Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Zakharia 12 >> 

1Iki wangsité Pangéran kanggo Israèl. Panjenengané kuwi Allah sing yasa langit lan nitahaké bumi, sarta paring urip marang manungsa. Pangandikané,

2"Yérusalèm bakal Dakdadèkaké kaya tuwung kebak anggur. Bangsa-bangsa sakubengé bakal padha ngombé, banjur gloyoran kaya wong mendem. Bangsa-bangsa mau bakal padha ngepung Yérusalèm lan kutha-kutha Yéhuda liyané.

3Nanging banjur tekan wektuné Yérusalèm Dakdadèkaké watu sing abot. Bangsa sing arep njunjung watu mau bakal ketaton. Bangsa-bangsa ing salumahing bumi bakal padha saiyeg nglumpukaké tenagané dadi siji kanggo nyerang Yérusalèm.

4Ing wektu kuwi sakèhé jarané bakal Dakgawé geter lan sing nunggangi Dakgawé édan kabèh. Wong Yéhuda bakal Dakreksa, nanging jarané mungsuhé bakal Dakgawé picak.

5Wong Yéhuda banjur bakal kandha siji karo sijiné, ‘Pangéran Allah Kang Mahakwasa wis paring kekuwatan marang umaté sing padha manggon ing Yérusalèm.’

6Ing wektu mau umat Yéhuda bakal Dakgawé kaya geni ana ing alas utawa ing sawah sing gandumé wis tuwa; kaya mengkono enggoné Yéhuda bakal nyirnakaké bangsa-bangsa ing sakubengé. Wong Yéhuda dhéwé bakal padha tetep manggon ing kutha mau kanthi slamet.

7Aku, Pangéran, bakal paring kamenangan, sing dhisik marang tentara Yéhuda, mula kaurmatan sing bakal ditampa déning para turuné Dawud lan para penduduké Yérusalèm ora ngungkuli kaurmatan sing diparingaké marang kekarèné Yéhuda.

8Ing wektu kuwi Pangéran bakal ngreksa para wong sing manggon ing kutha Yérusalèm; malah wong sing ringkih dhéwé bakal dadi rosa kaya Dawud dhèk biyèn. Para turuné Dawud bakal dadi penuntuné kaya Malaékaté Pangéran, iya kaya Pangéran piyambak.

9Ing wektu kuwi Aku bakal numpes saben bangsa sing arep nyerang kutha Yérusalèm.

10Aku bakal ngesokaké roh isi sih-rahmat lan pandonga marang anak-turuné Dawud lan wong-wong sing manggon ana ing Yérusalèm. Mulané bakal padha ndeleng wong sing wis disuduk dhéwé nganti mati, lan nangisi sing disuduk mau kaya wong sing nangisi anaké ontang-anting. Enggoné nangisi nganti kelara-lara kaya wong sing nangisi anaké mbarep.

11Ing wektu kuwi ing Yérusalèm bakal ana tangisan gedhé, kaya sing dianakaké kanggo Hadad-Rimon ana ing Lembah Megido.

12(12:12-14) Saben kulawarga bakal nganakaké tangisan kanggo kulawargané dhéwé; kulawarga turuné Dawud, turuné Natan, turuné Lèwi, turuné Simèi lan kulawarga liya-liyané. Saben kulawarga mau bakal nganakaké tangisan dhéwé-dhéwé, wong lanang dhéwé, lan wong wadon dhéwé."

13(12:12)

14(12:12)



 <<  Zakharia 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel