèl, ‘Padha mratobata lan sowana Aku.’

4Kowé aja padha kaya leluhurmu. Dhèk jaman biyèn para nabi wis padha medharaké pangandika-Ku sing wosé mituturi supaya ninggala uripé sing ala lan aja nerus-nerusaké enggoné nglakoni dosa. Nanging para leluhurmu mau padha ora gelem ngrungokaké dhawuh-Ku lan padha ora ngèstokaké.

5Para leluhurmu lan para nabi mau saiki wis padha mati.

6Lantaran para abdi-Ku, para nabi, para leluhurmu wis Dakdhawuhi lan Dakélingaké, nanging padha ora ngrèwès, mula padha nampa paukumané. Wusana padha mratobat lan ngakoni yèn Aku, Pangéran, Allahé Kang Mahakwasa, sing ngukum kalawan adil, manut penggawéné."

7Ing taun kapindho jamané Dharius jumeneng raja, ing dina kaping patlikur, sasi ping sewelas (sasi Shébat), Pangéran paring pangandika ing sajroning wahyu, ing wayah bengi.

8Aku weruh ana malaékating Pangéran nitih jaran abang, mandheg ing antarané wit jambu keling sing ana ing lembah. Ing mburiné ana jaran telu sing ulesé abang, dhawuk lan putih.

9Aku matur marang malaékat mau, "Menapa tegesipun kapal-kapal menika sedaya?" Paring wangsulané, "Aku bakal nuduhaké apa tegesé kabèh mau!

10Gusti Allah ngutus jaran-jaran kuwi ndlajahi bumi lan mriksa kaanané."

11Jaran-jaran banjur padha lapur marang malaékat mau mengkéné, "Kula sampun ndlajahi bumi lan kawontenanipun sarwa memelas, mergi wontenipun panindhes."

12Malaékat mau banjur ngandika, "Dhuh Allah ingkang mahakwaos. Yérusalèm lan kitha-kitha ing tanah Yéhuda sepriki sampun pitung dasa taun laminipun enggèn Paduka ukum. Ngantos pinten laminipun enggèn Paduka badhé nindakaken piwales dhateng Yérusalèm lan kitha-kitha sanèsipun wau?"

13Pangéran paring wangsulan marang malaékat mau nganggo tembung panglipur,

14lan malaékat banjur ngandika karo aku, "Wartakna dhawuhé Pangéran Allah Kang Mahakwasa mengkéné, ‘Banget tresna-Ku marang Yérusalèm, kutha-Ku sing suci, mulané tansah Dakgatèkaké.

15Nanging Aku ora rena karo bangsa-bangsa sing rumangsa ayem-tentrem. Merga nalika Aku ngampet duka-Ku marang umat-Ku, bangsa-bangsa mau malah padha gawé aboting sangsarané umat-Ku.

16Mulané Aku wangsul menèh menyang Yérusalèm kanthi sih-kadarman. Pedaleman-Ku lan kutha kuwi bakal kabangun menèh.’"

17Malaékat mau iya dhawuh ngumumaké mengkéné, "Pangéran Kang Mahakwasa ngandika yèn kutha-kutha bakal padha makmur menèh lan Panjenengané bakal paring pitulungan marang Yérusalèm, sarta nganggep kutha kuwi kagungané piyambak."

18Ana ing wahyu liyané aku ndeleng ana sungu sapi lanang papat.

19Aku nyuwun pirsa marang malaékat sing ngandikan karo aku, "Menapa maknanipun sungu sekawan menika?" Paring wangsulané, "Kuwi mrelambangi pangwasa-pangwasané jagad sing mbuyaraké wong Yéhuda, wong Israèl sarta wong Yérusalèm."

20Pangéran nuli nedahi aku wong papat nggawa martil.

21Aku nyuwun pirsa, "Tiyang-tiyang menika sami badhé nindakaken menapa?" Paring wangsulané, "Tekané supaya gawé geteré bangsa-bangsa sing bakal padha ditumpes merga wis padha nindhes tanah Yéhuda lan mbuyaraké wong-wongé."



 <<  Zakharia 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel